Menuju konten utama
Teks Pidato Nuzulul Quran 2023

Contoh Teks Pidato Singkat Nuzulul Quran 2023 Bahasa Jawa

Contoh teks pidato singkat Nuzulul Quran 2023 bahasa jawa yang dapat digunakan sebagai pedoman untuk ketua panitia, RT/RW untuk sambutan Nuzulul Quran.

Contoh Teks Pidato Singkat Nuzulul Quran 2023 Bahasa Jawa
Ilustasi Muhammad. foto/IStockphoto

tirto.id - Teks pidato singkat Nuzulul Quran dalam bahasa Jawa dapat disampaikan dalam peringatan malam Nuzulul Quran yang pada tahun ini bertepatan dengan Jumat, 7 April 2023. Teks ini juga dapat dimodifikasi sedemikian rupa untuk ketua panitia peringatan Nuzulul Quran, ketua RW, atau takmir masjid yang diminta untuk memberikan sambutan Nuzulul Quran dalam bahasa Jawa.

Nuzulul Quran adalah peristiwa agung ketika untuk pertama kalinya Al-Qur'an turun kepada Nabi Muhammad saw. melalui perantara Malaikat Jibril. Banyak yang menyebutkan peristiwa ini berlangsung pada 17 Ramadhan, sehingga kebanyakan umat Islam di Indonesia merayakan Nuzulul Quran pada malam tanggal tersebut.

Peringatan Nuzulul quran harapannya dapat menjadi momentum umat Islam lebih mencintai Al-Qur’an. Apalagi perintah pertama Allah dalam Al-Qur'an adalah iqra, atau bacalah. Perintah tersebut menyiratkan agar kaum muslim tidak hanya membaca firman-firman Allah Swt, tetapi jug membaca ayat-ayat kauniyah, yaitu tanda-tanda kebesaran-Nya dari fenomena alam.

Selain itu, umat Islam yang menjadikan Al-Qur'an sebagai pdoman, juga diharapkan mengamalkan ajaran-ajaran di dalamnya di kehidupan sehari-hari.

Contoh Teks Pidato Singkat Nuzulul Quran Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Bismillaahirrahmaanirrahiim

الْحَمْدُ للهِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ أَشْرَفِ الأَنْبِيَاءِ وَالـمُرْسَلِينَ وَعَلىَ آلِهِ وَأَصَحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَومِ الدِّينِ، أَمَّا بَعْدُ

Sadaya puji namung kagunganipun Allah Swt. Shalawat lan salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. sesarengan kaliyan kulawarganipun, saha sahabat-sahabatipun. Mugi-mugi kita sedaya pikantuk syafaatipun Rasulullah saw. wonten ing yaumul Akhir samangke.

Bapak/Ibu sederek ingkang dipun rahmati Allah Swt,

Alhamdulillah kito sedoyo saged makempal ing papan menika saperlu mengeti “Nuzululqur’an” dinten Jumat, 7 April 2023.

Nuzululquran inggih menika pengetan kawiwitan turunipun ayat-ayat Al-Qur’an ingkang awujud surat Al-Alaq ayat 1-5 dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Nalika samanten, Kanjeng Nabi Muhammad SAW. pikantuk wahyu Surah Al Alaq wonten ing Gua Hira.

Jumhur ulama sarujuk bilih Nuzulul Quran menika dipun pengeti wonten ing 17 Ramadhan. Allah ngendika ing Surat Al-Anfal ayat 41.

۞ وَاعْلَمُوْٓا اَنَّمَا غَنِمْتُمْ مِّنْ شَيْءٍ فَاَنَّ لِلّٰهِ خُمُسَهٗ وَلِلرَّسُوْلِ وَلِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَابْنِ السَّبِيْلِ اِنْ كُنْتُمْ اٰمَنْتُمْ بِاللّٰهِ وَمَآ اَنْزَلْنَا عَلٰى عَبْدِنَا يَوْمَ الْفُرْقَانِ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعٰنِۗ وَاللّٰهُ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

Wa‘lamū annamā ganimtum min syai'in fa anna lillāhi khumusahū wa lir-rasūli wa liżil-qurbā wal-yatāmā wal-masākīni wabnis-sabīli in kuntum āmantum billāhi wa mā anzalnā ‘alā ‘abdinā yaumal-furqāni yaumal-taqal-jam‘ān(i), wallāhu ‘alā kulli syai'in qadīr(un).

Artinya:

“Lan padha weruha, yèn kuku- panira ana ing paprangan, arupa apa baé, lah iku kang sapralimané bagéané Allah lan bagéané Utusan sarta bagéané santana tuwin para bocah yatim lan para wong miskin apa déné wong lalaku, manawa sira iku padha angèstu ing Allah sarta apa kang Ingsun dhawuhaké marang kawula-Ningsun, ing dina- ning panyilah, ing dina tempuké golongan loro; lan Allah iku marang samubarang kawasa,” (QS. Al-Anfal [8]: 41).

Surah Al-Anfal ayat 41 nyebataken bilih Nuzululquran kalampahan wonten ing dinten Furqan, inggih punika nalika kaum Muslimin menang anglawan kaum kafir wonten ing Perang Badar, dinten Jumuah, 17 Ramadhan 2 Hijriah kapengker.

Bapak/Ibu sederek ingkang dipun rahmati dening Allah Swt,

Nuzululquran ngemot mapinten-pinten makna, salah setunggalipun ingkang palling utami inggih menika tresna dhumateng Al-Qur'an. Mboten namung tresna, tiyang muslim ugi kedah sregep maos lan ndedah maknanipun, supados saged nindakaken isinipun.

Rasulullah saw. nate paring pitedah dhumateng umatipun makaten:

تَرَكْتُ فِيْكُمْ أَمْرَيْنِ لَنْ تَضِلُّوْا مَا تَمَسَّكْتُمْ بِهِمَا : كِتَابَ اللهِ وَ سُنَّةَ رَسُوْلِهِ

Artinya:

Ingsun tinggalake marang sira rong perkara, sira ora bakal kesasar ing salawas-lawase salawase sira padha tetep ing kalorone, yaiku Kitab Allah [Al Qur'an] lan Sunnahku.” (HR. Al-Hakim).

Piwulang kaping kalih ingkang saged kapendhet saking adicara Nuzululquran inggih menika tansah sabar lan ngatos-atos ngadhepi maneka warni pacoban. Al-Qur'an dipun andhapaken saking Lauh Mahfuz dumugi Baitul Izzah, lan saking Baitul Izah dumugi dunya menika ngantos 22 warsa, 2 wulan, 22 dinten. Ayat-ayat Al-Qur'an dipun andhapaken kanthi bertahap miturut kondisi umat Islam, saengga Al-Qur'an mawujud dados jawaban saking mapinten-pinten masalah umat.

Saking andharan dai ing nginggil menika, kaajab umat Islam saged langkung nresnani, mliginipun ngamalaken isi Al-Qur’an ing wulan Ramadhan punika. Wulan Ramadhan menika pikantuk asma sanes, ingging menika syahrulqur'an, wulan Al-Qur'an kados ingkang didhawuhaken dening Allah SWT wonten ing surat Al-Baqarah ayat 185.

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ

Arab Latinnya:

Syahru ramaḍānal-lażī unzila fīhil-qur'ānu hudal lin-nāsi wa bayyinātim minal-hudā wal-furqān(i)..

Arab Latinnya:

Sasi Ramadhan iku sasi tumuruning al-Qur’an, minangka dadi pituduh marang para manungsa lan dadi tandha yekti saka pituduh lan mbedakake [barang kang bener saka kang bathal]...” (QS. Al Baqarah [2]: 185).

Bapak/Ibu sederek ingkang dipun rahmati Allah Swt,

Menika wau pidhato cekak babagan nuzululquran, mugi-mugi pepeling menika saged ndadosaken kita langkung remen dhateng al-Qur’an. Mugi-mugi sedaya amal ibadah ingkang kito lampahi wonten ing wulan Ramadhan 1444 H katampi dening Allah. Amin Amin ya rabbal alamin.

Akhirul kalam wabillahi taufiq wal hidayah,

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Baca juga artikel terkait EDUKASI DAN AGAMA atau tulisan lainnya dari Syamsul Dwi Maarif

tirto.id - Sosial budaya
Kontributor: Syamsul Dwi Maarif
Penulis: Syamsul Dwi Maarif
Editor: Fitra Firdaus