Menuju konten utama

45 Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 Beserta Jawabannya

Berikut 45 soal PTS Bahasa Jawa kelas 8 semester 1 Kurikulum Merdeka dan jawaban yang bisa digunakan untuk bahan belajar jelang ujian tengah semester.

45 Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 Beserta Jawabannya
Salah Satu peserta dalam Kompetisi Bahasa dan Sastra Jawa 2022 untuk kategori alih aksara jawa yang digelar Dinas Kebudayaan Kota Yogyakarta di Taman Pintar, Senin (22/8/2022). ANTARA/HO-Dinas Kebudayaan Yogyakarta

tirto.id - Bahasa Jawa termasuk pelajaran muatan lokal di wilayah Jawa Timur, Jawa Tengah, serta Yogyakarta. Soal-soal bahasa Jawa juga diujikan dalam Penilaian Tengah Semester (PTS), termasuk di kelas 8. Sejumlah soal PTS bahasa Jawa kelas 8 semester 1 dan jawaban di artikel ini bisa dipelajari untuk persiapan menjelang ujian.

PTS atau Ujian Tengah Semester (UTS) menguji pemahaman peserta didik pada berbagai materi yang sudah dipelajari pada tiga bulan awal semester ganjil. Soal UTS bahasa Jawa kelas 8 semester 1 biasanya terdiri dari pertanyaan pilihan ganda dan essay.

Sebelum mempelajari berbagai contoh pertanyaan pilihan ganda dan soal essay Bahasa Jawa kelas 8 semester 1, sebaiknya mencermati dulu apa saja materi yang akan diuji di PTS/UTS.

Daftar Materi Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1

Seperti isi pelajaran bahasa pada umumnya, materi Bahasa Jawa mengasah kemampuan berbahasa dan membaca. Di materi bahasa Jawa kelas 8 semester 1 Kurikulum Merdeka, terdapat pembahasan beberapa topik berikut:

1. Unggah-ungguh Jawa

Materi ini membahas tentang unggah-ungguh atau tata krama dalam penggunaan bahasa Jawa untuk meminta izin, memuji, meminta maaf, dan lainnya di berbagai konteks. Untuk itu, peserta didik diperkenalkan dengan ragam bahasa Jawa, fungsi unggah-ungguh, dan cara berbicara dengan orang lebih tua secara tepat.

2. Cerkak (Cerita Pendeka Bahasa Jawa)

Di pembelajaran materi ini, peserta didik bisa mengenal konsep cerkak bahasa Jawa, menyimak isinya, memahami unsur-unsurnya, hingga menemukan nilai-nilai moral di dalamnya. Di materi ini, peserta didik juga mempelajari berbagai bentuk paribasan dan bebasan dalam kalimat bahasa Jawa.

3. Cerita Legendha

Materi ini menjadi kelanjutan dari Cerkak. Peserta didik diperkenalkan dengan sejumlah cerita legendha di Jawa yang ditulis dengan struktur seperti cerkak.

4. Berita Berbahasa Jawa

Materi ini menerangkan kaidah-kaidah penulisan berita dan memahami teks pawarta berbahasa Jawa. Melalui materi ini, peserta didik akan diajak untuk mengamati teks atau video berita basa Jawa, memahami pengertian sejumlah istilah di berita bahasa Jawa, hingga strategi menyimak untuk memahami isi berita berbahasa Jawa. Tidak hanya itu, peserta didik pun akan diajak menuliskan teks tanggapan terhadap berita bahasa Jawa.

Dari daftar materi Bahasa jawa kelas 8 semester 1 Kurikulum Merdeka di atas, sudah bisa diprediksi materi yang akan keluar. Materi unggah-ungguh, berita bahasa Jawa, dan bisa juga cerkak kemungkinan diujikan dalam soal PTS bahasa Jawa kelas 8 semester 1.

Kumpulan Soal Pilihan Ganda PTS Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 dan Jawabannya

Contoh soal pilihan ganda PTS bahasa Jawa kelas 8 semester 1 di bawah ini hadir dengan bentuk bervariasi. Ada cerita yang disajikan dalam soal dan harus dicerna isinya. Ada pula pertanyaan tentang arti kata-kata tertentu dalam bahasa Jawa.

Berikut ini akan tersaji kumpulan soal PTS Bahasa Jawa kelas 8 semester 1 pilihan ganda dan jawabannya:

1. Pacelathon iku asale saka tembung lingga, yaiku....

  • A. Pecel
  • B. Celathu
  • C. Lathon
  • D. Mencelath
Jawaban: B

2. Kang diarani pacelathon, yaiku…

  • A. Guneman ing sajroning ati
  • B. Aweh informasi ing sangarepe wong akeh
  • C. Guneman utawa omong-omongan kang ditindakake wong loro utawa luwih
  • D. Nitipaken pesen marang wong liya
Jawaban: C

3. Wujude unggah-ungguh basa Jawa keparang dadi papat, yaiku ngoko luku, ngoko alus, lan .....

  • A. Krama
  • B. Krama lan Krama alus
  • C. Krama alus
  • D. Krama lugu
Jawaban: B

3. Basa ngoko lugu digunakake kanggo guneman karo wong sing wis padharakete, kayata....

  • A. Anak marang bapak
  • B. Putu marang si mbah
  • C. Kanca pada kanca
  • D. Rewang marang bapak
Jawaban: C

4. Basa ngoko alus biasane dienggo marang wong sing raket, nanging esih ngajeni, kayata....

  • A. Bapak marang anake
  • B. Adhik marang kakange
  • C. Kanca padha kanca
  • D. Guru marang muride
Jawaban: B

5. "Samenika kula taksih wonten ing kantor." Ukara iki tuladhane basa....

  • A. Ngoko alus
  • B. Ngokon lugu
  • C. Krama lugu
  • D. Krama alus
Jawaban: C

Wacanen teks pacelathon iki kanggo soal nomer 6-8!

Sarah: “Mbak Rani, Aku ditimbali Pak Slamet supaya menyang kantor sesuk esuk.”

Rani: “Aku sisan titip atur ya, matura menawa laporan keuangan kantor wis beres.”

Sarah: “Ya, dak aturne, wingi Pancen Pak Slamet ngendika marang Tini menawa laporan keuangan kuwi kudu dirampungna.”

Rani: “Sesuk sore bae arep dakcaosake dhewe menyang Pak Slamet.”

6. Kang arep titip pesen miturut pethikan teks pacelathon ing dhuwur, yaiku…

  • A. Sarah
  • B. Pak Slamet
  • C. Tini
  • D. Rani
Jawaban: D

7. Paraga kang ditimbali pimpinane, yaiku…

  • A. Sarah
  • B. Pak Slamet
  • C. Tini
  • D. Rani
Jawaban: A

8. Pesene Rani kang kudu diaturaken Pak Slamet lumantar Sarah, yaiku…

  • A. Laporan keuangan kantor wis beres
  • B. Kudu ngadhep Pak Slamet ngesuk esuk
  • C. Tini dikonrampungake laporan keuangan
  • D. Laporan keuangan arep diaturake Rani
Jawaban: A

Wacanen teks pacelathon ing ngisor iki kanggo soal nomer 9-11!

Pak Munir: “Don, Don…mrenea Ben, Bapak arep prelu karo kowe!”

Doni: “Inggih, Pak. Wonten perkawis punapa?”

Pak Munir: “sawise tampa rapot, kowe prei pirang dina, Don?”

Doni: “Kirang langkung antawis tigang minggu, Pak.”

9. Ragam basa kang digunakake dening Doni, yaiku…

  • A. Krama alus
  • B. Krama lugu
  • C. Ngoko alus
  • D. Ngoko lugu
Jawaban: A

10. Pak Munir nggunakake ragam basa ngoko amarga...

  • A. Wong enom marang wong tua
  • B. Pak guru marang muride
  • C. Murid marang gurune
  • D. Pak Munir wis kenal Doni
Jawaban: B

11. Ukara ing ngisor iki kang nganggo basa krama lugu, yaiku…

  • A. Sampeyan mau wis sare durung?
  • B. Sampeyan kala wau sampun tilem dereng?
  • C. Panjenengan mau wis dhahar durung?
  • D. Kowe mau wis dhahar durung?
Jawaban: B

12. "Pak Lurah ora sida lunga, amarga sikile lara". Ukara iku yen didadekna krama alus, yaiku…

  • A. Pak Lurah ora sida tindak, amarga sukune sakit.
  • B. Pak Lurah mboten sida tindak, amargi sukunipun sakit.
  • C. Pak Lurah mboten siyos tindak, amarga sukunipun gerah.
  • D. Pak Lurah mboten siyos tindak, amargi samparanipun gerah.
Jawaban: D

13. "Menawi panjengan badhe tindak dhateng Jakarta, kula dherek." Ukara kasebut yen didadekake ngoko alus dadine…

  • A. Menawa panjenengan arep tindak menyang Jakarta, aku melu.
  • B. Menawa sampeyan arep tindak dhateng Jakarata, kula dherek.
  • C. Menawa sampeyan badhe kesah dhateng Jakarta, kula dherek.
  • D. Menawi sampeyan badhe kesah menyang Jakarta, aku melu.
Jawaban: A

14. Gagasan baku ingkang dados dhsaring cariyos tegese yaiku....

  • A. Paraga
  • B. Amanat
  • C. Tema
  • D. Rerangkening cariyos
Jawaban: C

15. Crita rakyat dituturke kanthi....

  • A. Tulis
  • B. Lisan
  • C. Dongeng
  • D. Sopan
Jawaban: B

16. Budi kadhawuhan Bapak Guru Basa Jawa supaya nulisake tembung aneng, narendra lan prapteng ana ing papan tulis. Tembung-tembung kang katulis dening Budi iku kalebu tuladhane …

  • A. tembung saroja
  • B. tembung entar
  • C. tembung kerata basa
  • D. tembung garba
Jawaban: D

17. Ukara-ukara ing ngisor iki migunakake tembung garba, kajaba …

  • A. Yudhistira kasebut minangka ratwagung ing nagara Amarta.
  • B. Aneng nagri Amarta Sang Gathutkaca winisuda.
  • C. Satriya kang sekti mandraguna
  • D. Aji Saka nerusake laku tumujweng tanah Jawa.
Jawaban: C

18. Aji Saka kepengin dadi pandhita kang pinter mulangake kawruh rupa-rupa, kamangka satemene Aji Saka iku putra.…

  • A. pandhita
  • B. senapati
  • C. patih
  • D. Raja
Jawaban: D

19. Waskita wis rampung anggone maca buku crita Rara Jonggrang, Baru Klinthing, Hiu Sura lan Baya, sabanjure dheweke arep nulis ringkesaning crita saka buku-buku kang wis rampung diwaca. Buku-buku kang diwaca dening Waskita kalebu golonganing crita .…

  • A. fabel
  • B. legenda
  • C. mite
  • D. sage
Jawaban: B

20. Wong-wong ing Medhang Kamolan padha bungah awit ratune sing diwedeni wis sirna. Sirna tegese .…

  • A. ilang
  • B. bali
  • C. teka
  • D. lunga
Jawaban: A

Wacanen kang premati (kanggo pitakon nomer 21-25)

Anuju sawijining dina Sang Prabu Dewata Cengkar duka banget ora ana uwong maneh sing bisa dadi kurbane. Aji Saka banjur dicaosake marang sang nata dadi dhaharane. Sang Nyai Randa lan Patih dadi kaget banget. Nanging Aji Saka celathu yen Nyai Randa lan Patih ora perlu was sumelang amarga dheweke ora bakal bisa dadi kurbane Prabu Dewata Cengkar. Sabanjure Aji Saka diterake ngadhep marang Prabu Dewata Cengkar. Sadurunge didadekake kurbane Aji Saka duwe panyuwunan yaiku nyuwun lemah saiket jembare. Sing ngukur kudu Sang Prabu dhewe.

21. Pethikan crita ing dhuwur kang dadi paraga protagonis yaiku .…

  • A. Bandung Bandawasa
  • B. Prabu Dewata Cengkar
  • C. Nyai Randa
  • D. Aji Saka
Jawaban: D

22. Pethikan crita ing ndhuwur pinercaya minangka dongeng mula buka dumadine ....

  • A. Aksara Jawa
  • B. Tanah Jawa
  • C. Kedhung Pengilon
  • D. Rawa Pening
Jawaban: A

23. “Duka” tegese...

  • A. susah
  • B. nesu
  • C. seneng
  • D. isin
Jawaban: B

24. Kang pinangka paraga antagonis yaiku .…

  • A. Aji Saka
  • B. Nyai Randa
  • C. Prabu Dewata Cengkar
  • D. Bandung Bandawasa
Jawaban: C

25. Pratelan kang ora jumbuh karo isine wacan yaiku .…

  • A. Prabu Dewata Cengkar susah banget ora ana uwong maneh sing bisa dadi kurbane.
  • B. Aji Saka gelem didadekake minangka kurbane Prabu Dewata Cengkar.
  • C. Nyai Randa lan Patih banget kuwatir marang keslametane Aji Saka.
  • D. Aji Saka duwe panyuwunan sadurunge dadi dhaharane Prabu Dewata Cengkar
Jawaban: A

26. Kanggo nggampangake anggone nyritakake isining crita legenda luwih dhisik kudu mangerteni unsur kang mbangun sawijining crita mau. Bab-bab kang mbangun crita lumrahe diarani unsur intrinsik dene kang kalebu unsur intrinsik kasebut ing ngisor iki, kajaba ....

  • A. bakuning gagasan
  • B. paraga
  • C. basa
  • D. latar
Jawaban: C

27. Ukara ing ngisor iki kang kadunungan tembung garba yaiku ....

  • A. Anggone padha lumaku wis tekan pulo Majethi.
  • B. Tumekeng tengahing alas lakune kandheg ing sapinggiring tlaga.
  • C. Lakune bala wanara tumuju ing Ngalengka.
  • D. Mugi Gusti ingkang murba ing dumadi tansah paring aksama.
Jawaban: B

28. "Lampahipun Panji sampun dumugi ing satengahing wana, lampahipun kandheg dening ratu jin wonten ing papan kasebat." Latar kang kagunakake ing pethikan crita kasebut yaiku .…

  • A. dalan
  • B. sawah
  • C. alas
  • D. tegalan
Jawaban: C

29. Paraga kang kekarepane tansah cengkah karo paragatama diarani paraga .…

  • A. protagonis
  • B. tambahan
  • C. tritagonis
  • D. antagonis
Jawaban: D

30. Mas Bambang seneng maca buku crita legenda saka tlatah Jawa Tengah. Ukara iku menawa didadekake basa ngoko alus yaiku …

  • A. Mas Bambang seneng maos buku crita legenda saka tlatah Jawa Tengah.
  • B. Mas Bambang remen maos buku cariyos legenda saking tlatah Jawa Tengah.
  • C. Mas Bambang seneng maca buku crita legenda saking tlatah Jawa Tengah.
  • D. Mas Bambang remen maos buku crita legenda saka tlatah Jawa Tengah.
Jawaban: D

Soal Essay Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 dan Jawabannya

Setelah mempelajari soal-soal pilihan ganda, peserta didik bisa melanjutkan belajarnya ke pertanyaan isian atau essay. Berikut daftar soal essay Bahasa Jawa kelas 8 semester 1 dan jawabannya:

31. Jelasake pangertene Pachelathon lan asal tembunge!

Jawaban: Pacelathon yaiku omong-omongan wong loro utawa luwih kang duweni ancas tartamtu. Pacelathon iku asale saka tembung lingga, yaiku celathu. Celathu duwe teges omongan utawa guneman.

32. Jelasake pangertene unggah-ungguh basa Jawa!

Jawaban: Unggah-ungguh basa Jawa, yaiku adat sopan-santun, tata krama, tata susila, nggunakake basa Jawa. Wujude unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi papat, yaiku ngoko lugu, ngoko alus, krama, lan krama alus.

33. Jelasake pangertene basa ngoko lugu lan kegunaane sarta tuladha ukarane!

Jawaban: Basa ngoko lugu yaiku basa kang digunakake tanpa oleh kecampuran tembung krama. Tembung-tembung kang ndhapuk ukara kabeh tembung ngoko. Basa ngoko lugu digunakake kanggo guneman karo wong sing wis padharakete. Tuladha ukara basa ngoko lugu kayata: Aku kepengin mangan sega goreng.

34. Jelasake pangertene basa ngoko alus, kegunaane, lan rumus ukarane!

Jawaban: Basa ngoko alus yaiku ragam basa Jawa kang tembung dumadi saka tembung ngoko kang kecampuran krama inggil kanggo ngajeni sing diajak guneman. Basa ngoko alus dienggo marang wong sing raket, nanging esih ngajeni, kayata adhik guneman marang kakange. Rumuse basa ngoko alus yaiku: tembung ngoko + krama inggil + krama andhap + afiks (awalan + imbuhan) ngoko.

35. Jelasake pangertene basa krama lan sebutke rumuse!

Jawaban: Basa krama yaiku ragam basa Jawa kang kabeh tembunge sing dienggo ikunganggo tembung krama. Rumuse: tembung krama + afiks (awalan, akhiran) krama.

36. Basa krama digunakake kanggo sopo? Sebutke 3 tuladhane!

Jawaban: Krama lugu digunakake kanggo Wong sing nembe kenal, Dhokter menyang pasien, Pedagang menyang pembeli

37. Jelasake paugeran kanggo nulis pacelathon ing kang trep!

Jawaban: Paugeran cara nulis pacelathon yaiku:

  • a. Wujude guneman
  • b. Jeneng paraga ditulis
  • c. Gunakake tandha wacan titik loro (:) sawise jeneng paraga
  • d. Guneman ditulis ing jeri tandha kutip (“….”)
  • e. Katrangan panggonan, wektu lan swasana ditulis ing jero tandhakurung ()
Wacanen teks pacelathon ing ngisor iki kanggo jawab soal nomer 38-40!

  • Galih: Sugeng sonten Pak, badhe Matur sekedhap.
  • Pak Yanto: Iya-iya Le, kene pinarak mlebu dhisik.
  • Galih: Inggih Pak, matur nuwun.
  • Pak Yanto: Ana wigati apa?, dene sliramu sore-sore tekan kene.
  • Galih: Mekaten Pak, kula dipundhawuhi bapak supados matur kaliyan Pak Yanto menawi benjing Minggu, jam 07.00 dhusun mriki ngawontenaken kerja bakti sesarengan. Kanthi mekaten panjenengan kapurih ngumumaken dhateng warga sanesipun.
  • Pak Yanto: Apa maneh Le, welinge Bapak?
  • Galih: Sampun Pak, mekaten kemawon.
  • Pak Yanto: Matura bapak, menawi welingane wis daktampa lan arep daktindakake saiki.
  • Galih: Inggih Pak, matur nuwun sanget. Menawi mekaten sampun cekap anggen kula sowan matur. Kula nyuwun pamit.
  • Pak Yanto: Ya Le, padha-padha. Ngati-ngati ya ana dalan.

38. Jelasake isine pacelathon ing dhuwur!

Jawaban: Galih didhawuhi dening Bapakipun supados ngaturaken pesen dhateng Pak Yanto bilih dinten Minggu tabuh 07.00 badhe wonten kerja bakti, pramila Pak Yanto kapurih ngumumaken dhateng warga sanesipun.

39. Apa wae ragam basa kang digunakake para paraga ing sajrone teks pacelathon ing dhuwur?

Jawaban: Pak Yono ngginakake basa ngoko. Galih ngginakake basa krama alus.

40. Apa sebabe para paraga nganggo ragam basa iku?

Jawaban: Pak Yono ngginakake basa ngoko mergane piyantun sepuh marang piyantun enom. Galih ngginakake krama alus mergane Pak Yono piyantun sepuh ingkang kedah diurmati.

41. Tulisna paugerane tembang macapat Gambuh!

Jawaban: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.

42. Tembang macapat iku cacahe ana 11, sebutna 4 wae kang guru gatrane luwih saka 5!

Jawaban: Mijil, Kinanthi, Asmarandana, Durma, Pangkur.

43. Ukara ing ngisor owahana dadi basa karma alus!

“Pak Bowo numpak sepeda saka Sragen nganti tekan omahe ing Klaten.”

Jawaban: Pak Bowo nitih sepeda saking Sragen ngantos dumugi griyanipun ing Klaten.

44. Tembung-tembung ing ngisor iki kadhapuk saka tembung apa?

a. lumebweng

b. sirarsa

c. aneng

Jawaban:

a. lumebu+ing

b. sira+arsa

c. ana+ing

45. Ukara ing ngisor owahana dadi basa karma alus!

“Mbak Putri maca buku crita Dumadine rawa Jombor.”

Jawaban: Mbak Putrimaos buku cariyos Dumadine Rawa Jombor.

Baca juga artikel terkait CONTOH SOAL PTS atau tulisan lainnya dari Yuda Prinada

tirto.id - Edusains
Kontributor: Yuda Prinada
Penulis: Yuda Prinada
Editor: Yulaika Ramadhani
Penyelaras: Addi M Idhom