Menuju konten utama

35 Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 1 Semester 2 Kurikulum Merdeka

Berikut ini 35 contoh soal PAT bahasa Jawa kelas 1 semester 2 Kurikulum Merdeka pilihan ganda dan essay beserta jawabannya.

35 Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 1 Semester 2 Kurikulum Merdeka
Aksara Carakan (nglegena). FOTO/Wikimedia Commons

tirto.id - Sejumlah soal PAT bahasa Jawa kelas 1 semester 2 Kurikulum Merdeka berikut ini sudah dilengkapi jawaban. Ada sejumlah contoh pertanyaan, termasuk soal bahasa Jawa kelas 1 semester 2 tembang dolanan.

Siswa dapat mempelajari contoh soal bahasa Jawa kelas 1 semester 2 Kurikulum Merdeka beserta jawabannya itu menjelang ujian Penilaian Akhir Tahun (PAT) maupun UAS.

Kumpulan soal bahasa Jawa kelas 1 semester 2 dan kunci jawabannya juga dapat dipakai oleh guru. Pengajar bisa memakainya untuk meningkatkan pemahaman siswa atas materi bahasa Jawa kelas 1 semester 2 maupun Menyusun soal ujian.

Soal Bahasa Jawa Kelas 1 Semester 2 dan Jawaban

Materi soal UAS bahasa Jawa kelas 1 semester 2 berikut tersaji dalam bentuk essay dan pilihan ganda. Berikut ini 35 contoh soal PAT Bahasa Jawa kelas 1 semester 2 Kurikulum Merdeka beserta jawabannya:

I. Soal Bahasa Jawa Kelas 1 Semester 2 Pilihan Ganda

1. Watak sing ala lan ora pantes ditiru yaiku....

A. rukun

B. tetulung

C. ngapusi

Jawaban: C

2. Yen menehi pitulungan marang liyan kudu....

A. Ikhlas

B. wegah

C. grenengan

Jawaban: A

3. Yen kancamu lagi ngelak wenehana....

A. dhuwit

B. jajan

C. ngombe

Jawaban: C

Dongeng iki kanggo soal no. 4-8

Dumadakan ana manuk bango kandha arep nulungi iwan lan yuyu. Manuk bango mindhahake iwan lan yuyu ing kedhung. Iwan lan yuyu digawa ana cucuke manuk bango. Nanging, nalika mabur, iwak dimangsa manuk bango. Banjur iwak mati kapusan.

Yuyu ngerti yen manuk bango wis tumindhak culika marang iwak. Banjur gulune manuk bango dicepit yuyu. Kedadean iku dadi sebab yuyu lan iwak sing slamet ora percaya maneh karo manok bango.

4. "Iwak dimangsa bango."

Tembung dimangsa tegese....

A. Ditulungi

B. Dikancani

C. Dipangan

Jawaban: C

5. Bango isa ketemu iwak lan yuyu ana ing...

A. kebon

B. alas

C. kali

Jawaban: C

6. Ing dongeng mau, sing kena diapusi yaiku....

A. manuk

B. iwak

C. bango

Jawaban: B

7. Niate manuk bango marani yuyu lan iwak arep...

A. nulungi

B. ngancani

C. ngapusi

Jawaban: C

8. Ing dongeng mau, sing ngatonake paseduluran yaiku antarane...

A. Bango lan yuyu

B. Bango lan iwak

C. Yuyu lan iwak

Jawaban: C

Tembang dolanan anak ini kanggo soal no. 9-17

"Siji loro telu"

Siji loro telu

Tangane sedheku

Ngrungokake bu guru

Menawa didangu

Papat nuli lima

Lungguhe sing tata

Aja padha sembrana

Mundhak ora bisa

9. Tegese tembung Nuli yaiku....

A. Banjur

B. Akeh

C. Arep

Jawaban: A

10. Tembung Sedheku tegese yaiku....

A. Sedengan

B. Obah-obah

C. Dilipet ing dhuwur meja

Jawaban: C

11. Irah-irahan tembang ing dhuwur ….

A. Papat nuli lima

B. Siji loro telu

C. Enem pitu wolu

Jawaban: B

12. Diterusake! Tembang dolanan “siji loro …”

A. Telu

B. Papat

C. Lima

Jawaban: A

13. “menawa didangu” didangu terusake yaiku ….

A. Dituturi

B. Ditakoni

C. Dikandani

Jawaban: B

14. Papat -> nuli -> lima. Nirokake tembang ….

A. Papat nuli lima

B. Lungguhe sing tata

C. Aja padha sembrana

Jawaban: A

15. Aja padha sembrana. "Sembrana' tegese ….

A. Teratur

B. Lungguh

C. Guyon

Jawaban: C

16. Ganepana huruf kang ilang supaya dadi tembung kang bener!

LI...A

A. m

B. n

C. s

Jawaban: A

17. Siji loro telu ……

Lanjutane tembang ing dhuwur yaiku …

A. Tangane sedheku

B. Ngungokake bu guru

C. Menawa didangu

Jawaban: A

18. SD - aku - siji - Kelas

Ukara ing ndhuwur yen diurutake dadi ….

A. Aku siji kelas

B. Aku kelas siji SD

C. Aku kelas siji

Jawaban: B

Dongeng iki kanggo soal no. 19-25

"Kekancanane merpati karo semut"

Ing alas ana semut mlaku-mlaku golek pangan. Semut akeh kancane. Semut kondhang semangat gotong royong lan dhisiplin. Ing sawijine dina, ana angin gedhe. Saking bantere angin, ana salah sijine semut kawur angin kanthi kecemplung nang kali.

Semut iku megap-megap ameh klelep. Enggal-enggal merpati nyucuk godhong, karepe ameh wenehi pitulung kanggo semut. Semut enggal-enggal ngranggeh godhong, semut slamet. Semut ngucapake panuwun marang manuk merpati.

Isuk-isuk ono manuk merpati wis mbekur suarane apik, kanthi ana bocah loro arep nrepil manuk iku nganggo trepilan. Manuk merpati ora weruh yen arep ditrepil, ananging semut weruh.

Semut banjur nyokot sikile bocah mau sing arep nrepil manuk merpati. Sanalika uga sikile bocah iku gatel lan panas. Mimise ngglebas mlenceng ora ngenani merpati. Merpati weruh, banjur mabur lan ngedikan matur nuwun marang semut.

19. Irah-irahan dongeng ing dhuwur nyritake kekancanane ....

A. Semut karo kancil

B. Merpati karo semut

C. Kancil karo kebo

Jawaban: B

20. Merpati tetulung karo semut, semut ngucapake ….

A. Salam

B. Semangat

C. Matur nuwun

Jawaban: C

21. Dongeng ing dhuwur paragane yaiku merpati karo ….

A. Kancil

B. Baya

C. Semut

Jawaban: C

22. Sifat merpati karo semut yaiku seneng ….

A. Tetulung

B. Nyambut gawe

C. Gotong royong

Jawaban: A

23. Yen ngerti kanca tiba saka pit onthel kudune ….

A. Ora ngurusi

B. Nulungi

C. Ngguyuni

Jawaban: B

24. Isuk-isuk merpati wis … suarane apik.

A. Ngoceh

B. Ngerek

C. Mbekur

Jawaban: C

25. Sapa sing nulun semut? Sing nulung semut yaiku ….

A. Merpati

B. Kutilang

C. Kancil

Jawaban: A

II. Soal Essay Bahasa Jawa Kelas 1 Semester 2

26. Tuliske jenenge 15 perangan awak:

Jawaban: Sirah, batuk, mripat, irung, kuping, pipi, janggut, gulu, dhadha, tutuk, untu, pundhak, tangan, driji, sikil.

27. Basa krama inggile rambut, kuping, irung, lan mripat yaiku....

Jawaban: Basa kramane rambut = rekma; kuping = talingan; irung = grana/pangambung; mripat = soca.

28. Basa krama inggile sirah, weteng, tangan, lan sikil yaiku....

Jawaban: Basa kramane sirah = mustaka; weteng = padharan; tangan = asta; sikil = samparan.

29. Basa krama inggile driji, untu, janggut, lan pundhak yaiku....

Jawaban: Basa kramane driji = racikan; gulu = jangga; janggut = kethekan; pundhak = pamidhangan.

30. Basa ngokone kenaka, jaja, tuntunan, wentis, jengku, tosan, yaiku...

Jawaban: Basa ngokone kenaka = kuku; jaja = dhadha; tuntunan = wudel; wentis = pupu; jengku = dhengkul; tosan = balung.

31. Ngrungokake bu Guru menawa ….

Jawaban: didangu

32. Tembang "siji loro telu" kalebu jenis apa?

Jawaban: tembang dolanan

33. Aja padha …

Jawaban: sembrana

34. Papat nuli ….

Jawaban: lima

35. Paraga dongeng kekacanane merpati karo ….

Jawaban: semut

Baca juga artikel terkait CONTOH SOAL atau tulisan lainnya dari Aisyah Yuri Oktavania

tirto.id - Edusains
Kontributor: Aisyah Yuri Oktavania
Penulis: Aisyah Yuri Oktavania
Editor: Fadli Nasrudin
Penyelaras: Addi M Idhom