Menuju konten utama

Khutbah Jumat Bulan Ramadhan Bahasa Jawa Soal Lailatul Qadar

Contoh teks khutbah Jumat Bulan Ramadhan bahasa Jawa soal Lailatul Qadar beserta doa dan khutbah kedua bahasa Arab.

Khutbah Jumat Bulan Ramadhan Bahasa Jawa Soal Lailatul Qadar
Umat muslim melakukan shalat sunnat berjamaah ketika itikaf di Masjid Nasional Al-Akbar Surabaya, Jawa Timur, Rabu (6/6/2018). ANTARA FOTO/M Risyal Hidayat

tirto.id - Khutbah Jumat Ramadan bahasa Jawa, terutama jika disampaikan pada 10 hari terakhir bulan puasa,dapat membahas lailatul qadar. Malam yang dilukiskan lebih mulia daripada 1.000 bulan ini adalah malam yang penuh dengan keberkahan dan ampunan Allah untuk umat manusia.

Lailatul qadar dapat dicari pada 10 hari terakhir di bulan Ramadhan, terutama di tanggal-tanggal ganjil. Pada bulan puasa tahun ini, bagi kalangan Muhammadiyah yang memulai Ramadhan pada Senin, 11 Maret 2024, malam ke-21 puasa bertepatan dengan Sabtu, 30 Maret.

Sementara itu, bagi kalangan Nahdlatul Ulama (NU), malam ke-21 Ramadhan bertepatan dengan Minggu, 31 Maret.

Pada 10 malam terakhir Ramadhan, umat Islam dianjutkan untuk mengencangkan ikat pinggang dalam beribadah. Beberapa amalan sunnah yang dapat dikerjakan adalah tadarus Al-Qur'an, berdoa, bersedekah, i'tikaf di masjid, hingga qiyamul lail (shalat malam).

Contoh Khutbah Jumat tentang Lailatul Qadar Bahasa Jawa

Berikut ini contoh khutbah soal malam lailatul qadar dalam bahasa Jawa,

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Bismillaahirrahmaanirrahiim...

اَلْحَمْدُ للهِ الّذي فَتَحَ أَبْوَابَ الْجَنَّةِ فِي شَهْرِ رَمَضَانَ الَّذِيَ أُنزِلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِّنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لااِلهَ ‏اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةٌ تُنْجِي قَائِلَهَا مِنَ النِّيْرَانِ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلَى ‏آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أمَّا بَعْدُ. فَيَا أيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Allah Swt, Gusti ingkang Maha Kuwaos. Sholawat saha salam mugi katur konjuk dhumateng Nabi Agung Muhammad Saw. keluargi, sahabat, lan tiyang-tiyang ingkang ndherek panjenenganipun ngantos dinten kiyamat. Amma ba'du...

Kaum muslimin jamaah salat Jumat, rahimakumullah,

Tiyang ingkang paling mulya wonten ngarsanipun Allah SWT. inggih menika tiyang-tiyang ingkang tansah taqwa. Pramila mekaten, sumangga kita sami takwa dhumateng Allah SWT. kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun lan nebihi sedoyo awisanipun.

Wonten ing kalodhangan ingkang barokah punika, Khatib badhe ngaturaken khutbah babagan lailatul qadar.

Kaum muslimin jamaah salat Jumat, rahimakumullah,

Laylatul Qadar minangka salah sawijinipun dalu paling mulya ingkang dipuntenggo lan dipuncawisi dening umat Islam ing wulan Ramadhan. Laylatul qadar menika sawijinipun dalu ingkang luwih utama tinimbang 1000 wulan. Gusti Allah swt. wonten ing surat Al-Qadr ayat 2-3 dhawuh mekaten:

وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ لَيْلَةُ الْقَدْرِ ەۙ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ

Arab Latin:

Wa mā adrāka mā lailatul-qadr(i). Lailatul-qadri khairum min alfi syahr(in).

Artosipun:

"Lan sira ngerti apa iku lailatulqadar? [2] Lailatulqadar iku luwih becik tinimbang sewu wulan [3]," (QS. Al-Qadr [97]: 2-3).

Laylatul Qadar ngemot kathah kamulyan ingkang mboten wonten ing wektu sanesipun. Pramila mekaten, umat Islam dipun anjuraken nindakaken maneka warni amal soleh.

Wonten sekawan kamulyan Laylatul Qadar ingkang badhe khatib aturaken.

Sepisan, lailatul qadar ingin menika dalu nalika Al-Qur'an dipun andhapaken saking Lauh Mahfuz dugi Baitul Izzah (langit donya). Allah Swt. nerangaken perkara menika wonten ing Surat Al-Qadr ayat 1 kados mekaten:

اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ

Arab Latin:

Innā anzalnāhu fī lailatil-qadr(i).

Artosipun:

"Satemene Ingsun wus nurunake [Al-Qur’an] marang Lailatulqadar,” (QS. Al-Qadr [97]: 1).

Kaping kalih, wonten ing lailatul qadar, mboten kaetang malaekat ingkang mandhap wonten ing bumi menika. Allah Swt. mbabar perkara menika wonten ing Surat Al-Qadr ayat 4-5 kados mekaten:

تَنَزَّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۚ مِنْ كُلِّ اَمْرٍۛ [4] سَلٰمٌ ۛهِيَ حَتّٰى مَطْلَعِ الْفَجْرِ ࣖ [5]

Arab Latin:

Tanazzalul-malā'ikatu war rūḥu fīhā bi'iżni rabbihim min kulli amr(in). Salāmun hiya ḥattā maṭla‘il-fajr(i).

Artosipun:

"Ing dalu iku para malaikat tumurun lan Rūḥ (Jibril) kanthi idin saka Pangerane kanggo nata kabeh urusan. [4] Rahayu [wengi] nganti subuh [5],” (QS. Al-Qadr [97]: 3-5).

Kaping tiga, lailatul qadar ingin menika dalu nalika Allah nemtokaken sedaya kahanan kagem warso sak lajengipu. Gusti Allah wonten ing surat Ad-Dukhan ayat 4 dhawuh mekaten:

فِيْهَا يُفْرَقُ كُلُّ اَمْرٍ حَكِيْمٍۙ

Arab Latin:

Fīhā yufraqu kullu amrin ḥakīm(in).

Artosipun:

“Ing dalu iku [Lailatul Qadar] kabeh kang kebak hikmah diterangake,” (QS. Ad-Dukhan [44]: 4).

Kaping sekawan, lailatul qadar inggih menika dalu ingkang kebak maghfirah (ampunan) saking Allah SWT. Rasulullah Saw. nate dawuh ing salah setunggalipun hadis kados mekaten:

مَنْ قَامَ لَيْلَةَ الْقَدْرِ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

Artosipun:

"Sing sapa sholat ing wengi Lailatul Qadar kanthi iman lan ngarep-arep ganjaran, dosa-dosane sing wis kepungkur bakal diapura," (H.R. Imam Bukhari).

Kaum muslimin jamaah shalat Jumat, rahimakumullah,

Mboten wonten ingkang mangertos kapan dalu Lailatul Qadar bakal maujud. Rasulullah namung maringi pitedah babagan kapan kinten-kinten Laylatul Qadar saged maujudu wonten ing 10 dalu pamungkasing wulan Ramadhan.

‎تَحَرَّوْا لَيْلَةَ الْقَدْرِ فِيْ الْوِتْرِ مِنَ الْعَشْرِ الْأَوَاخِرِ مِنْ رَمَضَانَ

Artosipun:

“Madosi Laylatul Qadar ing tanggal ganjil ing sepuluh wulan pungkasan Ramadhan,” (HR. Bukhari).

Tanggal ganjil ing 10 dina pungkasan Ramadhan inggih menika dalu 21, 23, 25, 27 lan 29 Ramadhan. Kajaba menika, Nabi Muhammad. ugi paring pitedah babagan tanda-tanda alam ingkang kadadosan wonten ing dalu Lailatul Qadar.

لَيْلَةُ القَدَرِ لَيْلَةٌ سَمْحَةٌ طَلَقَةٌ لَا حَارَةً وَلَا بَارِدَةً تُصْبِحُ الشَمْسُ صَبِيْحَتُهَا ضَعِيْفَةٌ حَمْرَاء

Artosipun:

"Lailatul Qadar iku wengi kang kebak gampang lan kabecikan, ora panas banget lan ora adhem banget, ing wayah esuk srengenge ora padhang lan katon abang". (HR. Ath-Thayalisi lan Al Baihaqi ing Syu'abul Iman).

Kaum muslimin jamaah salat Jumat, rahimakumullah,

Mekaten khutbah babagan dalu Lailatul Qadar. Sumangga kita saged ngisi 10 dalu pamungkasan Ramadhan kanthi amalan taqwa kadosta maos Al Qur'an, Sholat Tahajjud, iktifad ing masjid, lan nyuwun pangapunten dhumateng Allah SWT.

Mugi-mugi bab ingkang sampun kaandharaken punika saged manfaat tumrap khotib lan jamaah sedaya. Mugi-mugi Allah SWT. remen kalih tumindak kita wonten ing wulan Ramadhan menika. Amin, Allahumma, amin.

بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ ‏الْعَلِيْمِ.‏

Khutbah II

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا ‏عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًااَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ ‏اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ ‏يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ ‏سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ ‏الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ ‏وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ ‏الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً ‏وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ‎.‎

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ‎. ‎عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ ‏وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

Baca juga artikel terkait RAMADHAN 2024 atau tulisan lainnya dari Syamsul Dwi Maarif

tirto.id - Edusains
Kontributor: Syamsul Dwi Maarif
Penulis: Syamsul Dwi Maarif
Editor: Fitra Firdaus