Menuju konten utama

3 Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Pembawa Acara Maulid Nabi

Contoh teks MC Maulid Nabi bahasa Jawa dapat menjadi referensi bagi para pembawa acara. Berikut ini contoh teks MC bahasa Jawa agar acara berjalan lancar.

3 Contoh Teks MC Bahasa Jawa untuk Pembawa Acara Maulid Nabi
Ilustrasi Maulid Nabi Muhammad. Adapun contoh teks MC Maulid Nabi bahasa Jawa bisa menjadi rujukan bagi pembawa acara. FOTO/iStockphoto
Jadikan tirto.id sumber pilihan pencarian Google

tirto.id - Contoh teks MC Maulid Nabi bahasa Jawa merupakan salah satu referensi yang dibutuhkan oleh pembawa acara. Teks MC bahasa Jawa tentang Maulid Nabi Muhammad SAW ini dapat membantu menjaga kelancaran acara dengan tetap menghormati nilai-nilai budaya dan agama.

Dalam konteks masyarakat Jawa, bahasa memiliki peranan penting dalam menyampaikan pesan secara sopan dan santun. Pembawa acara yang menggunakan bahasa Jawa mampu menciptakan suasana yang lebih akrab, khusyuk, dan memperkuat ikatan di dalam komunitasnya.

Adapun teks MC Maulid Nabi bahasa Jawa bisa memastikan acara terorganisir, mulai dari pembukaan, sambutan, dan penutupan. Contoh MC bahasa Jawa ini berguna bagi para pembawa acara yang mengisi agenda peringatan Maulid Nabi agar berjalan tertib dan khidmat.

Kumpulan Contoh Teks MC Pembawa Acara Maulid Nabi Bahasa Jawa

Ilustrasi maulid nabi Muhammad

Ilustrasi maulid nabi Muhammad. FOTO/iStockphoto

Masyarakat di Indonesia kerap merayakan Maulid Nabi Muhammad SAW setiap tanggal 12 Rabiul Awal dengan menggelar acara pengajian, khotmil Al-Qur'an, majelis selawat, majelis ilmu, lomba bernuansa Islam, dan sebagainya. Dalam sejumlah agenda tersebut, pembawa acara alias Master of Ceremony (MC) bertugas untuk memandu jalannya kegiatan.

Berikut ini sejumlah contoh teks MC pembawa acara Maulid Nabi dalam bahasa Jawa.

1. Contoh Teks MC Maulid Nabi Pertama

Assalamu’alaikum wr wb.

Alhamdulillahirobbil alamin wabihi nasta'inu ala umuridunnya wadin washolatu wasalamu ala asrofil ambiyai walmursalin waala alihi wasohbihi ajmain ama badu.

Dhumateng para sesepuh pinisepuh dalah kasepuhan ingkang satuhu kinabekten.

Dhumateng bapak lurah saha para pangembating praja ingkang satuhu kinurmatan.

Wonten ngarsanipun, Romo Kiai ..... ingkang kulo lan panjenengan ento-ento wejangan uga berkah ngilmuipun.

Dhumateng sedaya kiai lintunipun, ingkang mboten saget kulo sebat setunggal menggah setunggal asma karim ipun.

Mboten supe, para rawuh, sedaya kaum muslimin lan muslimah, ingkang satuhu kula tresnani.

Ing kalodangan punika, monggoh kita sepindah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Allah ingkang maha kuwaos. Amargi kanti kawelasanipun, kita sedaya saged pinanggih manunggal wonten ing papan lan wekdal punika saperlu nindakaken adicara pengetan wiyosanipun Kanjeng Nabi Muhammad Saw. tanpo alangan setunggal punopo.

Ingkang salajengipun, sholawat saha salam Allah, mugi katetepaken dhumateng junjungan kita, Gusti Rasul Muhammad SAW, ingkang tansah kulo lan panjenengan ento-ento syafaatipun ing yaumul kiamah.

Aamin.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek ingkang kawulo hormati, keparengo kulo matur minangka pranatacara bade waosaken reroncening adicara ing ndalu meniko.

Kaping sepindah, pambuka.

Kaping kalih, ........

Kaping ketiga, ....

Lan ingkang pungkasan, panutup.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek sedoyo, monggo kito wiwiti adicara Maulid Nabi menika kanthi waosan ummul kitab....

Ala hadiniyah wa kulli niatin sholihah....

[Membaca Al-Fatihah bersama-sama]

Kulo aturaken agung panuwun, mugi kanthi waosan ummul kitab menika, adicara ing dalu meniko saget lancar dumugi akhir.

Adicara ingkang kaping kalih inggih puniko.

................

...............

...............

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, mekaten wau lelampahing adicara Maulid Nabi Muhammad SAW, saking purwakaning adicara dugi pungkasan. Sumonggo kita tutup adicara ingin dalu menika kanthi waosan hamdalah sesarengan.

[Bacaan Hamdalah]

Ing wasana, menawi anggen kula matur kathah klenta-klentunipun, estu nyuwun agunging samudra pangaksami.

Kulo cekapi,

Wabillahi taufik wal hidayah,

Wassalamualaikum wr. wb.

2. Contoh Teks MC Bahasa Jawa tentang Maulid Nabi

Assalamu’alaikum wr. wb.

Alhamdulillah washolatu wasalamu ala rasulillah sayyidina muhammad ibni. abdillah waala alihi wasahbihi waman walah.

Allahumma sholli wa sallim ‘ala sayyidina muhammad, wa ‘ala ali sayyidina muhammad, miftahi babi rohmatillah, ‘adada ma fi ‘ilmillah, sholatan wa salaman da-imaini bidawami mulkillah. Amma badu, wala haula wala kuata illa billah.

Dhumateng para sesepuh pinisepuh dalah kasepuhan ingkang satuhu kinabekten.

Bapak lurah saha para pangembating praja ingkang satuhu kinurmatan.

Wonten ngarsanipun, Romo Kiai ..... ingkang kulo lan panjenengan sedaya, cadong menggah berkah ngilmuipun.

Lan ugi sedaya rawuh, kakung saha putri, ingkang satuhu kula tresnani.

Kaping sepindah, monggoh kulo lan panjenengan sedoyo, ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Allah. Amargi kanti kerahmatan dan kasihatan saking Allah, kita sedoyo saget ngrawuhi adicara pengetan wiyosanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW menika, tanpo alangan setunggal punopo.

Kaping kalih, mugi sholawat saha salam Allah, katetepaken dhumateng junjungan kita, Gusti Rasul Muhammad SAW. Utusan ingkang sampun mbeto kita sedoyo tumuju zaman ingkang becik menika.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek ingkang kawulo hormati, kulo teng mriki minangka pranatacara, bade waosaken reroncening adicara ing ndalu meniko.

Kaping sepindah, pambuka.

Kaping kalih, ........

Kaping ketiga,....

Lan ingkang pungkasan, panutup.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan sedherek sedoyo, monggo kito wiwiti adicara Maulid Nabi menika kanthi waosan ummul kitab....

Ala hadiniyah wa kulli niatin sholihah....

[Membaca Al-Fatihah bersama-sama]

Kulo aturaken agung panuwun, mugi kanthi waosan ummul kitab menika, adicara ing dalu meniko saget lancar dumugi akhir.

Adicara ingkang kaping kalih inggih puniko

................

...............

...............

Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek ingkang minulya, mekaten wau lelampahing adicara Maulid Nabi Muhammad SAW, saking purwakaning adicara dugi pungkasan. Sumonggo kita tutup adicara ingin dalu menika kanthi waosan hamdalah sesarengan.

[Bacaan Hamdalah]

Ing wasana, kathah klenta-klentunipun atur saha tindak-tanduk, estu kulo nyuwun agunging samudra pangaksami.

Cekap semanten,

Wabillahi taufik wal hidayah,

Wassalamualaikum wr. wb.

3. Contoh Teks MC Maulid Nabi Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Puji syukur konjuk dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring kanugrahan iman lan Islam dhumateng kita sedaya. Mugi shalawat saha salam tansah katur dhumateng manungsa ingkang paling mulya, Nabi Muhammad SAW, saha kulawarga lan para sahabatipun.

Dinten punika, kita mengeti dinten miyosipun Nabi Muhammad SAW kanthi raos syukur lan bombahing manah. Acara punika boten namung minangka wujud pakurmatan dhumateng panjenenganipun, nanging ugi dados kalodhangan kangge ngenget-enget piwulangipun saha nerapaken ing gesang padintenan kita.

Kangge miwiti acara, sumangga kita mirengaken waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an dening [Nama Pembaca]. Dhumateng [Nama Pembaca], kula aturi jumeneng ing podium.

--------

Salajengipun, kita badhe mirengaken atur pangandikan saking [Nama Pembicara], ingkang badhe ngandharaken babagan wigatinipun pengetan Maulid Nabi saha kados pundi caranipun kita saged nuladhani sipat-sipat mulya panjenenganipun ing gesang kita piyambak.

-------

Sasampunipun punika, sumangga kita nambah wawasan ing acara pengetan punika kanthi sesorah singkat saking [Nama Penceramah], ingkang badhe ngandharaken wigatinipun nindakaken Sunnah Nabi Muhammad SAW.

-------

Minangka panutup, sumangga kita sesarengan ngumandhangaken lagu kabangsaan, dipunlajengaken kanthi donga panutup ingkang badhe dipunpimpin dening [Nama Pemimpin Doa]. Mugi acara punika mupangati lan saged ngiyataken iman kita sedaya.

Matur nuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa rawuh lan partisipasi. Mugi panjenengan sedaya saged ngrasakaken manfaat saking pengetan dinten miyosipun Nabi Muhammad SAW punika.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Demikian beberapa contoh teks MC Maulid Nabi bahasa Jawa yang bisa pembawa acara lihat sebagai referensi. Pastikan untuk menyimak artikel terkaut Maulid Nabi Muhammad SAW selengkapnya di laman berikut.

Informasi Maulid Nabi Terbaru

Baca juga artikel terkait MAULID NABI atau tulisan lainnya dari Syamsul Dwi Maarif

tirto.id - Edusains
Kontributor: Syamsul Dwi Maarif
Penulis: Syamsul Dwi Maarif
Editor: Yulaika Ramadhani
Penyelaras: Yuda Prinada