Menuju konten utama

7 Ide Karangan Liburan Keluarga ke Pantai dalam Bahasa Jawa

Temukan berbagai contoh karangan bahasa Jawa tentang liburan ke pantai yang menarik dan mudah dipahami, bisa jadi inspirasi untuk membuat tugas sekolah.

7 Ide Karangan Liburan Keluarga ke Pantai dalam Bahasa Jawa
Ilustrasi rekreasi anak ke pantai. FOTO/iStockphoto

tirto.id - Karangan bahasa Jawa tentang liburan ke pantai merupakan salah satu tema yang sering dipilih oleh siswa saat menulis tugas sekolah. Membuat karangan tak hanya melatih siswa untuk mengekspresikan ide dan perasaannya, tapi juga meningkatkan kemampuan literasinya.

Setiap musim liburan sekolah, banyak siswa yang mengunjungi berbagai objek wisata bersama keluarga. Pantai pun menjadi salah satu tujuan favorit saat liburan sekolah karena keindahan alam serta suasananya yang menyenangkan.

Kegiatan liburan ini bisa menjadi bahan karangan yang menarik dan bermakna. Di awal semester, guru-guru terkadang memberikan tugas kepada siswa untuk menuliskan pengalaman selama libur sekolah.

Melalui karangan bahasa Jawa tentang liburan ke pantai, siswa pun dilatih untuk menulis dalam bahasa daerah. Hal ini juga menjadi salah satu upaya untuk melestarikan bahasa Jawa sebagai kebudayaan lokal di lingkungan sekolah.

Ide Karangan Liburan Keluarga ke Pantai dalam Bahasa Jawa

Pantai Papuma

Ilustrasi Pantai. wikimedia/Free/Rizaldby

Ada banyak ide karangan bahasa Jawa tentang liburan ke pantai yang bisa disusun oleh siswa. Karangan ini cocok untuk latihan menulis dalam bahasa daerah untuk memenuhi tugas sekolah. Berikut beberapa contoh karangan bahasa Jawa tentang liburan sekolah:

Contoh 1 - Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan ke Pantai

Nalika preian sekolah, aku lan kulawargaku dolan menyang pantai. Kami nyiapake bekal lan budhal esuk nganggo mobil. Tekan pantai, aku lan adikku langsung dolanan banyu. Banyune seger banget, ombake ora gedhe, lan srengenge isih durung panas banget.

Wektu awan, aku lan kulawargaku nedha nganggo bekal sing dimasak ibu. Bapak sempat tuku es degan kanggo pelengkap. Sakwise kuwi, ibu tuku oleh-oleh wujud hiasan tembok saka cangkang kerang. Liburan keluarga menyang pantai kuwi nyenengake banget.

Contoh 2 - Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan ke Pantai

Liburan sekolah wingi, aku duwe pengalaman kang ora bakal tak laliake, kemah ing pantai bareng karo loro kakangku lanang. Pantaine ora adoh-adoh banget saka omah, mung butuh wektu kira-kira rong jam numpak motor.

Aku lan kakangku budhal sekitar jam loro awan, mula tekan pantai pas wayah sore. Hawane wis ora pati panas lan angin sepoy-sepoy nggawe swasana tambah nyenengake. Pantaine ora pati rame, nanging ana sawetara wong liya sing uga padha kemah, dadi ora krasa sepi banget.

Sawise nggelar tenda lan nata barang-barang, wayah wengi teka. Kakang-kakangku nyiapake iwak kanggo dibakar ing cedhak tenda nganggo kompor portabel. Ambune wangi banget, nggawe wetengku krucuk-krucuk.

Mangan iwak bakar ing pinggir pantai karo disambi ngrungokake swara ombak ing wayah wengi pancen pengalaman sing luar biasa. Nanging, nalika wayah turu, aku dadi rada wedi. Deru ombak ing wayah wengi jebul krungu medeni banget.

Aku angel banget merem, nganti meh subuh lagi bisa turu. Esuke, sawise tangi, aku lan kakang-kakangku isih nyempetake dolanan sedhela ing pantai, banjur mulih ing wayah awan kanthi nggawa kenangan sing ora bakal lali.

Wisata pantai saat libur Lebaran di Makassar
Seorang anak bermain ayunan di Pantai Indah Bosowa, Makassar, Sulawesi Selatan, Sabtu (5/4/2025).ANTARA FOTO/Hasrul Said/YU

Contoh 3 - Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan ke Pantai

Wektu liburan sekolah, aku diajak kulawargaku dolan menyang pantai. Aku seneng banget lan wis ora sabar arep dolanan banyu lan pasir. Esuk-esuk aku wis siap-siap, nggawa bekal, baju ganti, lan perlengkapan dolan.

Keluargaku budhal sekitar jam 8 esuk nganggo mobil, lan suasanane rame lan nyenengake. Nanging, ing tengah dalan, langite mendhung lan ora suwe banjur udan deres. Aku sempat kecewa lan sedih, mikir yen ora bakal bisa dolanan nang pantai.

Nanging aku tetep semangat lan ndedonga supaya udane cepet mandeg. Alhamdulillah, wektu tekan pantai, udane wis reda. Aku langsung dolanan banyu karo adikku, dolanan pasir, malah main bal ing pinggir pantai.

Sakwise dolanan, aku lan kulawargaku nedha sea food ing warung cedhak pantai. Rasane enak banget, utamane udang lan cumi-cumine. Dina kuwi dadi salah siji liburan sing paling nyenengake kanggo aku.

Contoh 4 - Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan ke Pantai

Liburan sekolah wektu iki krasa istimewa banget amarga aku ana kesempatan kumpul ing daleme eyang. Swasana anget lan rame langsung krasa sanalika aku teka. Ora mung eyang, kabeh sedulur sepupuku uga wis padha kumpul.

Sawijining sore, aku lan sedulur-sedulurku mutusake arep menyang pantai sing panggonane ora adoh saka daleme eyang. Kanthi semangat sing ngobar, aku lan sedulur-sedulurku rame-rame numpak motor.

Mesthi wae, aku lan sedulur-sedulurku dudu wong asli kana, dadi sempat kesasar kaping pirang-pirang. Sawise ngandelake Google Maps lan takon marang warga lokal, akhire aku teka ing panggonan sing dituju.

Sanalika ndeleng pantaine, aku lan sedulur-sedulurku kabeh gumun karo kaendahane. Wedhi putih resik ngebaki pinggir pantai, dihiasi wit-witan klapa sing mlambai-mlambai, lan ombak sing nggulung-nggulung kaya ngajak dolanan.

Aku lan sedulur-sedulurku banjur padha mlayu menyang pantai lan dolanan banyu. Wektu lumaku cepet banget, nganti ora krasa srengéngé wiwit angslup, nggawe pemandangan jingga sing apik banget ing langit.

Aku lan sedulurku kabeh meneng sedhela, nyawang kaendahan sore sadurunge mutusake bali menyang daleme eyang kanthi ati sing kebak rasa seneng.

Contoh 5 - Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan ke Pantai 2 Paragraf

Nalika preian sekolah kepungkur, aku diajak budhe lan sepupuku dolan menyang salah siji pantai ing Gunung Kidul. Perjalanan menyang kana lumayan suwe lan kudu liwat dalan sing muter-muter, munggah-mudhun gunung lan nembus alas cilik. Nanging aku tetep semangat, amarga iki pisanan aku dolan menyang pantai sing durung tau tak kunjungi sadurunge.

Wektu tekan pantai, aku langsung nyeker, mlaku-mlaku nang pinggir pantai karo dulurku, nggoleki kulit kerang lan main banyu. Ombak ing kono ora gedhe. Pasir ing pantai kuwi alus banget lan anget amarga disinari srengenge. Angine semilir, nggawe rasane ayem lan nyaman. Ibu ngelingake aku supaya ora nyampah, amarga njaga kebersihan iku penting banget.

Ilustrasi Bersantai

Ilustrasi di pantai. FOTO/iStockphoto

Contoh 6 - Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan ke Pantai 3 Paragraf

Dina Minggu, sawise sholat Subuh, aku lan keluarga budhal menyang pantai. Jarak pantai saka omahku kira-kira telung jam. Bapak nyopir mobil alon-alon, amarga dalan menyang pantai munggah mudhun lan menggok-menggok ngliwati bukit.

Nanging, ing tengah dalan, ana kedadeyan sing ora nyenengake. Dumadakan ban mobil bapak kempes. Kabeh padha kaget. Bapak langsung mandhegake mobil ing pinggir dalan. Aku lan ibu banjur mudhun saka mobil, ngenteni bapak sing lagi ngganti ban.

Alhamdulillah, sawise telung jam perjalanan, pungkasane tekan uga ing pantai. Tanpa mikir suwe, aku lan adiku langsung mlayu menyang banyu. Aku seneng banget bisa dolanan banyu ing pinggir pantai. Ibu lan bapak uga melu seneng-seneng, padha foto-foto kanggo kenang-kenangan.

Contoh 7 - Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan ke Pantai 5 Paragraf

Liburan semester wingi, aku lan kulawarga tindak plesiran menyang Yogyakarta. Kutha kang kawentar kanthi budaya lan pesona alame iki dadi pilihane bapak lan ibu amarga wis suwe kulawargaku kepengin ngrasakake liburan bareng ing panggonan sing istimewa.

Saksuwene sawetara dina ing kana, aku lan sedulur-sedulurku ora leren anggone dolan, ngunjungi papan-papan kang narik kawigaten. Wiwit saka Kraton Ngayogyakarta, Taman Sari, nganti Malioboro kang rame lan kebak pedagang. Saben dina ana wae pengalaman anyar kang nyenengake.

Salah siji pengalaman kang paling ora bisa lali yaiku nalika aku sakaluwarga menyang Pantai Parangtritis. Tekan pantai nalika awan, sanajan hawane krasa panas banget amarga srengenge pas ing ndhuwur sirah, nanging ora nyusutaké semangatku lan sedulur-sedulurku kanggo dolanan.

Aku langsung mlayu nyedhaki banyu lan ombak, banjur guyonan lan kejar-kejaran ing pinggir pantai. Sawise rada suwe dolanan banyu, bapak ngajak nyoba numpak andong kang wis antri ing pinggir pantai.

Rasane seneng banget bisa nyusuri indahe pantai karo numpak andong, angin segara ngelus-elus rai. Nalika wayah sore teka, langit wis mulai semburat abang, pertanda kudu bali. Sadurunge mulih, ibu nyempetake tumbas sawetara klambi batik minangka oleh-oleh.

Link Unduh Karangan Liburan Keluarga ke Pantai dalam Bahasa Jawa

BANGUNAN DI PULAU GILI TRAWANGAN

Ilustrasi Pantai. Foto/Istock

Menulis karangan bahasa Jawa sangat penting untuk melestarikan bahasa dan budaya lokal. Bagi para siswa, aktivitas ini membantu mengasah kemampuan berbahasa Jawa, mulai dari tata bahasa hingga pemilihan kata.

Selain itu, menulis karangan juga menjadi media ekspresi dan kreativitas. Guna memahami lebih jauh tentang karangan berbahasa Jawa, berikut beberapa contoh yang bisa dijadikan referensi untuk menyusun tugas sekolah:

Link Unduh Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan ke Pantai - 1

Link Unduh Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan ke Pantai - 2

Link Unduh Karangan Bahasa Jawa tentang Liburan ke Pantai - 3

Itulah beberapa contoh karangan bahasa Jawa tentang liburan ke pantai. Semoga contoh-contoh tersebut bisa menjadi inspirasi atau referensi bagi siswa yang sedang mencari ide untuk menulis karangan sendiri.

Selain melatih keterampilan berbahasa daerah, menulis tentang pengalaman liburan juga bisa menjadi cara yang menyenangkan untuk mengenang momen-momen indah bersama keluarga, teman, atau sekolah.

Baca juga artikel terkait LIBURAN SEKOLAH atau tulisan lainnya dari Erika Erilia

tirto.id - Edusains
Kontributor: Erika Erilia
Penulis: Erika Erilia
Editor: Erika Erilia & Yulaika Ramadhani