Menuju konten utama

2 Contoh Teks Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus Bahasa Jawa

Berikut 2 contoh teks sambutan Ketua Panitia 17 Agustus dalam bahasa Jawa, untuk malam tirakatan maupun acara puncak peringatan HUT RI ke-79 tahun 2024.

2 Contoh Teks Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus Bahasa Jawa
Warga di wilayah Kalurahan Semanu melaksanakan acara malam Tirakatan menyongsong HUT RI ke 77. (FOTO/semarangkota.go.id)

tirto.id - Ada kalanya pidato sambutan ketua panitia 17 Agustus disampaikan tidak dalam bahasa Indonesia, melainkan bahasa Jawa. Misalnya, ketika sambutan panitia agustusan tersebut dilakukan pada malam tirakatan atau puncak acara HUT RI di kampung-kampung warga pengguna bahasa Jawa.

Di berbagai wilayah penutur bahasa Jawa, malam tirakatan, atau malam merenungi jasa-jasa pahlawan kemerdekaan yang sudah gugur, digelar dengan bahasa pengantar bukan bahasa Indonesia. Di acara seperti ini, pidato seperti sambutan panitia 17 Agustus bakal disampaikan dengan bahasa Jawa.

Malam tirakatan untuk memperingati HUT RI biasanya dilakukan pada malam menjelang 17 Agustus. Tahun ini, malam tirakatan HUT RI ke-79 umumnya berlangsung pada Jumat, 16 Agustus 2024. Sementara itu, waktu puncak acara HUT RI lebih fleksibel dan biasanya di sekitar tanggal 17 Agustus.

Contoh Sambutan Ketua Panitia 17 Agustus Bahasa Jawa

Berikut ini contoh teks pidato sambutan ketua panitia 17 Agustus bahasa Jawa yang bisa disampaikan pada malam tirakatan di tingkat RT, RW, dusun, hingga desa.

Contoh teks pidato sambutan panitia agustusan bahasa Jawa ini bisa pula disampaikan di penutupan rangkaian kegiatan 17 Agustus 2024 atau peringatan HUT RI ke-79.

1. Contoh teks pidato sambutan ketua panitia 17 Agustus Bahasa Jawa

Bismillahirrahmannirrahim

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Para pepundhen ingkang satuhu kinabekten,

para pinisepuh miwah sesepuh ingkang dhahat kinurmatan,

Lurah [nama wilayah] Bapak/Ibu .... ingkang kula hormati,

Dukuh [nama wilayah] Bapak/Ibu ...

Bapak-bapak, ibu-ibu warga [nama wilayah] ingkang minulya,

saha sedherek kadang kaneman ingkang sutresna

Alhamdulillah, Alhamdulillahirobbil 'alamin, wash-sholatu wassalamu ala Rasulillah wala haula walla quwwata illa billah amma ba'du.

Sumongo kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti Allah Swt. ingkang Mahawelas lan Mahaasih, ingkang tansah paring mapinten-pinten rahmat lan hidayahipun, saenggo kita sedaya saged makempal ingin papan menika saperlu ngrawuhi malam tirakatan 17 Agustus ing [nama wilayah] menika.

Shalawat saha salam mugi katetepaken dhumateng junjungan kita sedaya, Nabu Muhammad saw. ingkang kita tengga syafaatipun wonten ing yaumul akhir samangke. Aamin.

Bapak-bapak saha ibu-ibu ingkang minulya, keparenga kula minangka perwakilan panitia pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 77 wonten ing taun 2022 menika, ngaturaken agunging panuwun dhumateng warga [nama wilayah] ingkang sampun kersa paring pambiyantu dhumateng panitia, saengga reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 77 tahun menika saged lancar saking purwakaning kegiatan dumugi pungkasan.

Para rawuh ingkang kulo hormati, panitia ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, soho adik-adik ingkang sampun kersa nderek sarta ngregengaken lomba 17 Agustus wonten ing [nama wilayah] menika. Mugi-mugi lomba-lomba menika, saged ndadosaken warga [nama wilayah] langkung kompak saha langkung guyub.

Bapak-bapak saha ibu-ibu, ingkang pungkasan, kula minangka wakil panitia ugi nyuwun agunging pangapunten mbok menawi wonten ing reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 77 menika, panitia kathah klenta-klentunipun ingkang mboten nujuprono ing penggalih.

Saking kula cekap semanten,

wabillahi taufiq wal hidayah,

Wassalamualaikum wr. wb.

2. Contoh sambutan panitia 17 Agustus bahasa Jawa

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Dumateng poro sesepuh pini sepuh ingkang satuhu kinabekten. Poro rawuh kakung miwah putri ingkang kinurmatan, sarto poro wiranem ingkang tansah winangku sinudarsono.

Sadarengipun matur, kulo nyuwun lumunturing samudro pangaksami wonten ngarso panjenengan, dene sampun kumawani munggel pangandikan sarto kamardikan panjenengan sami ingkang nembe sekeco wawan pangandikan.

Poro rawuh ingkang satuhu kinurmatan. Langkung rumiyin monggo kito sedoyo sami ningkataken syukur lan taqwo kito wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah paring mapinten-pinten kanikmatan dhateng kula panjenengan sedaya, saenggo dumugi titi wanci puniko kita taksih pinaringan kawilujengan ing sadayanipun.

Shalawat sarto salam mugio tansah tumanduk wonten ing ngarsanipun junjungan kita Nabi Agung Muhammad Muhammad Shollallahu 'alaihi wasallam ingkang tansah kito antu-antu Syafaatipun mangke wonten ing dinten Yaumul Qiyamah. Allahumma Amin.

Poro lenggah ingkang dhahat kinurmatan.... Wonten ing kalodangan ingkang mirunggan meniko kulo minangkani pamundhutipun "Panitia Pengetan Kemardikan RI 2024" ngaturaken agunging panuwun dhumateng wargo [NAMA WILAYAH] ingkang sampun kerso paring pambiyantu dhumateng panitia, saengga reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 79 tahun 2024 menika saged lancar saking purwakaning kegiatan dumugi pungkasan.

Para rawuh ingkang kulo hormati, kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak, ibu-ibu, soho adik-adik ingkang sampun kerso nderek sarta ngregengaken adicoro lomba 17 Agustus wonten ing [nama wilayah] menika. Mugi-mugi lomba-lomba menika, saged ndadosaken warga [nama wilayah] langkung kompak miwah guyub.

Poro lenggah ingkang minulyo, ingkang pungkasan, kula nyuwun agunging pangapunten mbok menawi wonten ing reroncening adicara pengetan HUT RI menika, kathah klenta-klentunipun ingkang mboten nujuprono ing penggalih.

Cekap semanten ingkang dadhos atur kulo, wabillahi taufiq wal hidayah wa ridho wal inayah, Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Baca juga artikel terkait HUT RI atau tulisan lainnya dari Fitra Firdaus

tirto.id - Edusains
Penulis: Fitra Firdaus
Editor: Iswara N Raditya
Penyelaras: Addi M Idhom