Menuju konten utama
Contoh Soal Ujian Madrasah

Soal Ujian Asesmen Madrasah 2023 Kelas 9 Bahasa Jawa dan Jawaban

Soal ujian Asesmen Madrasah 2023 jenjang MTs kelas 9 materi bahasa Jawa beserta jawabannya.

Soal Ujian Asesmen Madrasah 2023 Kelas 9 Bahasa Jawa dan Jawaban
Sejumlah siswa mengerjakan soal saat mengikuti ujian akhir semester berbasis digital atau "online" dengan menggunakan telepon genggam di Madrasah Ibtidaiyah Negeri (MIN) 23 Aceh Barat Desa Alue Raya, Kecamatan Samatiga, Aceh Barat, Aceh, Senin (5/12/2022). ANTARA FOTO/Syifa Yulinnas/nym.

tirto.id - Terdapat beberapa contoh soal Asesmen Madrasah (AM) untuk kelas 9 Madrasah Tsanawiyah (MTs) yang dapat dipelajari sebagai latihan sebelum menghadapi ujian. Bahan di bawah ini juga bisa menjadi tolok ukur kemampuan siswa dalam mengerjakan soal.

Berdasarkan Surat Keputusan (SK) Direktorat Jenderal Pendidikan Islam tentang SOP Penyelenggaraan Asesmen Madrasah tahun 2022/2023, Asesmen Madrasah termasuk dalam asesmen sumatif yang dilangsungkan di akhir periode pendidikan.

AM sendiri dilaksanakan untuk siswa kelas 6 jenjang Madrasah Ibtidaiyah (MI), kelas 9 Madrasah Tsanawiyah (MTs), dan kelas 12 Madrasah Aliyah (MA). Sejumlah mata pelajaran yang diujikan meliputi Bahasa Indonesia, Akidah Akhlak, Fikih, hingga Bahasa Jawa.

Rentang waktu Asesmen Madrasah untuk jenjang pendidikan MTs adalah 10 April sampai dengan 20 Mei 2023. Berikut adalah contoh soal Asesmen Madrasah MTs kelas 9 mata pelajaran Bahasa Jawa.

Contoh Soal Asesmen Madrasah 2023 Kelas 9 Materi Bahasa Jawa & Jawabannya

Wacan kanggo soal nomer 1-3

Kacarita, wong-wong sing arep golek pesugihan wis antri wiwit esuk. Dheweke pengin mulya uripe nanging ora ndadak kerja. Manut kepercayane, golek pesugihan kaya mengkono cocog ing alam kang sarwa angel kaya mengkene. Kerja saben dina wae durung mesthi mulya uripe. Mangkono batine wong-wong kang pengin sugih nanging ora gelem kerja kanthi rekasa.

Ananging sajtine jamane manungsa ikut kudu obah ringkel saperlu nyukupi kabetahane. Kudu luru penggawean apa wae saperlu oleh rizki ingkang halal. (kapethik, saka Mandiri Basa Jawa 1 kaca 6)

1. Undheran gagasan/tema saka pethikan teks crita fiksi ing dhuwur yaiku….

A. Tetanen

B. Katresnan

C. Pangupa jiwa/ekonomi

D. Pariwisata

Jawaban: C

2. Menawa jingglengi panggonan ukara utamane, teks crita fiksi ing dhuwur kelebu jinis paragraf….

A. deduktif

B. induktif

C. campuran

D. deduktif-deduktif

Jawaban: B

3. Amanat saka teks crita fiksi ing dhuwur yaiku…..

A. wong pengen mulya ora perlu kerja saben dina, pekir sugiuh wis ginaris

B. wong pengen mulya uripe cukup golek pesugihan ora kudu kangelan kerja

C. wong pengen mulya kudu gelem iktiyar, ora mung nunggu netesing embun langit

D. wong urip usah rekasa nyambut gawe, sugih pekir ing tangane sing Mahakuwasa

Jawaban: C

Wacan kanggo soal nomer 4-5

"Pupuh Pangkur Pada I"

Kang sekar pangkur winarna

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

ala lan becik puniku

prayoga kawruhana

adat waton puniku dipun kadulu

Miwah ta ingkang tata karma

den kaesthi siyang ratri

4. Tembung prayoga ing teks kasebut mengku teges….

A. luwih bisa

B. luwih bener

C. luwih pinter

D. luwih becik

Jawaban: D

5. Manut surasane, tembang ing dhuwur ngemu piwulang/isi arupa….

A. urip iku kudu aja seneng umuk

B. wong urip kudu tansah waspada

C. tumindak ala lan becik kudu dingerteni

D. tata krama tansah diudi lan ditindakake awan lan bengi

Jawaban: D

Wacan kanggo soal nomer 6

"Pupuh Sinom Pada I"

Ambege kang wus utama

Tan ngnendhak gunaning janmi

Amiguna ing aguna

Sasolahe kudu bathi

Pintere den alingi

Bodhone dinokok ngayun

Pamrihe den inaa

Mring padha padhaning janmi

Suka lila den ina sapadha-padha

6. Manut teks tembang kasebut, watake wong utama kudu bisa….

A. nutupi bodhone

B. nambahi bodhone

C. nutupi kapinterane

D. ngetokake kapinterane

Jawaban: C

Wacan kanggo soal nomer 7

"Pupuh Sinom Pada 2"

Ingsun uga tan mangkana,

balilu kang sun alingi,

kabisan sun dokdok ngarsa,

isin menek den arani,

balilune angluwihi,

nanging tenanipun cubluk,

suprandene jroning tyas,

lumaku ingaran wasis,

tanpa ngrasa prandene sugih carita.

7. Pratelan kang jumbuh kalian isine tembang Sinom ing ndhuwur yaiku….

A. Lumrahe manungsa iku sok duduhake kapinterane

B. Lumrahe manungsa iku biasane nuduhake bodhone

C. Lumrahe wong kang cubluk, bakal nutupi kapinterane

D. Lumrahe wong kang cubluk, bakal ngetokake bodhone

Jawaban: A

Wacan kanggo soal nomer 8

“…. Mbok Randha bungah panggalihe amarga panjaluke kepingin kagungan putra wis kaleksanan. Mbok Randha ngucapke sokur marang Gusti Allah amarga dongane wis dikabulake. Bayi iku mau wadon. Pakulitane resik alus kaya kulit timun. Amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi dijenengake Timun Mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha dadi susah atine. Rina wengi Mbok Randha donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, Mbok Randha ngimpi kapethuk wong tapa ing Gunung Gandhul. Wong tapa kuwi mau kang bisa nulungi supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo ….”

(kapethik saka Marsudi Basa lan Sastra Jawa 1 kaca 40)

8. Amanat utawa piwulang luhur kang bisa kapethik saka teks crita kasebut yaiku….

A. methuki wong tapa ing Gunung Gandhul

B. aja gampang susah yen durung duwe anak

C. Buta ijo arep menehi anak marang Mbok Randha

D. tansah sokur lan dedonga marang paringane Gusti Allah

Jawaban: D

Wacan kanggo soal nomer 9

"Kethuthuk Thuthuk Kenong"

Nalika malem Setu ing desaku nanggap wayang. Iku wis dadi adat sabene. Aku salah sijining bocah sing seneng nonton wayang. Angger nonton mestshi nutug tekan esuk. Saking akehe penonton, ing wiwitane wayang aku ora isa lungguh ing sajroning panggung. Nanging bareng wis bubar gara-gara aku isa nonton munggah ing panggung. Aku isa lungguh ing cedhak kenong amarga isa sendhen rancaken kenong. Bareng wis parak esuk, ana kadadeyan sin ora bakal dak lalekake. Mbuh merga saka kesele lan ngantuk apa merga wis pirang-pirang dina ketanggap lan kurang turu, tukang kenong kuwi dudu nuthuk kenonge nanging nuthuk sirahku. Mula swarane ora “nong… nong… nong…” nanging “adhuh, Biyung!” para niaga liyane padha ninguk lan guyu mekekelen marang aku.

9. Miturut surasane, crita ing dhuwur kalebu crita pengalaman kang wujude crita ….

A. lucu

B. bungah

C. susah

D. nrenyuhake

Jawaban: A

Wacan kanggo soal nomer 10

Masyarakat Jawa kang saperangan gedhe nyambut gawe tani lan buruh tani, duweni tradisi unik kang ora bisa dipadhani karo wong liya. Tradisi unik kang dimaksud yaiku kebo-kebonan.

Tujuane upacara kebo-kebonan yaiku minangka tolak balak dan minangka iktiyare para tani supaya bisa panen kanthi apik, mulane wong-wong padha nganakake upacara kebo-kebonan. Upacara iki perangane wong dandan persis kaya kebo mlaku mubeng kampung. Wong-wong kang telung puluh mau, mlakune nirokake mlakune kebo lan diarak mubeng kampung, persis kaya kebo kang lagi dienggo mluku ing sawah. Prastawa iki pancen gayeng wajib dipepetri amrih lestari.

10. Amanat utawa piwulang luhur kang bisa kapethik saka teks deskripsi kasebut yaiku….

A. tansah meneng kaya kebo

B. aja iktiyar, kabeh wis ana sing ngatur

C. dadiya kaya kebo kang digunakake mluku

D. tansah iktiyar supaya hasil apa kang denpengeni

Jawaban: D

Wacan kanggo soal nomer 11-12

Shinta tansah ngarih-ngarih marang Sri Rama supaya kidang kang apik, resik, kuning kaya denen kencana (emas) dicekel. Panyuwune Shinta makaping-kaping marang garwane. Sepisan Rama ora kersa, nanging suwe-suwe pengalihe Rama lilih uga. Amarga Shinta tansah nyenyuwun kanthi ngenggon subasita/rasa urmat marang garwane supaya kidang mau bisa kecekel. Wusana Rama pamitan marang Shinta saperlu nyekel kidang mau, dene Lesmana kanng kapatrapan jejibahan njaga Shinta nganti uwal saka panggonan kang wus ditemtokake.

11. Manut teks ing dhuwur, kewan iku mau rupane kencana. Tembung kencana mengku teges….

A. ijo

B. kuning

C. ireng

D. abang

Jawaban: B

12. Pratelan ing ngisor jumbuh karo isine teks ing dhuwur yaiku….

A. anggone jaluk Shinta marang garwane sakkepenake

B. Rama lunga mburu kidang kencana amarga kepinginane dhewe

C. Lesmana tetep siyaga ngupadaya melu mburu kidang kencana ing alas

D. Shinta nyuwun marang garwane kanthi adreng ananging tetep gawa unggah-ungguh

Jawaban: B

Wacan kanggo soal nomer 13

Mbak Siwi (1) : Kepriye kabarmu, Rud?

Rudi (2) : Alhamdulillah, sehat, Mbak

Mbak Siwi (3) : Priye PR-mu wis kogarap?

Rudi (4) : wis takgarap, mbak

13. Wangsulane Rudi (4), menika sing bener…..

A. wis takgarap, Mbak.

B. wis kula garap, Mbak.

C. sampun takgarap, Mbak.

D. sampun kula garap, Mbak.

Jawaban: D

Wacan kanggo soal nomer 14

Agus : Sugeng enjing, Bu Guru!

Bu Guru : Sugeng enjing, Agus geneya kowe telat mlebu?

Agus : Weteng kula sakit, bu

Bu Guru : Wah apa kowe durung mangan?

Agus : kula wis maem, Bu

14. Wangsulane Agus “kula wis maem, bu” menika lepat, ingkang bener….

A, Kula sampun nedha, Bu.

B. Kula sampun dhahar, Bu.

C. Kula dereng dhahar, Bu.

D. Aku wis mangan kok, Bu.

Jawaban: A

Wacan kango soal nomer 15

"Asal-usul Dumadine Mrapen"

Amarga Empu Supa bisa gawa bali Dewi Rosowulan, banjur Empu Supa dikawinke karo Dewi Rosowulan dening gurune Sunan Kalijaga. Ananging sakdurunge kawin, gurune yaiku Sunan Kalijaga njaluk digawekake keris dening Empu Supa sing digawe ing pangonan sing wis ana geni kanggo mbakar, ana banyu kanggo nyepuh, lan ana waktu kanggo landasan supaya bisa dithuthuk. Empu Supa banjur budhal menyang panggonan mau lan nggawe keris kaya panyuwune Sunan Kalijaga. Keris iku diarani keris Kyai Sengkelat (Kyai Slamet). Keri siku digawe ora nganggo palu nanging dithuthuki nganggo tangan. Sakwise keris banjur dicelupake ana ing sendhang. Saknalika banyu sendhang iku diarani “Sendhang Dudo” amarga banyune iku katon umeb sing disebabke ana gas sing metu saka sumur.

Sakwise ngrampungake tugas, Empu Supa banjur dikawinke karo Dewi Rosowulan. Amarga keris gaweane Empu Supa iku dianggep sekti lan nduweni kekuwatan, Empu Supa banjur diwenehi tugas saka Sultan Demak kanggo nggawe pusaka lan Mrapen didadekake pusat pagaweyan pusaka mau.

15. Amanat utawa piweling kang bisa dijupuk saka crita ing dhuwur yaiku….

A. wong kang bekti marang wong tuwa bakale kere/miskin

B. wong kang mentingke wedele dhewe mesthi akeh bathine

C. wong kang manut marang printahe guru mesthi bakal mulya uripe

D. wong sing wicaksana marang wong liyane biasane diseriki wong akeh

Jawaban: C

Wacan kanggo soal nomer 16

"Pupuh Gambuh Pada 1"

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kakalantur

Tanpa tutur katula-tula katali

Kadaluwarsa katutuh

Kapatuh pan dadi awon.

16. Guru wilangan lan lagune gatra 3….

A. 10i

B. 10u

C. 12i

D. 12u

Jawaban: C

Wacan kanggo soal nomer 17-18

"Pupuh Kinanthi Pada 1"

Padha gulangen ing kalbu,

Ing sasmita amrih lantip,

Aja pijer mangan nendra,

Kaprawiran den kaesthi

Pasunen sariranira,

Sudanen dhahar lan guling

17. Tembung gulangen ana ing teks kasebut mengku teges….

A. anyara

B. dakwaa

C. pada lali

D. gladia

Jawaban: D

18. Manut surasane, tembang ing dhuwue ngemu piwulang/isi arupa….

A. Perkara ala kudu diterus-teruske

B. Tumindak ala lan becik kudu dingerteni

C. Tumindak ala sansaya ndandra yen ditelateni

D. latihen awakmu kanthi nyuda anggonmua mangan lan turu.

Jawaban: D

19. Ukara “kadaluwarsa katutuh” yen diserat ngangge aksara jawa sing bener….

A. ꧋ꦏꦢꦭꦸꦮꦂꦱꦏꦠꦸꦠꦸꦃ

B. ꧋ꦏꦢꦭꦸꦮꦂꦱꦏꦥꦸꦠꦸꦃ

C. ꧋ꦏꦢꦭꦶꦮꦂꦱꦏꦠꦸꦠꦸꦃ

D. ꧋ꦏꦣꦭꦸꦮꦂꦱꦏꦠꦸꦠꦸꦃ

Jawaban: A

Wacan kanggo soal nomer 20

Pamirsa, mantan Ketua DPRD Kendhal terdakwa kasus pidana korupsi bantuan sosial untuk WAPELSOS divonis 13 sasi karo majelis hakim Pengadhilan Negeri Kendhal. Vonis iki luwih entheng saka tuntutan JPU sing nuntut terdakwa 15 sasi penjara. Senajan sadurunge kesiyar ana kabar ana massa sing nggrudug Pengadhilan Negeri Kendhal, nanging jebul kabar kuwi ora kebukti. Sidhang perkara korupsi bantuan sosial 1,8 milyar rupiyah sing nglibatke Ketua DPRD Hasanudhin periodhe 2004 nganti 2009 kasil kaleksanan kanthi aman. Sidhang sing dipimpin hakim Dhidhik lan anggota hakim Abdulatif sarta Wahyu Iswari iki ngetokke vonis 13 sasi penjara. Terdakwa Hasanudin dianggep kebukti nilep dhuwit bantuan sosial.

……………………………………………..

Sapawi, Kuthane Dhewe Semarang

(Kuthane Dhewe, TV Borobudur surya kaping 25 Maret 2020 tabuh 21.30)

20 Isi pawarta ing dhuwur yaiku….

A. Wahyu Iswari yaiku terdakwa kasus pidana korupsi bantuan sosial untuk WAPELSOS kang divonis 13 sasi.

B. Hasanudhin yaiku terdakwa kasus pidana korupsi bantuan sosial untuk WAPELSOS kang divonis 13 sasi.

C. Abdulatif yaiku terdakwa kasus pidana korupsi bantuan sosial untuk WAPELSOS kang divonis 13 sasi.

D. Ketua DPRD yaiku terdakwa kasus pidana korupsi bantuan sosial untuk WAPELSOS kang divonis 13 sasi.

Jawaban: B

Baca juga artikel terkait CONTOH SOAL atau tulisan lainnya dari Aisyah Yuri Oktavania

tirto.id - Pendidikan
Kontributor: Aisyah Yuri Oktavania
Penulis: Aisyah Yuri Oktavania
Editor: Fadli Nasrudin