Menuju konten utama
Idul Fitri 1 Syawal 1444 H

Contoh Teks Sambutan Halalbihalal Bahasa Jawa Pidato Syawalan

Contoh teks sambutan pidato halalbihalal untuk panitia atau MC acara Syawalan saat Lebaran.

Contoh Teks Sambutan Halalbihalal Bahasa Jawa Pidato Syawalan
Umat Islam bersalaman usai melaksanakan Salat Idul Fitri. tirto/tf subarkah

tirto.id - Halalbihalal atau Syawalan seolah sudah menjadi tradisi di Indonesia untuk memperingati Hari Raya Idul Fitri. Dalam nuansa Lebaran di berbagai forum, seperti keluarga besar, kantor, masjid, komunitas, dan lainnya, diadakan Syawalan untuk saling memaafkan. Tentunya contoh teks sambutan pidato halalbihalal diperlukan oleh panitia Syawalan atau orang yang memimpin acara.

Halalbihalal berasal dari kata halla-yahillu yang berarti “singgah”, “memecahkan”, “melepaskan”, “menguraikan”, atau "mengampuni". Sedangkan dari sisi istilah, halalbihalal disebut pula dengan thalabu halal bi thariqin halal yang bermakna “mencari penyelesaian atas masalah dengan cara saling memaafkan”.

Acara halalbihalal akrab dengan suasana silaturahmi. Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) juga punya pemaknaan tentang halalbihalal, yaitu aktivitas maaf-memaafkan setelah menunaikan ibadah puasa Ramadhan, biasanya diadakan di sebuah tempat seperti auditorium, aula, dan sebagainya.

Jika dirunut sedikit ke belakang, ahli linguistik Belanda bernama Theodoor Gautier Thomas Pigeaud, mencatat Syawalan atau halalbihalal dalam Kamus Jawa-Belanda (1938) dengan istilah alal behalal yang artinya "acara maaf-maafan ketika hari raya".

Contoh Teks Sambutan Halalbihalal Bahasa Jawa Pidato Syawalan

Berikut ini contoh teks sambutan pidato halalbihalal atau Syawalan disarikan dari berbagai sumber:

Contoh (1)

Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabbarakatuh

Ingkang kawulo hormati, Bapak/Ibu lan hadirin sedoyo

Langkung rumiyin mangga kita sesarengan muji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, amargi kanthi rahmat lan hidayahipun kita sedaya saged makempal wonten ing adicara halal bihalal kanthi sehat wal afiat.

Shalawat saha salam taksih katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sampun paring syafaat dumateng kita sedaya, saengga kita saged makempal wonten ing adicara ingkang bingah punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan, wonten ing kalodhangan ingkang bingah punika kula ngaturaken agunging panuwun awit saking rawuh panjenengan sedaya wonten ing adicara halal bihalal menika.

Kita sedaya saged mangertosi halal bihalal menika penting sanget kangge mujudaken kebersamaan, gotong royong, saling memaafkan.

Acara halal bihalal menika dipun isi kanthi saling ngapura supados sedaya dosa lan kalepatan kita saged dipunapunten dening Allah SWT, amin ya rabbal alamin.

Mugi-mugi acara dinten punika saged migunani kita sedaya. Mugi-mugi kanthi adicara menika kita sedaya saged saling ngapunten dumateng kalepatan ingkang alit utawi ageng, ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja.

Menawi wonten lepat kula nyuwun pangapunten.

Wabillahi taufik walhidayah, wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

Contoh (2)

Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabbarakatuh

Ingkang kawulo hormati, Bapak/Ibu lan hadirin sedoyo

Sadereng mlebet dhumateng adicara inti, sumangga kita sesarengan sami ngucapaken puji lan raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT.

Kaping kalihipun mugi-mugi sedaya sholawat saha salam taksih katur dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.

Para rawuh ingkang tansah dipuntresnani Gusti Allah, ing dinten punika, ing kalodhangan ingkang bingah salebeting manah, tepangaken punika kula badhe ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan ingkang rawuh wonten adicara halalbihalal menika.

Salajengipun kula badhe ngucapaken sugeng riyadi, mugi-mugi ing dinten ingkang suci punika sedaya kalepatan kula dalah panjenengan sedaya tansah dipunapura dening Gusti Allah.

Kita sedaya saged mangertosi bilih halalbihalal punika saged dados sarana kagem ngempalaken balung-balung sempal, saengga kita mboten ngantos kepaten obor ingkang njalari kita kecalan sanak kadang.

Para rawuh ugi para sedherek ingkang kula tresnani, adicara halalbihalal menika kita bakal ngapura-ingapura dumateng liyan. Supados sedaya dosa lan kalepatan kita saged dipunapunten dening Allah SWT. Amin yaa robbal alamin.

Para rawuh ingkang tansah kinurmatan sarta dipun tresnani dening Gusti Allah, wonten paribasan ingkang ngandharaken bilih memitran punika menika saged nambah panjangipun yuswa.

Mugya kanthi adicara punika sageda nyambung tali memitran ugi paseduluran ing nate renggang dados rumaket malih.

Kanthi sambungipun tali memitran ugi paseduluran mugi saged dados sarana tumrap kita nggayuh sedaya kabecikan sarta tebih saking sedaya godha sarta coba.

Pungkasanipun atur, kula minangka ketua panitia ngajab supados adicara ing dinten punika saged lumampah kanthi lancar wiwit purwa dumugi paripurna.

Mugia adicara dinten punika saged migunani sarta paring kabecikan tumrap kita sedaya. Salajengipun kanthi adicara punika kita saged nglebur sedaya kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja ing dinten ingkang minulya punika.

Saderengipun kula pungkasi, menawi wonten tata lampah ugi tata wicara kula ingkang kirang mranani dhumateng manahipun panjeneng, estu kula nyuwun samudraning pangaksami.

Akhirukalam Wabillahi taufik walhidayah, Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Baca juga artikel terkait EDUKASI DAN AGAMA atau tulisan lainnya dari Iswara N Raditya

tirto.id - Sosial budaya
Penulis: Iswara N Raditya
Editor: Addi M Idhom