Menuju konten utama

Contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 dan Jawaban

Kumpulan contoh soal PTS atau UTS Bahasa Jawa kelas 10 semester 1 dan jawabannya dalam artikel ini bisa dijadikan latihan untuk menghadapi ujian.

Contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 dan Jawaban
Ilustrasi Belajar di Rumah. foto/Freepik

tirto.id - Kumpulan contoh soal PTS atau UTS Bahasa Jawa kelas 10 semester 1 dan jawabannya ini bisa dijadikan latihan untuk menghadapi ujian Penilaian Tengah Semester atau Ujian Tengah Semester 2024 yang akan berlangsung sebentar lagi.

PTS atau UTS adalah momen untuk mengevaluasi hasil pembelajaran yang sudah dilakukan di kelas selama setengah semester. Selain itu, PTS atau UTS bisa dijadikan bahan evaluasi bagi para tenaga pendidik untuk mengetahui apakah metode pembelajaran yang diterapkan untuk para peserta didik sudah efektif atau belum.

Sejumlah satuan pendidikan di sejumlah provinsi sudah menjadwalkan pelaksanaan ujian Penilaian Tengah Semester Gasal TA 2024/2025. Jadwal ujian PTS Semester Gasal atau semester satu TA 2024/2025 tingkat SD, SMP, SMA, dan SMK atau sederajat diagendakan pada ahir September 2024 serta pekan pertama atau kedua bulan Oktober 2024.

Salah satu materi pelajaran yang akan diuji dalam PTS atau UTS untuk kelas 10 semester 1 adalah Bahasa Jawa. Sebagai bahan persiapan menghadai PTS atau UTS, berikut ini akan diuraikan materi Bahasa Jawa kelas 10 semester 1 serta berbagai soal Bahasa Jawa kelas 10 semester 1.

Materi Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1

Ilustrasi Modul ajar

Ilustrasi Modul ajar. FOTO/iStockphoto

Berikut ini rangkuman materi Bahasa Jawa kelas 10 semester 1 yang bisa dijadikan bahan referensi untuk mengingat kembali berbagai materi mata pelajaran Bahasa Jawa yang sudah diajarkan di kelas selama setengah semester:

A. Struktur Teks Artikel

Mujudake gegambaran kepriye artikel kasebut diwangun. Bisa kokjingglengi sawijine artikel kasusun kanthi struktur : pambuka, isi, dudutan.

Panulise artikel kudu migatekake isine gagasan utawa ide ilmiahe. Gagasan ilmiah iku bisa disumurupi saka substansi gagasane lan alur ilmiah ing artikel kasebut.

Miturut teorine, wewatakan lan pamangune sawijine artikel bisa njalari jinise artikel bisa kaperang dadi :

1. Artikel Ekploratif

Artikel eksploratif yaiku artikel sing ngandharake kanyatan-kanyatan miturut panalare panulis. Jinis iki pas banget kanggo ngandharake temon-temon anyar. Tuladhane ana sawijine pawongan nemokake barang-barang antik.

2. Artikel Eksplanatif

Eksplanatif tegese njelasake. Artikel eksplanatif yaiku artikel sing isine nerangake sawijine masalah sing bisa dipahami dening sing maca.

3. Artikel Deskriptif

Deskriptif yaiku artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud opini

4.Artikel Prediktif

Artikel prediktif yaiku artikel sing isine petungan utawa ramalan apa kang dumadi ing mangkone manut petungane panulise.

5. Artikel Preskriptif

Artikel preskriptif yaiku artikel sing menehi tuntunan tumrap sing maca kanggo nindakake sawijine pakarya sahingga ora kliru utawa salah anggone nindakake

B. Ukara Lamba

Miturut akeh sithike rerangkene tembung, ukara dibedakake dadi rong ukara yaiku ukara lamba lan ukara camboran. Ukara lamba diarani uga ukara tunggal, yaiku ukara kang gagasane mung siji kang dumadi saka Jejer (J) lan Wasesa (W).

C. Ukara Camboran

Ukara camboran yaiku yaiku ukara kang gagasane luwih saka siji, Jejer (J), Wasesa (W), Lesan (L) utawa Katrangan (K) luwih saka siji.

D. Jinis Carita Wayang

Jinis lan sumbere carita wayang bisa kaprinci kaya ing ngisor iki:

  • Wayang Purwa - Epos Ramayana / Maha Bharata (India): Wujud boneka - kulit
  • Wayang Madya - Epos Maha Bharata (Jawa): Wujud boneka - kulit
  • Wayang Golek - Epos Ramayana / Maha Bharata (India): Wujud boneka - kayu
  • Wayang Gedhog - Epos Maha Bharata (Jawa): Wujud boneka - kulit
  • Wayang Krucil - Epos Damar Wulan: Wujud boneka kayu
  • Wayang Beber - Epos Panji: Wujud boneka – kulit
  • Wayang Sadat - Mitos Para Wali (Islam): Wujud boneka – kulit
  • Wayang Wahyu - Mitos Nabi/ Santa (Kristen): Wujud boneka – kulit
  • Wayang Kancil - Dongeng / fabel (Jawa): Wujud boneka – kulit
  • Wayang Pembangunan - Indonesia Pos-Kolonial: Wujud boneka - kulit
  • Wayang Wong - Epos Ramayana / Maha Bharata (India): Wujud wong
  • Wayang Topeng - Epos Maha Bharata (India) : Wujud wong mawa topeng

E. Undha-usuke Basa Jawa

Undha-usuke basa Jawa saiki cukup kaperang dadi 2 (loro), yaiku:

1. Basa ngoko, wujude arupa ngoko lugu lan ngoko alus.

  • Ngoko Lugu, wujud basane kanthi tembung-tembung ngoko kabeh, ora kacampuran tetembungan krama.
  • Ngoko Alus, kang wujude kanthi nggunakake tembung-tembung basa ngoko, dicampuri tetembungan krama inggil sawatara. Tembung-tembung krama sing ana, digunakake kanggo aweh pakurmatan marang mitra wicara. Dene tembung sing perlu dikramake yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke.

2. Basa krama, dumadi saka basa krama lugu lan krama alus (inggil).

  • Krama Lugu. Wujude tetembungan arupa tembung-tembung krama lugu, ora dicampuri krama inggil apadene ngoko. Basa krama lugu nduweni watak ngajeni marang sing diajak guneman nanging kurang utawa ora nemen bab aluse. Ing kene, tambahan ater-ater lan panambang nalika ndhapuk tembung. kudu dikramakake.
  • Krama Alus. Perangan basa Jawa iki nggunakake basa sing luwih alus lan ngajeni banget, wujude basa krama kacampuran tembung krama inggil. Dene tembung sing perlu dikramakake, yaiku: wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke. Ana kene, awake dhewe (pamicara) ora kena dikramakake inggil

F. Teks Lakon

Teks lakon nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka:

1. Jejer (orientasi), yaiku perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure.

2. Pasulayan (komplikasi). yaiku dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, lan3. Pangudhare prakara (resolusi), yaiku pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah.

Teks lakon katulis kanthi bleger kang dumadi saka:

1. Tokoh (pawongan sing kagambarake watak lan lakune).

2. Antawacana (gunemane para takoh).

3. Swasana (latar, busana, paes).

4. Pituduh laku (tingkah sing kudu ditindakake paraga).

Contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1

Setelah membaca berbagai materi Bahasa Jawa kelas 10 semester 1, sekarang saatnya berlatih mengerjakan soal-soal PTS Bahasa Jawa tersebut.

Berikut adalah kumpulan contoh soal Bahasa Jawa kelas 10 semester 1:

1. Strutur saka teks artikel kasusun saka, kajaba...

a. Pambuka

b. Isi

c. Dudutan

d. Panutup

Jawaban: d

2. Tulisan kang isine panemu, ide utawa fakta kang tarkadhang nglelipur, ndhidhik utawa nyaruwa sawijine babagan diarani ...

a. Teks wayang

b. Teks artikel

c. Cerkak (cerita cekak)

d. Teks profil

Jawaban: b

3. Tulisan kang didhapuk kanggo nerangake utawa njlentrehake sawijine babagan marang pamaos. Ik ingaranan artikel ...

a. Eksplanatif

b. Preskriptif

c. Dheskriptif

d. Eksploratif

Jawaban: a

4. Sing ora kalebu ciri-ciri saka artikel yaiku ...

a. Tulisane cekak, padhet, cetha lan pembahasane jangkep lan tuntas

b. Sumbere saka fakta kang ana

c. Basane mentes, ora dawa ngambra-ambra

d. Isi kang disampekake cudnhuk klawan fakta kang diolehi saka nara sumber

Jawaban: c

5. Artikel preskriptif yaiku ...

a. Tulisan kang didhapuk kanggo nggambarake sawijine prekara kang pinuju dumadi ing madyaning bebrayan

b. Artikel kang ngemot sawijine babagan kang sipate arep utawa durung dumadi, miturut analisa di penulis

c. Artikel kang aweh tuntunan marang pamaos kanggo nindakake sawijine babagan saengga ora ngalami kekeliruan

d. Tulisan kang isine ndungkapape fakta-fakta miturut pamawase si penulis

Jawaban: c

6. Lumrahe Makalah Panaliten iku didungkapake sajrone artikel ...

a. Preskriptif

b. Predhiktif

c. Eksplanatif

d. Eksploratif

Jawaban: d

7. Artikel kang ngemot sawijine babagan kang sipate arep utawa durung dumadi. Iki ingaranan artikel ...

a. Predhiktif

b. Dheskriptif

c. Preskriptif

d. Eksplanatif

Jawaban: a

8. Sing kalebu tuladhane artikel deskriptif yaiku ...

a. Mboboti sayembara perang lebur kena aji Narantaka

b. Terapi banyu putih

c. Sanksi kepala dhaerah

d. Sesambungan karo tanah leluhur ora bisa pedhot

Jawaban: c

9. Artikel “Godhong Murbei Tamba Asam Urat lan Kencing Manis” didungkapake sajrone artikel ...

a. Eksploratif

b. Preskriptif

c. Predhiktif

d. Eksplanatif

Jawaban: b

10. Tegese wayang wong yaiku ...

a. Nggambarake kisah bab kitab Mahabarata kanthi inti cerita perang “Barata Yuda”

b. Nggambarake kisah kerajaan lan kang dadi paragane diperanake dening pawongan

c. Paraga wayang iki kabeh migunakake topeng ing pasuryan utawa wadanane

d. Wayang kang dumadi saka adegan-adegan kang dilukis ing kain alus

Jawaban: b

11. “Predhiksi asil tetandhingan bulu tangkis nasional” iku didungkapake sajrone artikel ...

a. Eksploratif

b. Dheskriptif

c. Predhiktif

d. Preskriptif

Jawaban: c

12. Seni pagelaran (tontonan) asli Indonesia kang banget ngrembaka ing pulo Jawa lan Bali yaiku ...

a. Kethoprak

b. Ludruk

c. Teater

d. Wayang

Jawaban: d

13. Cerita wayang kang mujudake kabecikan lan kaelekan kang nggambarake kawengisan Kolonialis Walanda njajah Indonesia, ingaranan wayang ...

a. Wayang purwa

b. Wayang gedhog

c. Wayang suluh

d. Wayang topeng

Jawaban: c

14. Artikel “Dolanan Tradisional Nyenengake Luwih Murah lan Guyub” didungkapake sajrone artikel ...

a. Ekpsloratif

b. Eksplanatif

c. Dheskriptif

d. Predhiktif

Jawaban: b

16. Pawongan sing nglakokake pagelaran wayang diarani ...

a. Sutradara

b. Dhalang

c. Sindhen

d. Produser

Jawaban: b

16. Dewi kunti nduweni putra sing diarani ...

a. Pandhawa

b. Kurawa

c. Punakawan

d. Kresna

Jawaban: a

17. Cara khas sawijine pengarang sajrone ndungkapake ide utawa gagasan liwat crita arane ...

a. Tema

b. Paraga

c. Gaya basa

d. Sudut pandhang

Jawaban: c

18. Dasanamane raden Puntadewa yaiku ...

a. Bratasena

b. Senggana

c. Yudhistira

d. Janaka

Jawaban: c

19. Ing cerita pawayangan paraga nduweni pamaragan sing nduweni teges ...

a. Mujudake indhividu kang nduweni peran sajrone crita

b. Pokok pikiran utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita

c. Rerangken prastawa kang didhapuk adhedhasar hukum kausalitas

d. Solah bawa utawa sipate saka paraga ing lelakone

Jawaban: d

20. Sing kalebu paraga tritagonis sajrone crita Ramayana yaiku ...

a. Raden rama

b. Rahwana

c. Anoman

d. Kresna

Jawaban: c

21. Ing crita pewayangan Mahabaratha, pandhawa lan kurawa nduweni guru sing jenenge ...

a. Bisma

b. Kresna

c. Drona

d. Pandu

Jawaban: c

22. Raden Gathutkaca iku putra saka raden ...

a. Werkudara

b. Permadi

c. Yudhistira

d. Duryudana

Jawaban: a

23. Pokok pikiran utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita kang arep disampekake pengarang liwat rerangkene crita arane ...

a. Paraga

b. Pamaragan

c. Tema

d. Plot/alur

Jawaban: c

24. Wayang suluh sinebut uga kanthi julukan ...

a. Wayang drama

b. Wayang ludurk

c. Wayang kethoprak

d. Wayang sandiwara

Jawaban: d

25. Sing kalebu unsur intrinsik teks pewayangan, kajaba ...

a. Gaya basa

b. Situasi sosial

c. Sudut pandang

d. Pamaragan

Jawaban: b

Baca juga artikel terkait CONTOH SOAL PTS atau tulisan lainnya dari Lucia Dianawuri

tirto.id - Edusains
Kontributor: Lucia Dianawuri
Penulis: Lucia Dianawuri
Editor: Yulaika Ramadhani