Menuju konten utama

40 Soal Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 Kurikulum Merdeka

Berikut ini contoh soal Bahasa Jawa kelas 7 semester 1 Kurikulum Merdeka beserta kunci jawabannya.

40 Soal Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 Kurikulum Merdeka
Siswa mengerjakan soal ujian sekolah di SMPN 1 Kudus, Kudus, Jawa Tengah, Senin (7/3/2022). ANTARA FOTO/Yusuf Nugroho/rwa.

tirto.id - Contoh soal Bahasa Jawa kelas 7 semester 1 Kurikulum Merdeka lengkap dengan jawabannya bisa digunakan oleh peserta didik sebagai latihan menghadapi Ujian Tengah Semester (UTS) atau Ujian Akhir Semester (UAS).

Bagaimana contoh soal UTS Bahasa Jawa kelas 7 semester 1 Kurikulum Merdeka atau soal UAS Bahasa Jawa kelas 7 semester 1 Kurikulum Merdeka?

Pembelajaran Bahasa Jawa diberikan kepada berbagai jenjang sekolah, mulai dari tingkat SD sampai SMA.

Untuk mendalami materi yang telah diajarkan di kelas, siswa-siswi juga bisa mempelajari Bahasa Jawa lewat sejumlah artikel contoh soal PAS Bahasa Jawa kelas 7 semester 1 Kurikulum Merdeka.

Lebih dari itu, terdapat juga sejumlah modul ajar Bahasa Jawa yang dapat diakses untuk memperoleh referensi rencana pembelajaran. Agar dapat sesuai dengan kondisi peserta didik di suatu sekolah, guru bisa melakukan modifikasi.

Adapun sejumlah latihan soal Bahasa Jawa kelas 7 semester 1 Kurikulum Merdeka yang bisa dilihat oleh peserta didik. Dengan membaca dan mengetahui jawabannya, para siswa dapat melakukan latihan sebelum menghadapi ujian yang sebenarnya.

Kumpulan Soal Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 serta Jawabannya

Berikut ini beberapa contoh soal Bahasa Jawa kelas 7 semester 1 Kurikulum Merdeka beserta kunci jawabannya.

Pilihen Ganda

Pilihen salah siji wangsulan sing paling bener!

1. "Sekawit, pabrik gula iki mung cilik lan sederhana." Ing kalimat mau, "sekawit" tegese ...

A. pungkasane

B. sadurunge

C. sakwise

D. pungkasan

Jawaban: B

(Pembahasan: Kata "sekawit" dalam Bahasa Jawa berarti "sadurunge" atau "wiwitan," yang merujuk pada sesuatu yang terjadi lebih dahulu atau pertama kali.)

Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah satunggaling papan wisata kang asri ana ing wewengkon Kutha Malang. Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan 30 km saka Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula hawane adhem

2. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....

A. Kolaborasi

B. Idhentifikasi

C. Klasifikasi

D. Deskripsi bageyan

Jawaban: B

Ing Coban randa saliyane banyu anjlog akeh wahana wisata kang bisa kita temoni kayata: kebun satwa lan kebon woh - wohan, taman labirin kanggo wahana dolanan goleki dalan, papan kanggo outbond uga ana, ana kuliner utawa café lan uga ana hunting foto.

3. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ....

A. Idhentifikasi

B. Kolaborasi

C. Klasifikasi

D. Deskripsi bageyan

Jawaban: D

Ana ing papan wisata Jatim Park iku bisa ditemokake maneka warna wahana kanggo dolanan, kayata : kreta kelinci, bom-bom car, tornado, labirin lan sapanunggalane kang bisa gawe para wisatawan iku kasengsem marang papan panggonan kasebut.

4. Paragraf ing dhuwur kalebu struktur teks deskripsi yaiku ….

A. Idhentifikasi

B. Klasifikasi

C. Kolaborasi

D. Deskripsi bageyan

Jawaban: B

Sampun setunggal taun anggenipun kula ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki

5. Tembung “kawruh” ing ndhuwur kalebu tembung ….

A. Aran

B. Kriya

C. Wilangan

D. Katrangan

Jawaban: A

Yen bu guru dhawuh prayogane bocah - bocah kudu ngrungokake, amarga pituture bu guru iku becik yen ditindhakak

6. Tembung dhawuh ing dhuwur kalebu tembung .…

A. Wilangan

B. Kahanan

C. Panyilah

D. Kriya

Jawaban: D

Kalawingi Budhe Narmi tindhak menyang Surabaya amarga arep dherek lomba nembang macapat.

7. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….

A. Cara

B. Wektu

C. Upaya

D. Panggonan

Jawaban: B

Esuk umun umun para kadhang tani tumandhang gawe menyang sawah, padha sayuk rukun makarya ing sawah kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma, ana sing mupuk lsp, supaya nalika mangsa panen, asil panen apik lan nyenengake.

8. Tembung “ macul, ngresiki lan mupuk “ kalebu tembung ….

A. Wilangan

B. Kahanan

C. Panyilah

D. Kriya

Jawaban: D

Adikku nggawa buku Basa Jawa kanggo sinau

9. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….

A. Upaya

B. Wektu

C. Tujuan

D. Panggonan

Jawaban: C

Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.

10. Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ....

A. Menyang

B. Sendhang biru

C. Para pengunjung

D. Kendaraan umum

Jawaban: A

1. Aku tuku gula ing pasar

2. Kula tumbas gendhis wonten ing peken

3. Kula mundhut gula ing peken

4. Kula mundhut gendhis ing peken

11. Ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer ….

A. 1

B. 2

C. 3

D. 4

Jawaban: A

Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.

12. Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….

A. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik

A. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik

C. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.

D. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik

Jawaban: C

Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo royo royo, ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa njaga alam ing sakiwa tengene.

13. Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka” kalebu tembung ancer ancer amarga tembung saka ….

A. Sesulihing Gunung Arjuna

B. Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna

C. Kanggo nerangake pangrasa ndheleng Gunung Arjuna

D. Kanggo nyambung tembung di dheleng karo Kutha Malang

Jawaban: D

Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar budaya. Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. Ing sakupenge tinemu reca (arca) peninggalan saka kerajaan Kediri.

14. Wisata ing dhuwur nyritakake ….

A. Pesisir Ngliyep

B. Kampung Coklat

C. Candi Penataran

D. Pesarean Bung karno

Mbah Sastra duwe pekarangan kang amba banget, dhewekke seneng ngingu kewan, akeh maneka warna kewan kang ana ing pekarangan kayata: sapi, wedhus, kebo, pitik, kelinci, bebek, menthog.

15. Manut teks ing dhuwur tembung kang nganggo swara miring yaiku ….

A. Sapi

B. Kebo

C. Kelinci

D. Wedhus

Jawaban: D

16. Ing ngisor iki kang ora kalebu jinising wacana yaiku ....

A. narasi

B. deskripsi

C. persuasi

D. notasi

Jawaban: D

Wacanen kang premati (kanggo pitakon nomer 2-5)

Nalika Esti arep mlebu sekolah sepisanan, atine seneng banget amarga dheweke bisa ketampa ana ing SMPsing dadi idham-idhamane. Malah wiwit Esti isih ana ing SD, dheweke wis kepengin banget sekolah ing kono. Mula saka kuwi, Esti sewengi ora bisa turu nglipus. Bola-bali Esti pijer nglilir amarga wedi yen kerinan. Kajaba seneng, atine Estiuga dheg-dhegan amarga mikir kepriye mengko yen mlebu sepisanan kamangka dheweke durung duwe kanca.

17. Esti kepengin sekolah ana ing SMP sing dadi idham-idhamane ....

A. nalika ujian SD

B. sadurunge mlebu SD

C. wiwit isih ana SD

D. nalika ujian SD

Jawaban: C

18. Tembunge liya kerinan yaiku ....

A. ketrucut

B. kebacut

C. kepadhangen

D. kewengen

Jawaban: C

19. Esti sewengi ora bisa turu nglipus amarga ....

A. kepengin mlebu sekolah

B. wedi yen kerinan

C. atine dheg-dhegan

D. durung duwe kanca

Jawaban: B

20. Irah-irahan (judul) kang trep kanggo wacan ing ndhuwur yaiku ....

A. Mlebu Sekolah Sepisanan

B. Duwe Kanca Anyar

C. Dadi Murid Anyar

D. Ketampa ing SMP

Jawaban: A

21. Tujuane nulis karangan narasi yaiku ....

A. njembarake kawruh

B. nggolek pengalaman kang endah

C. menehi wawasan

D. menehi ngerti utawa informasi

Jawaban: D

22. Narasi kang ngandhara kepawarta duwe ancas menehi ngerti marang para pamaos supaya tambah gamblang lan tambah pangertene. Kayata biografi, autobiografi, lan laporan perjalanan, iku diarani ....

A. eksploitatif

B. ekspositoris

C. fiktif

D. imaginatif

Jawaban: B

23. Sekawit langite padhang ndhrandhang, weruh-weruh dadi peteng ndhedhet lelimengan.

Tembung kang kacithak miring kalebu jinising tembung ....

A. garba

B. rurabasa

C. saroja

D. entar

Jawaban: C

24. Panulise ukara sing bener yaiku ....

A. Bu Dewi guru basa Jawa.

B. Bu Dewi guru Basa Jawa.

C. Bu dewi guru basa Jawa.

D. Bu Dewi guru Basa jawa.

Jawaban: A

25. Ing ngisor iki titikane utawa ciri-cirine wacana narasi, kajaba ....

A. mung asipat non fiksi

B. isine crita, kisah, kedadeyan

C. duwe tujuan mbujuk

D. ana tanda nggawe

Jawaban: C

26. Ukara-ukara ing ngisor iki kang ora kadunungan tembung saroja yaiku .…

A. Mengeti dina kamardikan para mudha padha gotong royong resik-resik desa.

B. Para warga sengkut gumregut anggone tumandang gawe.

C. Kabeh padha aweh sumbang surung kanggo majune desa.

D. Mudha mudhi uga melu mengeti dina kamardikan.

Jawaban:D

27. Raden Gathutkaca satriya kang gagah ... sekti mandraguna.

A. dhuwur

B. prakosa

C. gedhe

D. andhap asor

Jawaban: B

28. Iku perabot satuhu

Tegese iku cara kang ....

A. ora bener

B. nora becik

C. bener

D. Becik

Jawaban: C

29. Tembung nendra ing larikan tembang ing ndhuwur tegese ....

A. mangan

B. omongan

C. turu

D. mlaku

Jawaban: C

30. Isine tembang ing ndhuwur kasebut ing ngisor iki, kajaba ....

A. panimbang-nimbang ing kabecikan.

B. bab panimbang-nimbang iku cara kang bener.

C. aja lali tansah ngati-ati.

D. ninggalna panimbang-nimbang bab kabecikan

Jawaban: D

1. Orientasi

2. Resolusi

3. Komplikasi

4. Klimaks

5. Reorientasi

6. Koda/ amanat

31. Urutan struktur teks narasi ing ndhuwur kang baku yaiku ….

A. 1 – 3– 2 – 4 – 5 - 6

B. 2 – 6 – 4 – 1 – 5 - 3

C. 3 – 4 – 1 – 5 – 6 - 4

D. 1 – 3 – 4 – 2 – 5 – 6

Jawaban: D

“Ing sakjabane padhepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan..……”

32. Paragraf ing dhuwur yen dideleng saka struktur teks narasi kalebu bagean ....

A. Klimaks

B. Orientasi

C. Resolusi

D. Komplikasi

Jawaban: B

”Menawi makaten Kakang Adipati Karna, monggo enggal karampungaken jejibahan punika.” Arjuna atur sembah lan sumadiya nyengklak kreta perang, semono uga Adipati Karna."

33. Miturut struktur teks narasi, paragraf ing dhuwur kalebu bagean ....

A. Orientasi

B. Resolusi

C. Komplikasi

D. Koda/ amanat

Jawaban: C

Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis (dicepaki) ubarampene (kelengkapan) sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan.

34. Tembung sang bagaskara tegese ....

A. Bumi

B. Lintang

C. Rembulan

D. Srengenge

Jawaban: D

Para pahlawan rela ngorbanake jiwa raga kanggo bangsa lan negara Indonesia.

35. Tembung jiwa raga kalebu jinise tembung ....

A. Entar

B. Garba

C. Saroja

D. Dasanama

Jawaban: C

Esai

1. Tembung-tembung iki asale saka tembung lingga apa?

a. atine

b. dikandhani

c. ngeplak

d. sumunar

Jawaban:

a. ati

b. kandha

c. keplak

d. sunar

2. Paugerane/aturane tembang macapat iku ana 3, sebutna banjur terangna!

Jawaban:

Paugerane tembang macapat :

Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

guru gatra = cacahe gatra/larik saben sapada

guru wilangan = cacahe wanda saben sagatra/salarik

guru lagu = tibaning swara ing pungkasaning gatra/larik

3. Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen ukara kang luwes!

a. gotong-royong

b. akal pikiran

Jawaban:

a. Ing desaku saben dina Minggu dianakake gotong-royong.

b. Manungsa kadunungan akal pikiran minangka sanguning urip

4. Pak Sukirman ... saking kantor jam 14.00 WIB.

Jawaban: kondur

5. Ukara iki owahana basa ngoko alus!

Ibu menyang pasar tuku gula, beras, lan bumbon.

Jawaban: Ibu tindak pasar mundhut gula, beras, lan bumbon.

Baca juga artikel terkait CONTOH SOAL PTS atau tulisan lainnya dari Yuda Prinada

tirto.id - Pendidikan
Kontributor: Yuda Prinada
Penulis: Yuda Prinada
Editor: Yulaika Ramadhani
Penyelaras: Dhita Koesno