Menuju konten utama

25 Soal Ujian Sekolah Kelas 6 Bahasa Jawa dan Jawabannya

Contoh soal ujian Sekolah (US) Bahasa Jawa Kelas 6 SD dan jawaban dapat dipakai belajar siswa. Berikut kumpulan soalnya.

25 Soal Ujian Sekolah Kelas 6 Bahasa Jawa dan Jawabannya
Sejumlah murid SD Negeri Kota Baru mengikuti Ujian Penilaian Akhir Sekolah di Bekasi, Jawa Barat, Senin (8/6/2021). ANTARA FOTO/Fakhri Hermansyah/wsj.

tirto.id - Contoh soal ujian Sekolah (US) Bahasa Jawa Kelas 6 SD dan jawaban dapat dipakai belajar siswa. Sebagai persiapan, para siswa membutuhkan bahan belajar yang komprehensif untuk memahami seluruh materi Bahasa Jawa yang telah diajarkan.

Kisi-kisi, contoh soal, dan kunci jawaban merupakan sumber belajar yang sangat bermanfaat untuk membantu siswa dalam memahami konsep-konsep penting dalam Bahasa Jawa dan melatih kemampuan mengerjakan soal.

Kisi-Kisi Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa Kelas 6 SD

Berikut ini adalah daftar kisi-kisi soal ujian sekolah Bahasa Jawa kelas 6 SD:

  • Geguritan bertema Budi Pekerti
  • Cerita wayang tentang tokoh Yudhistira
  • Teks nonsastra tentang tradisi
  • Sandhangan swara (wulu, suku, pepet, taling, taling tarung)
  • Teks Pidato
  • Cerita wayang Pandawa “Karna Madeg Senopati”
  • Bacaan deskriptif tentang peristiwa alam dalam ragam ngoko
  • Pasangan huruf Jawa
  • Teks deskripsi tentang peristiwa budaya
  • Teks Cerita Gathutkaca Gugur
  • Teks bacaan deskriptif tentang peristiwa alam dalam ragam ngoko
  • Tentang tembang
  • Cerita Rakyat (Sage)
  • Tembang Gambuh
  • Tembang Pangkur
  • Cerita Legenda.

Contoh Soal Ujian Sekolah Kelas 6 Bahasa Jawa dan Jawabannya

1. Bagean layang nomer 10 isine ...

a. Papan lan titi mangsa

b. Peprenah

c. Tandha tangan

d. Jeneng cetha

Jawaban: d

2. Ukara ngisor iki minangka perangane layang bagean panutup kanggo wong sing luwih tuwa sing paling bener yaiku ...

a. Dakkira cukup semene dhisik, menawa ana clathuku kang ora beber sing gedhe pangapurane

b. Kulo kinten cekap semnaten rumiyin, menawi woten luputku aku nyuwun pangapura.

c. Dakkira cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.

d. Wasana cekap semanten rumiyin, Eyang, mbenjing menawi wonten wekdal keng wayah sowan.

Jawaban: d

3. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!

(1) Dhele kang wis lembut banjur disaring.

(2) Sawise digodhog empuk, bajur dilembutake.

(3) Dhele dikumbah resik, banjur digodhog ngenti empuk.

(4) Pathi tahu banjur dipres lan dicithak, yen wis adhem diirisi manut kabutuhan.

(5) Asile saringan banjur dadi pathi tahu.

Urutan pituduh carane gawe tahu sing bener yaiku ...

a. (3) - (1) - (2) - (4) - (5)

b. (3) - (2) - (1) - (5) - (4)

c. (3) - (2) - (1) - (4) - (5)

d. (3) - (5) - (4) - (1) - (2)

Jawaban: b

4. Gatekna ukara-ukara ngisor iki!

(1) Kanthi kasarasan manungsa bisa nindakake samubarang.

(2) Kajaba kanugrahan kang arupa kasarasan, wiwit lair manungsa uga kaparingan akal budi.

(3) Kabeh wong urip mesti kepengin sehat/saras.

(4) Mula akeh sing ngarani kasarasan iku kanugrahan kang gedhe.

Ukara-ukara kasebut bakal dadi paragraf sing becik kanthi urutan ...

a. (3) - (4) - (1) - (2)

b. (3) - (1) - (4) - (2)

c. (3) - (4) - (2) - (1)

d. (1) - (3) - (4) - (2)

Jawaban: b

5. Adhiku seneng ... Buwah melon.

Tembung kang cocok kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ...

a. Dhahar

b. Nedha

c. Mangan

d. Mundhut

Jawaban: c

6. Kula dereng ...griyane Amelia.

Unggah-ungguh kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ...

a. Ngerti

b. Ngertos

c. Pirsa

d. Weruh

Jawaban: b

7. Dina Minggu wingi aku karo kanca-kancaku padha dolan menyang omahe Lina. Tekan omahe Lina ditampa karo ibune. Ibune Lina ngendika menawa Lina lagi wae didhawuhi menyang daleme mbahe. .....................

Ora let suwe Lina teka nggawa rambutan akeh banget. Karo ibune rambutan iku didhawuhi mbagi aku sakanca.

Ukara kang jumbuh kanggo ngganepi paragraf ing dhuwur mawa unggah-ungguh sing bener yaiku ...

a. Aku sakanca diaturi mlebu lungguh nunggu Lina.

b. Aku sakanca diaturi mlebu lenggah nunggu Lina.

c. Aku sakanca didhawuhi mlebu lungguh nunggu Lina.

d. Aku sakanca didhawuhi mlebu lenggah nunggu Lina.

Jawaban: c

Gatekna geguritan iki kanggo pacandan nggarap soal nomer 8-9!

Simbok

Dak arasa astamu ing wanci dalu

nalika awakmu ngelus sirahku

Lan nembangke tembang kang endah

swaramu nandes jrone kalbu

Aku ora bakal lali

Marang dhawuhmu kang merak ati

Thole . . . Aja tau nglarani ati

Dhawuhmu bakal tak pundhi

8. Dak-arasa asatmu ing wanci dalu.

Tegese tembung kang digarsi ngisore ana ing ukara kasebut yaiku ....

a. Dak-sawang

b. Dak-remet

c. Dak-cekel

d. Dak-ambung

Jawaban: d

9. Aku ora bakal lali

Kosok baline tembung sing digaris ngisore yaiku ...

a. Ngerti

b. Kasupen

c. Eling

d. Ilang

Jawaban: a

Wacanen teks ing ngisor iki kanggo pancadan nggarap soal nomer 10-13!

Dolan Menyang Taman Maerakaca

Nalika preinan, Bawa, Asti, Puji, lan bapak ibune piknik. Bawa sakulawarga padha piknik mengyang Taman Maerakaca. Bawa topina, nyangklong tustel ing pundhake, lan nganggo tas pinggang. Wah, kaya wartawan cilik.

"Mas, aku difoto," panjaluke Asti adhine.

Asti lan Puji padha rangkulan difoto dening Bawa. Bapak ibune mung ngawasi solah tingkahe putrane. Jeprat-jepret, pindhah kana pindhah kene. Sakulawarga padha eksen. Bawa dadi juru potret kaya fotografer.

10. Manut isine wacan topik kang cocok yaitu :

A. Kesenengan

B. Pariwisata

C. Kabudayan

D. Prastawa

Jawaban: b

11. Sipate paraga Asti lan Puji ana ing wacan ing dhuwur yaiku ...

A. Aleman

B. Blater

C. Rukun

D. Kemayu

Jawaban: c

12. Manut sandhang panganggonane, Bawa iku kaya wartawan clik.

Tegese tembung sing digaris ngisore ana ing ukara kasebut yaiku ....

A. Tukang golek warta utawa kabar

B. Tukang golek gambar

C. Tukang foto

D. Tukang nggambar

Jawaban: a

13. Amanat utawa pesen kang bisa kapethik saka wacan ing dhuwur yaiku ...

A. Sing sapa seneng piknik bakale mundhak akeh kanca

B. Manungsa iku perlu ngaso kanggo ngleremke pikir, mula padha seneng-senenga.

C. Wisata kulawarga iku bisa gawe pikiran dadi padhang, kulawarga katon rukun, kanggone negara nama asil kanggo nglancarake pembangunan.

D. Kabeh wong iku butuh papan kanggo gawe seneng ati, mulane yen preinan padha dolan.

Jawaban: c

Semaken crita rakyat ngisor iki, minangka pancadan nggarap soal nomor 14-17!

Tembalang kuwi jenenge desa ing tlatah kuta Semarang.

Kacarita ing sawijining dina Pangeran Pandhan Arang didherekake para santri njajah desa milangkori. Anggone tindak munggah mudhun pareden. Ing kono ana kampung sing durung akeh pendhudhuke ana sumber banyu utawa tuk cacah sanga kang nganeh-anehi. Banyune mundhak dina mundhak gedhe metune. Saya suwe kahanane ndrawasi. Wong kampung padha was sumelang, kuwatir kampunge keleban banyu. Para warga padha ngupaya nambal tuk mau. Nanging saben ditambal, ora let suwe tambalane ilang. Banyune mili maneh saya gedhe.

Mangkono sateruse nganti wong sekampung padha bingung.

Nalika wong-wong kampung padha judheg, Pangeran Pandhan Arang banjur age-age lungguh sila nyenyuwun marang ngarsane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ora let suwe tuk-tuk mau padha mampet. Mung kari siji sing isih milil. Pangeran Pandhan Arang ngendika manawa tuk siji sing isih mili kuwi kanggo kabutuhane wong sekampung. Pangeran Pandhan Arang uga pesen, yen kampung kono kuwi kudu dijenengei Tembalang, sing tegese tambalne ilang

14. Kang dadi undheraning crita ing dhuwur yaiku ...

A. Sumber banyu utawa tuk

B. Lakune Pandhan Arang

C. Nambal tuk

D. Rasa was sumelang para warga

Jawaban: a

15. Latar panggonan kedadeane prakara ana ing ...

A. Pareden

B. Alas

C. Desa Tambalang

D. Kutha Semarang

Jawaban: c

16. Sipat utawa watake paraga Pangeran Pandhan Arang ing crita dhuwur yaiku ...

A. Jujur

B. Sekti

C. Sabar

D. Narima

Jawaban: b

17. Saka wacan crita rakyat ing dhuwur bisa kapethik pesen ....

A. Manungsa mung sadrema nglakoni

B. Manungsa nampa apa kang diparingiake saka Gusti Kang Maha Agung

C. Sakabahing lelakon dipasrahake marang sing Kuwasa

D. Manungsa bisa mbudidaya, sing Kuwasa sing nemtokake

Jawaban: d

Wacanen tesk ngisor iki! Minangka pancadan kanggo nggarap soal nomer 18-21

Nandur Tanpa Lemah

Ora kaya biasane nenandur nggunaake lemah. Saiki ana cara anyar, nandur tanduran tanpa lamh, nandur kanthi cara hidroponik. Nenandur kanthi nggunaake krikil, pecahan gendheng, pasir kali, gabus putih. Pokoke barang sing duwe pori-pori.

Cara iki dianggep praktis. Ana ing kutha-kutha sing pancen ora duwe papan sing jembar. Ibu-ibu nandur kembang kasenengane kanggo hiasan ruangan ana ing pot tanpa nganggo lemah.

Hidroponik akeh dipilih wong sing seneng nenandur ana pot, sebab cara iki dianggep praktis lan resik. Saliyane iku, hidroponik uga bisa ndadekake usaha sing produktif lan bisa nambah asil sing luwih gedhe. Umpamane nandur kembang anggrek, anyelir, mawar, Kaktus lan liya-liyane dadi tanduran sing favorit.

18. Apa kang diarani hidroponik iku?

A. Nenandur tanduran favorit.

B. Nenandur ana ing lemah.

C. Nenandur ana ing pot.

D. Nenandur tanpa lemah.

Jawaban: D

19. Kenangapa nandur cara hidroponik disenengi wong sing urip ana ing kutha?

A. Praktis, produktif, asil luwih gedhe.

B. Bisa kanggo usaha produktif.

C. Bisa nambah asil sing luwih gedhe.

D. Tanduran hidroponik bebas penyakit lan ama.

Jawaban: A

20. Kepriye tanggapane para ibu sing seneng nandur ing pot?

A. Akeh sing ora setuju, amarga asile mung sethithik.

B. Akeh sing ora pati sarujuk, amarga mung kena kanggo nandur tanduran kembang.

C. Akeng sing seneng, amarga dianggep praktis, resik.

D. Akeh sing seneng, amarga asile luwih akeh tinimbang sing ditanduri ing lemah.

Jawaban: C

21. Pranyatan kang jumbuh karo wacan ing dhuwur yaiku ....

A. Tanduran sing bisa ditandur kanthi cara hidroponik kayata: melon, semangka, la strowbery.

B. Nandur kanthi cara hidroponik iku bahan sing dianggo nenadur barang sing duweni pori-pori.

C. Nandur kanthi cara hidroponik iku nenadur sebangsane kembang ana ing pot.

D. Nandur kanthi cara hidroponik iku mbutuhake papan kang jembar.

Jawaban: D

Gatekno perangan sesorah ngisor iki!

Bapak ibu ingkang minulya ing budi, kanca-kanca sing daktresnani.

Kulo ngaturaken agenging panuwun awit sampun kapilih dados ketua panitia class meeting. Tentu kemawon ayahan kula punika saged kaleksanan inggih awit panyengkuyungipun bapak/ibu dalasan para kanca. Mugi-mugi kasaenan panjenengan kalawau pikantuk piwales saking Gusti Ingkang Maha Agung.

tujuwanipun class meeting boten sanes namung kangge ngindhakaken boboting karukunan. Pramila bombong manah kula awit sadanganipun tetandhingan estu naming nedahaken kaprigelan lan nebihaken raos memangsahan.

22. Perangan sesorah ing dhuwur arane ...

a. Atur pakurmatan

b. Pambuka

c. Isi

d. Panutup

Jawaban: c

23. Topik kang trep tumraping perangan sesorah ing dhuwur yaiku .....

a. Olahraga

b. Kegiyatan sekolah

c. Kesenengan

d. Pendidikan

Jawaban: b

Gatekno pacelathon ngisor iki!

Idris : "Wayah kenthang-kenthang kaya ngene kok serius mne, lagi ngapa ta, Ar?"

Arya : " Iki lho Dris, nggambar."

Idris : " Wo, tugas SBK kuwi?"

Arya :" Iya, kebeneran aku lagi nggambar pemandangan."

Idris :" Lho, gambar wit-witane kok godhonge abang, kepriye kuwi, Ar?"

Arya :" Lho apa ora entuk yen godong warna abang ?"

Idris :" Entuke ya entuk, mung lumrahe godhong iku ijo, apa maneh kembange werna kuning, mengko rak katon endah."

Arya :" Karepku supaya beda karo kancane. Ning yen dakrasa bener kandhamu, Dris. Nuwun

ya panyaruwene."

Idris : " Iya, padha-padha, Ar."

24. Isine pacelathon ing dhuwur yaiku ....

a. Arya ora gelem dikritik

b. Arya bisa nampa panyaruwene idris murih apike gambarane

c. Arya ora bisa nampa panyaruwene Idris

d. Arya manut sakarepe dhewe

Jawaban: b

25. Amanat utawa pesen kang bisa kapethik saka pacelathon ing dhuwur yaiku ....

a. Aja gelem menawa ana wong aweh penyaruwe marang apa kang kotindakake.

b. Aja ditampa penyaruwene wong, awit kritikan mono amung ndadekake bubrah.

c. Aja pisan-pisan nampa penyaruwene wong.

d. Sabisa-bisane panaruwe iku ditampa, ora kabeh kritik ala, bisa-bisa malah ndadekake luwih becik.

Jawaban: d

Baca juga artikel terkait CONTOH SOAL atau tulisan lainnya dari Ruhma Syifwatul Jinan

tirto.id - Pendidikan
Kontributor: Ruhma Syifwatul Jinan
Penulis: Ruhma Syifwatul Jinan
Editor: Yulaika Ramadhani