Menuju konten utama

Contoh Teks Pidato Sambutan Hari Santri Bahasa Jawa Singkat

Berikut adalah contoh teks pidato sambutan Hari Santri dalam bahasa Jawa yang singkat.

Contoh Teks Pidato Sambutan Hari Santri Bahasa Jawa Singkat
ilustrasi sambutan hari santri. Antara/HO-Pemkot Payakumbuh.
Jadikan tirto.id sumber pilihan pencarian Google

tirto.id - Sambutan hari santri melalui pembacaan pidato menjadi salah satu susunan acara yang dapat diadakan berkaitan peringatan Hari Santri. Pidato Hari Santri dapat disampaikan sesuai bahasa yang mudah dipahami di masyarakat sekitar. Sebagai contoh di Jawa Tengah atau Yogyakarta, pidato Hari Santri dapat dilakukan dengan bahasa Jawa.

Masyarakat Indonesia, terutama kalangan pesantren atau santri akan kembali memperingati Hari Santri Nasional pada Selasa, 22 Oktober mendatang. Hari Santri merupakan untuk mengenang, meneladani, sekaligus melanjutkan perjuangan para ulama dan santri dalam memperjuangkan kemerdekaan Indonesia.

Berkaitan Hari Santri Nasional, pidato bahasa jawa tentang hari santri dapat disusun dengan tata bahasa yang santun serta pesan mulia untuk mengajak generasi muda terus meneladani nilai-nilai perjuangan para ulama.

Contoh Teks Pidato Sambutan Hari Santri Nasional Bahasa Jawa

Hari Santri Nasional dapat diisi dengan berbagai acara yang berkaitan. Salah satu agenda yang dapat diadakan berkaitan acara Hari Santri adalah pidato tentang santri singkat. Berikut ini contoh teks pidato sambutan Hari Santri Nasional dengan bahasa Jawa:

Contoh Pertama

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Bismillaahirrahmaanirrahiim...

الْحَمْدُ للهِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ أَشْرَفِ الأَنْبِيَاءِ وَالـمُرْسَلِينَ وَعَلىَ آلِهِ وَأَصَحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَومِ الدِّينِ، أَمَّا بَعْدُ

Khadrotal muhtaromin, poro alim ulama, poro kyai, poro haji hajjah, poro ustadz ustadzah, ingkang kawulo hormati, wabil khusus panjenenganipun Bapak/Ibu (...), ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo-fatwa soho nasihatipun.

Wonten pangersanipun Bapak/Ibu (...), minangka kepala Desa (....) lan sedaya pangembating praja, ingkang minulyo.

Mboten kesupen, sedoyo rawuh miwah kakung saha putri, ingkang bagya minulya.

Monggo kulo lan panjenengan, sareng-sareng ngunjukaken raos syukur dumateng Allah Swt. Jalaran saking pinten-pinten kerahmatan lan kenikmatan Allah Swt. kito saget makempal manunggal wonten kalodangan ingkang sae punika.

Selawat ugi salam ipun Allah, mugia tansah kaaturaken dumateng Nabi Agung Muhammad Saw. Utusan ingkang kulo lan panjenengan sedaya, entu-entu syafaatipun ing yaumul kiamah samangke. Aamin.

Para rawuh ingkang minulyo,

Hari Santri Nasional menika, dados wekdal ingkang ngelingaken dateng peran ulama lan santri minangka merjuangake kemerdekaan Indonesia. Saking menikah, para santri sampun mbuktik aken, bilih kawruh agama saged dados kekuatan kagem mbangun bangsa.

Hari Santri menika, uga dados pengeling kangge santri sakniki, supados nerasaken perjuangan ingkang dipun wiwiti para ulama. Mboten berjuang teng medan perang, ananing nguri-nguri pendidikan, sosial, lan ekonomi.

Santri menika kagungan tugas ageng, inggih punika dados garda depan ingkang nguataken moral lan spiritual bangsa. Mulo ing pengetan Hari Santri Nasional menika, santri kedah setyo neras aken berjuang, sinau, lan ngamalaken ilmu agama kanthi istiqomah.

Para rawuh ingkang minulyo,

Mugio santri-santri Indonesia dados penerus ingkang pinter, tangguh, lan darmabakti. Mugia Allah tansah, maringi kekuwatan lan pitedah, supaya santri dados abdi ingkang manfaat kangge agama, bangsa, lan negara. Aamin.

Mekaten pidato ingkang saged kula aturaken. Saking klenta-klentuning atur saha tindak-tanduk laku, estu kulo nyuwun agunging samudra pangaksami.

Akhirul kalam wabillahi taufiq wal hidayah,

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Kedua

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Alhamdulillahi rabbil 'alamin, wasshalatu wasshalamu 'ala asyrafil anbiya'i wal mursalin, wa 'ala alihi wa shahbihi ajma'in. Amma ba'du.

Dumateng para alim ulama, para kiai, lan para ustadz ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Dumateng para bapak, ibu, saha para santri ingkang bagya mulya.

Sepisan, sumangga kita tansah ngaturaken puji lan syukur wonten ngarsa dalem Allah Swt., ingkang sampun paring mapan-mapan kenikmatan lan kaperluwan saengga kita saged makempal wonten ing pèngetan Hari Santri Nasional kanthi wilujeng nirlaba ing sambekala.

Sholawat lan salam mugi tansah katur kagem junjungan kita, Nabi Agung Muhammad Saw., ingkang kita tenggo-tenggo syafaatipun wonten ing dinten akhir.

Para rawuh ingkang kinurmatan,

Pengetan Hari Santri punika minangka pangeling-eling dateng kita sedaya ngengingi Resolusi Jihad ingkang dipun dawuhaken dening Kiai Hasyim Asy'ari lan para ulama. Perjuangan punika dados bukti nyata bilih para santri gadhah andil ingkang ageng ngrungkebi NKRI.

Wonten ing jaman modern punika, tugasipun santri mboten namung ngaos ing pesantren, nanging ugi kedah saged nguwasani ilmu pengetahuan lan teknologi. Santri kedah saged dados tuladha ing babagan akhlakul karimah, disiplin, lan kemandirian kagem njaga keutuhan bangsa lan nagari.

Mugi-mugi lumantar pengetan punika, para santri sansaya semangat anggenipun tinemu ilmu lan siap dados pemimpin masa depan ingkang amanah.

Cekap semanten atur sesorah saking kula, nyuwun pangapunten yen wonten gathuking tembung lan tindak-tanduk ingkang kirang mranani ing penggalih.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Ketiga

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Bismillah, alhamdulillah, wassholatu wasalamu 'ala rasulillah, laa haula walaa quwwata illa billah. Amma ba'du.

Ingkang kula hormati para kiai, para sepuh pinisepuh ingkang tansah kula ta'ati fatwanipun.

Para tamu undangan saha para santri putra lan putri ingkang winantu ing kabagyan.

Puji syukur ngarsaning Allah Swt., awit saking rahmat lan hidayah-Ipun, kita sedaya dipun keparengaken makempal wonten ing papan punika kanthi sehat wal afiat ing sajroning suasana Pèngetan Hari Santri Nasional.

Sholawat miwah salam mugi gumarojog dumateng Kanjeng Nabi Muhammad Saw., kulawarganipun, para sahabatipun, lan sedaya umatipun ingkang setia ngantos akhir jaman.

Para rawuh ingkang kulo tresnani,

Tema lan wosipun Hari Santri punika ngemot piwulang ageng tumrap kita sedaya. Santri punika tegesipun tiyang ingkang ngudi kawruh agama, nanging ugi tiyang ingkang nggadhahi jiwa nasionalisme ingkang inggil. Hubbul wathan minal iman, tresna marang tanah air punika sebagian saking iman.

Mula saking punika, minangka generasi santri, kita kedah tansah siap njaga ketentreman, kerukunan, lan persatuan ing tengahing masyarakat. Aja nganti santri gampang katut arus informasi ingkang mboten leres utawi provokasi ingkang saged ngrusak paseduluran.

Mugi Gusti Allah Swt. tansah paring berkah lan perlindungan kagem sedaya santri ing satataning nusantara, saengga saged ambangun nagari ingkang subur makmur, baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur.

Mekaten atur sambutan ingkang saged kula aturaken. Mbok bilih wonten galihing atur saha mboten mranani ing penggalih, kula nyuwun agunging pangaksami.

Wabillahi taufiq wal hidayah,

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Jika anda ingin mengetahui informasi seputar Sambutan dapat klik tautan di bawah ini.

Kumpulan artikel tentang Sambutan

Baca juga artikel terkait HARI SANTRI NASIONAL atau tulisan lainnya dari Syamsul Dwi Maarif

tirto.id - Edusains
Kontributor: Syamsul Dwi Maarif
Penulis: Syamsul Dwi Maarif
Editor: Yulaika Ramadhani
Penyelaras: Satrio Dwi Haryono