tirto.id - Teks sambutan ketua RT 17 Agustus singkat bahasa Jawa digunakan untuk membuka acara HUT Kemerdekaan Republik Indonesia. Sambutan ini dapat berisi ungkapan syukur kepada Tuhan, ucapan terima kasih kepada warga, sekaligus ajakan untuk mengisi kemerdekaan dengan hal-hal positif.
Peringatan Hari Kemerdekaan RI kerap diisi dengan berbagai kegiatan, mulai dari perlombaan, karnaval, pentas seni, hingga tirakatan yang umum digelar oleh masyarakat Jawa.
Setiap kegiatan biasanya akan dibuka dengan sambutan dari beberapa orang penting, termasuk salah satunya ketua RT. Untuk acara yang digelar oleh warga, sambutan ini bisa disampaikan dalam bahasa Jawa untuk menciptakan nuansa akrab dan hangat.
Sambutan ketua RT 17 Agustus singkat bahasa Jawa tidak hanya berfungsi sebagai pengantar acara, tapi juga menjadi sarana untuk menyampaikan rasa syukur, memberikan apresiasi kepada seluruh warga yang terlibat, serta menumbuhkan semangat persatuan dan gotong royong.
Kumpulan Contoh Teks Sambutan Ketua RT Bahasa Jawa untuk Acara 17 Agustusan

Sebagai pemimpin di lingkungan terkecil, ketua RT memiliki peran penting dala penyelenggaraan kegiatan peringatan HUT Kemerdekaan RI. Ketua RT juga seringkali diminta untuk menyampaikan sambutan di awal pembukaan acara.
Meski ringkas, sambutan tetap harus sarat makna, mengingatkan warga pada jasa para pahlawan, serta mendorong seluruh warga untuk terus menjaga kekompakan dalam membangun lingkungan yang rukun dan harmonis.
Di bawah ini adalah beberapa contoh sambutan ketua RT 17 Agustus singkat bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi.
1. Contoh Sambutan Ketua RT dalam Acara Malam Tirakatan 17 Agustus bahasa Jawa
Malam tirakatan merupakan tradisi masyarakat Indonesia, khususnya di Jawa, menjelang peringatan HUT RI 17 Agustus. Secara umum, malam tirakatan adalah kegiatan renungan dan doa bersama yang digelar oleh warga sebagai wujud syukur. Berikut contoh sambutan ketua RT malam tirakatan 17 Agustus bahasa Jawa:Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Alhamdulillah, puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dhumateng kita sedaya.
Awit saking punika, kita saged kempal wonten ing mriki kanthi sehat wal afiat kangge nindakaken Malem Tirakatan kangge mengeti Dinten Kamardikan Republik Indonesia.
Wonten ing kalodhangan menika, kula minangka ketua RT, ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, sedaya warga ingkang sampun kersa rawuh. Rawuhipun panjenengan sedaya dados bukti bilih kita taksih tresna lan peduli dhumateng bangsa lan negari.
Malem tirakatan menika sejatosipun boten namung kempal-kempal kemawon. Ananging, wonten ing malem menika kita dipun ajak supados ngenang jasa-jasanipun para pahlawan ingkang sampun rela berkorban jiwa raga kangge merebut kamardikan.
Kamardikan ingkang kita raosaken sakmenika, boten saged uwal saking perjuangan lan pengorbananipun para pahlawan.
Mugi-mugi, kanthi malem tirakatan menika, kita sedaya saged nuladhani semangat perjuanganipun para pahlawan. Kita kedah tetep njagi persatuan lan kesatuan, rukun, lan gotong royong ing lingkungan kita piyambak-piyambak.
Tanggale 17 Agustus 1945 dados tonggak sejarah ingkang ageng tumrap bangsa Indonesia. Kamardikan ingkang sampun kita raosaken menika, kedah kita isi kanthi bab-bab ingkang positif lan migunani. Kados ngisi pembangunan, njagi kerukunan, lan ngajeni perbedaan ingkang wonten ing masyarakat.
Monggo, kanthi semangat 17 Agustus, kita wujudaken lingkungan RT ingkang maju, sejahtera, aman, lan tentrem. Mugi-mugi, Indonesia tansah pinaringan berkah lan kemajuan.
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten kirang langkungipun, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
2. Contoh Sambutan Ketua RT Acara Lomba 17 Agustusan
Acara lomba 17 Agustusan menjadi salah satu momen paling meriah dalam rangka peringatan Hari Kemerdekaan RI. Kegiatan ini diawali dengan sambutan dari ketua RT yang dapat berisi pesan kebersamaan, sportivitas, dan rasa syukur atas kemerdekaan. Berikut contoh sambutan ketua RT 17 Agustus singkat bahasa Jawa:Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Sepisanan, kawula ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi rahmat, nikmat, saha sehat wilujeng, saéngga kita sedaya saged kapanggih lan makempal wonten ing papan punika kanthi bingah, kagem nglaksanani acara lomba peringatan dinten kamardikan Republik Indonesia.
Kawula, minangka Ketua RT, ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dhumateng sedaya warga ingkang sampun kersa nyengkuyung, nyawisaken wekdal, tenaga, saha pikiran, supados acara punika saged lumampah kanthi lancar lan marem.
Lomba punika mboten namung dados ajang panglipur, nanging ugi minangka wujud pangestunipun kita dhumateng para pejuang bangsa ingkang sampun paring korban gedhe tumrap kamardikan tanah air.
Mugi kanthi acara punika, rasa paseduluran, kekompakan, saha semangat gotong royong wonten ing masyarakat kita tansah kasembadan lan langgeng. Kula nyuwun supados sedaya warga saged melu kanthi sportif, ngajeni saben tiyang, saha njaga kerukunan bebrayan.
Pungkasanipun, kawula nyuwun pangestu dhumateng sedaya, mugi acara lomba 17 Agustusan ing RT kita tansah kaparingan kelancaran lan pinaringan berkah saking Gusti Allah SWT.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

3. Contoh Sambutan Ketua RT Acara Karnaval 17 Agustus
Kegiatan pawai atau karnaval 17 Agustus termasuk acara yang selalu dinanti para warga karena di momen inilah warga dapat berkumpul, bersuka cita, dan menunjukkan semangat persatuan. Berikut contoh sambutan ketua RT 17 Agustus singkat bahasa Jawa:
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bapak-bapak, Ibu-ibu, sedherek sedaya ingkang kula kurmati.
Puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dhumateng kita sedaya. Saengga ing kalodhangan menika, kita saged kempal kanthi sehat wal afiat kangge nindakaken karnaval ingkang sampun kita impi-impi.
Kula minangka Ketua RT, ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya. Panitia, para mudha, saha warga ingkang sampun ngorbanaken wekdal, tenaga, lan pikiran kangge nyuksesaken acara menika.
Karnaval menika sejatosipun boten namung arak-arakan biasa. Ananging, wonten ing karnaval menika kita saged ndadosaken sarana kangge nggugah rasa guyub rukun lan gotong royong ingkang sampun dados ciri khas bangsa kita.
Kita sedaya kumpul, mboten ningali agami, suku, utawi jabatan. Sedaya sami-sami makarti kangge ndadosaken acara menika meriah.
Mugi-mugi, kanthi acara karnaval menika, kita saged nanduraken rasa tresna dhumateng bangsa lan negari. Kita kedah saged ngisi kamardikan kanthi bab-bab ingkang positif lan migunani. Kados ngisi pembangunan, njagi kerukunan, lan ngajeni perbedaan ingkang wonten ing masyarakat.
Monggo, kita wujudaken lingkungan RT ingkang maju, sejahtera, aman, lan tentrem. Mugi-mugi, Indonesia tansah pinaringan berkah lan kemajuan. Mekaten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten kirang langkungipun, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
4. Contoh Sambutan Ketua RT Acara Pentas Seni Budaya 17 Agustus
Sambutan ketua RT 17 Agustus bahasa Jawa juga dapat disampaikan ketika membuka acara pentas seni budaya yang diselenggarakan saat HUT RI. Pentas seni ini merupakan wadah kreativitas sekaligus hiburan bagi warga. Berikut contoh sambutannya:Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bapak-bapak, Ibu-ibu, lan para rawuh ingkang kinurmatan, mugi sedaya tansah pinaringan rahmat saha berkah saking Gusti Allah SWT.
Sepisan malih, kula minangka Ketua RT nyuwun agenging panuwun dhumateng Gusti Allah SWT, awit ing dinten menika kita saged bebarengan kempal manunggal wonten ing acara Pentas Seni Budaya ingkang kalampahan minangka bagéyan saking peringatan HUT Kemerdekaan Republik Indonesia.
Kemerdekaan ingkang kita nikmati menika boten saking piyambak, nanging saking perjuangan para pahlawan bangsa ingkang sampun ngorbanake jiwa lan raga. Mugi kita tansah eling lan ngurmati jasa-jasaipun.
Kula ugi ngaturaken panuwun sanget dhumateng sedaya warga, para pamuda, pamudhi, saha panitia ingkang sampun kersa gotong royong, nyumbang tenaga, pikiran, lan dana, saéngga pentas seni menika saged kalampahan kanthi sae lan meriah.
Apresiasi ageng kula aturaken dhumateng sedaya pihak ingkang nyengkuyung acara menika kanthi tulus lan tanpa pamrih.
Mugi acara pentas seni budaya menika saged dados sarana nguri-uri kabudayan bangsa, ngukuhaken rasa tresna marang tanah air, lan sing paling wigati, ngukuhaken paseduluran lan persatuan wonten ing antarane warga.
Amargi persatuan menika dhasar kanggé njaga kamardikan lan kabecikan bebrayan. Pungkasanipun, mugi Gusti Allah tansah maringi rahmat saha paring pitulungan dhumateng kita sedaya.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
5. Contoh Sambutan Ketua RT Acara Bazar/Pasar Murah 17 Agustus
Warga dapat menggelar bazar murah dalam rangka memperingati Hari Kemerdekaan RI. Selain menyediakan kebutuhan masyarakat dengan harga terjangkau, bazar ini bisa menjadi sarana untuk mempererat solidaritas antar warga.Berikut contoh sambutan ketua RT acara 17 Agustus bahasa Jawa dalam pembukaan acara bazar atau pasar murah:
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Para rawuh ingkang kinurmatan, ingkang sepisanan kula nyuwun agenging panuwun dhumateng Gusti Allah SWT, awit kanthi rahmat lan paringanipun, kita saged kempal manunggal wonten mriki kanthi sehat wal’afiat, kagem bebarengan nindakaken acara bazar ingkang sampun kita siapakaken kangge mengeti Dinten Kamardikan Republik Indonesia.
Kita kedah tansah syukur dhumateng Gusti Allah, amargi kanthi anugerahipun, kita saged ngraosaken endahipun kamardikan menika.
Wonten ing kalodhangan menika, kula minangka ketua RT, ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, sedaya warga, saha para panitia ingkang sampun ngorbanaken wekdal, tenaga, lan pikiran kanthi gotong royong kangge nyuksesaken acara menika.
Tanpa panjenengan sedaya, acara menika boten saged kalampahan. Semangat gotong royong menika ingkang kedah tansah kita jagi, amargi dados salah satunggaling pusaka ingkang ndadosaken bangsa kita saged merdeka.
Bazar utawi pasar murah menika sejatosipun boten namung kegiatan ekonomi biasa. Ananging, wonten ing acara menika kita saged ndadosaken sarana kangge mbiyantu warga supados saged ngraosaken rega-rega ingkang mirah, mliginipun kangge kebutuhan pokok.
Kajawi punika, acara menika ugi ndadosaken sarana kangge nggugah rasa guyub rukun lan ndadosaken kita sadar menawi kita menika sedherek ingkang kedah saling mbiyantu.
Pramila, kanthi semangat 17 Agustus, monggo kita wujudaken lingkungan RT ingkang maju, sejahtera, aman, lan tentrem. Mugi-mugi, kanthi ananipun acara menika, kita sedaya saged tambah raket lan tansah njagi persatuan lan kesatuan.
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten kirang langkungipun, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

6. Contoh Sambutan Ketua RT Acara Santunan Anak Yatim
Menggelar bakti sosial atau santunan anak yatim menjadi salah satu cara dalam merayakan Hari Kemerdekaan. Acara ini menjadi wujud syukur sekaligus bentuk kepedulian terhadap sesama.Berikut contoh teks sambutan ketua RT 17 Agustus singkat bahasa Jawa dalam acara santunan anak yatim:
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Ing dinten menika, kawula rumiyin nyuwun agenging panuwun dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring pangestu saha kamulyan, saengga kita saged sesarengan kempal manunggal wonten ing acara menika kanthi lancar. Mugi sedaya ingkang rawuh tansah pinaringan sih rahmatipun Gusti.
Bapak/ibu sedaya ingkang kulo hormati, kamardikan ingkang kita nikmati sapunika minangka asil perjuangan para pahlawan bangsa. Mula, sampun selayutipun bilih kamardikan punika kita isi kanthi tindak-tanduk migunani, kados ta ngembangaken rasa kepedulian dhumateng sesami.
Santunan anak yatim punika dados wujud nyata saking semangat gotong royong lan persatuan, ingkang dados modal wigati kanggé mbangun Indonesia langkung sae.
Kawula, minangka Ketua RT, nyuwun agenging panuwun kanthi sanget dhumateng sedaya warga, para donatur, saha para panitia, ingkang sampun kersa nyumbang tenaga, pikiran, lan rejeki kanthi ikhlas, supados acara punika saged kalampahan kanthi becik, lancar, lan migunani tumrap para anak yatim.
Mugi Gusti Allah maringi ganjaran pahala ingkang katah lan berkah rejeki dhumateng panjenengan sedaya. Kanthi kerjasama lan gotong royong kados mekaten, kita sedaya sampun paring bukti bilih rasa peduli lan paseduluran wonten ing masyarakat kita isih ngrembaka kanthi sae.
Santunan anak yatim punika mboten namung dados wujud rasa kepedulian sosial, nanging ugi minangka perwujudan rasa syukur kita dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat kamardikan dhateng bangsa kita, saha maringi kesempatan dhumateng kita supados saged migunakake kemardikan punika kanthi ngelampahi kabecikan lan kebajikan.
Mugi panglampahan punika saged dados amal jariyah, ingkang pahalanipun tansah mili tumrap para warga sedaya ingkang sampun melu nyengkuyung, saha ndadosaken berkah tumrap lingkungan kita.
Mugi kanthi acara punika, kita sedaya saged njupuk piwulang supados tansah eling dhateng kewajiban kita saling ngopeni, utamanipun dhumateng para anak yatim, lan nglestarèkaké nilai gotong royong lan paseduluran.
Pungkasanipun, kawula nyuwun pangestu, mugi Gusti Allah SWT maringi ganjaran ingkang langkung ageng dhumateng sedaya pihak ingkang sampun nyengkuyung, saha maringi berkah lan kelancaran dhumateng acara punika.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Itulah beberapa contoh sambutan ketua RT 17 Agustus singkat bahasa Jawa yang dapat menjadi inspirasi untuk membuka jalannya acara peringatan HUT Kemerdekaan RI. Dengan menggunakan bahasa Jawa yang santun, pesan yang disampaikan akan terasa lebih akrab, berbudaya, dan menyentuh hati warga.
Selain sebagai bentuk penghormatan terhadap nilai-nilai tradisi, sambutan ini juga menjadi sarana untuk menumbuhkan semangat persatuan, gotong royong, dan rasa syukur atas nikmat kemerdekaan yang telah diraih bersama.
Untuk menambah referensi dan inspirasi dalam memeriahkan HUT Kemerdekaan Republik Indonesia, Anda dapat mengakses kumpulan artikel menarik terkait berbagai ide acara, teks sambutan, hingga informasi menarik lainnya tentang 17 Agustusan melalui link berikut:
Penulis: Erika Erilia
Editor: Erika Erilia & Yulaika Ramadhani
Masuk tirto.id



































