Menuju konten utama

55 Soal Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 Beserta Jawabannya

Simak daftar soal Bahasa Jawa Kelas 10 semester 1 dan kunci jawaban berikut untuk bahan belajar jelang ujian PTS/UTS maupun UAS/PAS.

55 Soal Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 Beserta Jawabannya
Dalang Ki Kasmin Guno Prayitno memainkan wayang kulit Surakarta saat pentas di Museum Wayang, Jakarta, Minggu (24/9/2023). ANTARA FOTO/Asprilla Dwi Adha/YU

tirto.id - Bahasa Jawa adalah salah satu mata pelajaran muatan lokal di sekolah-sekolah yang ada di wilayah Jawa Tengah, Yogyakarta, dan Jawa Timur. Pelajaran ini juga termasuk materi ujian di Penilaian Tengah Semester (PTS/UTS) maupun Ujian Akhir Semester (UAS/PAS).

Sejumlah soal Bahasa Jawa kelas 10 semester 1 dan kunci jawaban di artikel ini bisa jadi bahan belajar menjelang ujian. Peserta didik juga dapat mencermati contoh soal Bahasa Jawa kelas 10 semester 1 kurikulum merdeka itu untuk meningkatkan pemahaman.

Di antara soal Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 terkait dengan wayang. Contoh soal dan jawaban tentang wayang kelas 10 akan tersaji dalam bentuk pilihan ganda dan essay. Di sisi lain, ada juga contoh soal PTS bahasa Jawa kelas 10 semester 1 yang bisa dikaji.

Kumpulan Soal Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 dan Jawabannya

Sejumlah 35 soal UAS bahasa Jawa kelas 10 semester 1 Kurikulum Merdeka berikut akan disajikan dalam bentuk pilihan ganda. Lain itu, ada juga 20 soal essay bahasa Jawa kelas 10 semester 1 beserta jawabannya.

Selain dapat dipelajari untuk menghadapi UAS/PAS, beberapa pertanyaan di bagian awal merupakan contoh soal UTS bahasa Jawa kelas 10 semester 1. Adapun pertanyaan yang lain, bisa dicermati sebagai contoh soal PAS bahasa Jawa kelas 10 semester 1.

Berikut ini 55 contoh soal Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 dan kunci jawaban dalam bentuk pilihan ganda dan essay:

A. Soal Pilihan Ganda Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1

1. Aksara yaiku wujuding gambaraning...

  • A. Swara
  • B. Wanda
  • C. Basa
  • D. Tembung
Jawaban: A

2. Aksara kang wis mujudi wanda utawa wis kena dianggo nulis yaiku aksara...

  • A. sigeg
  • B. menga
  • C. mati
  • D. tembung
Jawaban: B

3. Aksara kang durung keno kanggo mujudi gambaraning wanda yen durung karaketan aksara urip yaiku aksara...

  • A. menga
  • B. Urip
  • C. legena
  • D. sigeg
Jawaban: D

4. Salah siji titenan pawarta, yaiku pepak kang jumbuh karo....

  • A. 5W + 1 H
  • B. basa trep
  • C. narik kawigaten
  • D. titemu ning akal
Jawaban: A

5. Pawarta iku kudu tinimbang aja abot sisih. Tegese pawarta kudu....

  • A. objektif
  • B. anyar
  • C. cover both side
  • D. bener
Jawaban: C

6. Underan pokok sing dibahas sajerone cerita wayang, yaiku...

  • A. latar
  • B. tokoh
  • C. tema
  • D. alur
Jawaban: C

7. Setting ing jerone cerita wayang ana 3, yaiku setting....

  • A. wayah, papan, lan swasana
  • B. cerita, papan, lan panggonan
  • C. wayah, tema, lan tokoh
  • D. wayah, papan, lan sudut pandang
Jawaban: A

8. Unsur kang nuduhake papane panulis ing jerone cerita wayang, yaiku...

  • A. tema
  • B. latar
  • C. sudut pandang
  • D. setting
Jawaban: D

9. Sudut pandang wong....ciri utamane yaiku nggunakake tembung sesulih wong katelu yaiku dheweke utawa wonge lan sapanunggalane.

  • A. kapisan
  • B. kapindo
  • C. katelu
  • D. liya
Jawaban: C

10. Cerita wayang sumbere cerita saka....

  • A. cerita ramayana lan mahabarata
  • B. cerita-cerita menak
  • C. cerita-cerita panji
  • D. kabeh jawaban bener
Jawaban: D

11. Tulisan kang isine panemu, ide utawa fakta kang tarkadhang nglelipur, ndhidhik utawa nyaruwa sawijine babagan diarani ...

  • A. Teks wayang
  • B. Teks artikel
  • C. Cerkak (cerita cekak)
  • D. Teks profil
Jawaban: B.

12. Sing ora kalebu ciri-ciri saka artikel yaiku...

  • A. Tulisane cekak, padhet, cetha, lan pembahasane jangkep lan tuntas
  • B. Sumbere saka fakta kang ana
  • C. Basane mentes, ora dawa ngambra-ambra
  • D. Isa kang disampekake cundhuk klawan fakta kang diolehi saka nara sumber
Jawaban: C.

13. Strutur saka teks artikel kasusun saka, kajab...

  • A. Pambuka
  • B. Isi
  • C. Dudutan
  • D. Panutup
Jawaban: D.

14. Tulisan kang didhapuk kanggo nerangke utawa njlentrehake sawijine babagan marang pamaos. Iku ing aranan artikel...

  • A. Eskplanatif
  • B. Preskriptif
  • C. Dheskriptif
  • D. Eksploratif
Jawaban: A.

15. Artikel preskriptif yaiku...

  • A. Tulisan kang didhapuk kanggo nggambarake sawijine prekara kang pinuju dumadi ing madyaning bebrayan
  • B. Artikel kang ngemot sawijine babagan kang sipate arep utawa durung dumadi, miturut analisa di penulis
  • C. Artikel kang aweh tuntunan marang pamaos kanggo nindakake sawijine babagan saengga ora ngalami kekeliruan
  • D. Tulisan kang isine ndungkapape fakta-fakta miturut pamawase si penulis
Jawaban: C.

16. Lumrahe Makalah Panaliten iku didungkapake sajrone artikel...

  • A. Preskriptif
  • B. Predhiktif
  • C. Eksplanatif
  • D. Eksploratif
Jawaban: D

17. Sing kalebu tuladhane artikel deskriptif yaiku ...

  • A. Mbobotisayembara perang lebur kena aji Narantaka
  • B. Terapi banyu putih
  • C. Sanksi kepala dhaerah
  • D. Sesambungan karo tanah leluhur ora bisa pedhot
Jawaban: C

18. Artikel “Dolanan Tradisional Nyenengake Luwih Murah lan Guyub” didungkapake sajrone artikel...

  • A. Eksploratif
  • B. Eksplanatif
  • C. Dheskriptif
  • D. Predhiktif
Jawaban: B.

19. Artikel kang ngemot sawijine babagan kang sipate arep utawa durung dumadi. Iki ingaranan artikel...

  • A. Predhiktif
  • B. Dheskriptif
  • C. Preskriptif
  • D. Eksplanatif
Jawaban: A.

20. Artikel “Godhong Murbei Tamba Asam Urat lan Kencing Manis” didungkapake sajrone artikel...

  • A. Eksploratif
  • B. Preskriptif
  • C. Predhiktif
  • D. Eksplanatif
Jawaban: B

21. “Predhiksi asil tetandhingan bulu tangkis nasional” iku didungkapake sajrone artikel...

  • A. Eksploratif
  • B. Dheskriptif
  • C. Predhiktif
  • D. Preskriptif
Jawaban: C

22. Seni pagelaran (tontonan) asli Indonesia kang banget ngrembaka ing pulo Jawa lan Bali yaiku...

  • A. Kethoprak
  • B. Ludruk
  • C. Teater
  • D. Wayang
Jawaban: D

23. Pawongan sing nglakokake pagelaran wayang diarani...

  • A. Sutradara
  • B. Dhalang
  • C. Sindhen
  • D. Produser
Jawaban: B

24. Cerita wayang kang mujudake kabecikan lan kaelekan kang nggambarake kawengisan Kolonialis Walanda njajah Indonesia, ingaranan wayang...

  • A. Wayang purwa
  • B. Wayang gedhog
  • C. Wayang suluh
  • D. Wayang topeng
Jawaban: C.

25. Tegese wayang wong yaiku...

  • A. Nggambarake kisah bab kitab Mahabarata kanthi inti cerita perang “Barata Yuda”
  • B. Nggambarake kisah kerajaan lan kang dadi paragane diperanake dening pawongan
  • C. Paraga wayang iki kabeh migunakake topeng ing pasuryan utawa wadanane
  • D. Wayang kang dumadi saka adegan-adegan kang dilukis ing kain alus
Jawaban: B.

26. Dewi kunti nduweni putra sing diarani...

  • A. Pandhawa
  • B. Kurawa
  • C. Punakawan
  • D. Kresna
Jawaban: A.

27. Dasanamane Raden Puntadewa yaiku...

  • A. Bratasena
  • B. Senggana
  • C. Yudhistira
  • D. Janaka
Jawaban: C.

28. Sing kalebu unsur instrinsik teks pewayangan, kajaba...

  • A. Gaya basa
  • B. Situasi sosial
  • C. Sudut pandang
  • D. Pamaragan
Jawaban: B.

29. Ing cerita pawayangan paraga nduweni pamaragan sing nduweni teges...

  • A. Mujudake indhividu kang nduweni peran sajrone crita
  • B. Pokok pikiran utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita
  • C. Rerangken prastawa kang didhapuk adhedhasar hukum kausalitas
  • D. Solah bawa utawa sipate saka paraga ing lelakone
Jawaban: D.

30. Sing kalebu paraga tritagonis sajrone crita Ramayana yaiku...

  • A. Raden Rama
  • B. Rahwana
  • C. Anoman
  • D. Kresna
Jawaban: C. Anoman

31. Raden Gathutkaca iku putra saka raden...

  • A. Werkudara
  • B. Permadi
  • C. Yudhistira
  • D. Duryudana
Jawaban: A.

32. Cara khas sawijine pengarang sajrone ndungkapake ide utawa gagasan liwat crita arane...

  • A. Tema
  • B. Paraga
  • C. Gaya basa
  • D. Sudut pandhang
Jawaban: C.

33. Pokok pikiran utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita kang arep disampekake pengarang liwat rerangkene crita arane...

  • A. Paraga
  • B. Pamaragan
  • C. Tema
  • D. Plot/alur
Jawaban: C.

34. Wayang suluh sinebut uga kathi julukan...

  • A. Wayang drama
  • B. Wayang ludruk
  • C. Wayang kethoprak
  • D. Wayang sandiwara
Jawaban: D.

35. Ing crita pewayangan Mahabaratha, pandhawa lan kurawa nduweni guru sing jenenge...

  • A. Bisma
  • B. Kresna
  • C. Drona
  • D. Pandu
Jawaban: C.

B. Soal Essay Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1

36. Apa sing diarani Pramasastra?

Jawaban: Pramasastra yaiku ngelmu kang nyinau babagan penulisan, aksara, wanda, sarta tataning tembung lan ukara ing basa jawa.

37. Apa sing diarani Pawarta?

Jawaban: Pawarta yaiku informasi (kabar) anyar utawa ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran, utawa saka pirembagan marang wong liya utawa pamireng.

38. Salah siji etika nulis pawarta iku cover both side, kang artine....

Jawaban: pawarta iku kudu tinimbang aja abot sisih, luwih-luwih nyebutake pihak-pihak kang ana sesambungan langsung karo pawarta kasebut.

39. Jelasake panemumu babagan wayang!

Jawaban: Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan drama sing khas in nusantara, utamane jawa lan sekitare. Ana ing kesenian wayang, kamot seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane. Ana panganggep yen pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang.

Minangka kesenian rakyat utawa keraton, wayang akeh banget jenise. Ana wayang golek sing kagawe saka kayu, ana wayang kulit kagawe saka kulit sapi utawa lembu, wayang klithik kagawe saka kayu, wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan sapiturute.

40. Apa wae unsur pembangun kang ana ing sajroning cerita wayang?

Jawaban: Kaya karya sastra liyane, cerita wayang uga nduweni unsur-unsur pambangun. Unsur-unsur kasebut yaiku tema, latar/setting, paraga lan watak, alur, amanat, lan punjering cerita/sudut pandang.

41. Bedakake penokohan lan sudut pandang!

Jawaban: Penokohan yaiku tokoh pelaku sajeroning cerita wayang. Dene sudut pandang yaiku salah sijing unsur intrinsik kang awujud posisi pangripta wonten ing cerita wayang.

42. Jelasake panemumu babagan amanat ing cerita wayang!

Jawaban: Amanat ing cerita wayang yaiku piwulang utawa pitutur sing ana sajeroning cerita wayang. Amanat iki ora kudu padha saben pawongan sing maca cerita wayang. Bisa wae amanat sing ditampa pamaca siji lan liyane beda.

43. Jelasake nilai sajroning cerita wayang!

Jawaban: Sajeroning cerita wayang, mesthine ana nilai-nilai sing bisa ditrapake dening pamaca. Nilai-nilai kang kasebut antarane yaiku: nilai budaya ana gayute karo gagasan pamikiran; asil cipta rasa karsane manungsa; nilai sosial minangka nilai sing ana gandheng cenenge karo brayane manungsa ing alam donya; nilai pendidikan minangka dalan perubahan manungsa dadi luwih apik; nilai moral sing jumbuh karo norma masyarakat bebrayan; nilai religius jumbuh karo tuntunan agama lan kepercayaan; nilai Etika, nilai politis, nilai estetis lan nilai-nilai liyane sing ana hubungane karo panguripane manungsa.

44. Ciri sudut pandang wong kapisan ing cerita wayang yaiku....

Jawaban: Ciri utama saka sudut pandang wong kapisan yaiku nggunakake tembung sesulih wong kapisan: aku/ dak / tak, nyritakake apa sing dilakoni lan ngandharake rasa pengrasa pribadi kanthi tembung aku.

45. Jelasake babagan Lelewaning basa ing cerita wayang!

Jawaban: Lelewaning basa yaiku gaya cerita panulis. Lelewaning basa iki bisa arupa majas lan purwakanthi. Majas sing umum digunakake ing cerita wayang yaiku majas sarkasme lan eufemisme ing basa krama alus. Saliane majas kasebut, ana uga majas majas hiperbola, metaforan lan sapanunggalane.

46. Jelasake apa sing diarani aksara legena!

Jawaban: Aksara cacahe 20, yaiku aksara ha nganti aksara nga. Legena nduweni teges wuda, utawa bisa diarani aksara sing durung oleh sandangan lan pasangan.

47. Jelasake gunane aksara pasangan!

Jawaban: Kanggo panyigek wanda sajrone tembung.

48. Sajrone ukara utawa paragraf, sandhangan pangkon iku panulisane ana ing?

Jawaban: Ana ing pungkasane ukara.

49. Sandhanan “wignyan” iku panulisane ana ing pungkasane tembung, pener apa salah, alasane apa?

Jawaban: Salah, amerga sandhangan wignyan bisa ditulis ing tengahi tembung, sandhangan wigyan minangka sesulihe panyigeg wanda H, saengga aksara Ha ora oleh diwenehi pasangan.

50. Yen nulis aksara jawa ana huruf “NC” lan “NJ” panulisane kudu piye?

Jawaban: Panulisane aksara ca lan ja diowahi dadi aksara nya

51. Jelasake gunane aksara sandhangan!

Jawaban: Supaya aksara legena bisa muni swara liyane kaya A, I, U, E, O.

52. Apa sebabe aksara legena “la” lan “ra” ora oleh diwenehi sandhangan pepet?

Jawaban: Mergane aksara la lan aksara ra iku nduweni bentuk aksara dhewe, saengga ora perlu diwenehi pepet yaiku nga lelet lan pa ceret.

53. Aksara pasangan apa wae yen oleh sandhangan suku kudu mbalik wujud awale?

Jawaban: Aksara pasangan NA, KA, TA, LA

54. Ana pira cacahe aksara legena iku? Tulisen aksarane!

Jawaban: Aksara legena ana 20 cahahe, yaiku:

ha. ꦲ na. ꦤ ca. ꦕ Ra. ꦫ ka ꦏ

da. ꦢ ta. ꦠ sa. ꦱ wa. ꦮ la ꦭ

pa. ꦥ dha. ꦝ ja. ꦗ ya. ꦪ nya. ꦚ

ma. ꦩ ga. ꦒ ba. ꦧ tha. ꦛ Nga. ꦔ

55. Ana pira cacahe aksara pasangan? Tulisen aksrane!

Jawaban: Cacahe aksara pasangan ana 20, yaiku:

ha. ꧀ꦲ na. ꧀ꦤ ca. ꧀ꦕ Ra. ꧀ꦫ ka. ꧀ꦏ

da. ꧀ꦢ ta. ꧀ꦠ sa. ꧀ꦱ wa. ꧀ꦮ la. ꧀ꦭ

pa. ꧀ꦥ dha. ꧀ꦝ ja. ꧀ꦗ ya. ꧀ꦪ nya. ꧀ꦚ

ma. ꧀ꦩ ga. ꧀ꦒ ba. ꧀ꦧ tha. ꧀ꦛ nga. ꧀ꦔ

Baca juga artikel terkait CONTOH SOAL atau tulisan lainnya dari Syamsul Dwi Maarif

tirto.id - Edusains
Penulis: Syamsul Dwi Maarif
Editor: Yulaika Ramadhani
Penyelaras: Addi M Idhom