tirto.id - Contoh pidato bahasa Jawa singkat tentang kebersihan ini bisa dijadikan referensi bagi siapa saja yang harus berpidato dengan tema kebersihan di depan hadirin yang menggunakan bahasa Jawa dalam keseharian mereka.
Pidato adalah salah satu cara menyampaikan ide ataupun pesan kepada khalayak ramai. Pidato yang efektif adalah pidato yang dapat dengan mudah dipahami oleh para pemirsa pidato tersebut.
Salah satu cara membuat pidato efektif adalah, menciptakan teks pidato yang bahasanya sederhana dan menggunakan bahasa yang juga dipahami oleh para khalayaknya. Jika ingin berpidato di tengah khalayak yang berbahasa Jawa, maka pidato yang disampaikan sebaiknya menggunakan bahasa Jawa.
Sebagai referensi bagi siapa saja yang sedang merencanakan sebuah pidato dengan khalayak berbahasa Jawa, berikut ini akan disampaikan lima contoh pidato bahasa Jawa, dengan tema kebersihan.
Kumpulan Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Kebersihan

Pidato bahasa Jawa tentang kebersihan lingkungan singkat ini bisa dijadikan referensi bagi yang ingin membuat pidato bertema gotong royong untuk menciptakan kebersihan.
Tema gotong royong pidato bahasa Jawa singkat tentang kebersihan ini bisa dipilih, agar para khalayak yang mendengarkan pidato tersebut memahami pentingnya bergotong royong untuk mencapai lingkungan, baik lingkungan sekolah ataupun lingkungan desa, yang bersih dan nyaman.
Berikut ini beberapa contoh pidato bahasa Jawa singkat tentang kebersihan:
1. Pidato Bahasa Jawa tentang Kebersihan Lingkungan Singkat
Ini adalah contoh pidato bahasa Jawa tentang kebersihan lingkungan singkat:Assalamu’al Assalamu’alaikum Wr. aikum Wr. Wb
Panjenengan bapak-bapak, ibu para warga ingkang kinurmatan, para kadhang werdha mudha
sedaya ingkang kula tresnani.
Kula tansah ngaturaken gunging panuwun awit kerawihan panjenengan sedaya wonten ing
papan punika, bab punika nedahaken bilih bapak, ibu lan para sederek sedaya angrumaosi
minangka salah satunggaling warga ingkang sae. Kula sanget bingah lan mengkog ing sanget bingah lan mengkog ing penggalih penggalih anggadha anggadhahi warga kados hi warga kados bapak, ibu lan kadang-kadang sedoyo. bapak, ibu lan kadang-kadang sedoyo.
Bapak ibu, lan kadang-kadang sedaya kita remen kalian kaindahan lan kabersihan. Abersihan
lan kaindahan meniko satunggaling kunci ketentreman, napake mawon! Ingkang asri lan sae
badhe cepet ical kaindahanipun prikala mendeke mawon kanti kotor lan mboten kumrawat,
kadosa ageman sae ingkang kotor dados mboten sae, semanten ugi kados untu ingkang rapi
nanging kotor meniko ugi nanging kotor meniko ugi mboten diremeni. Mboten diremeni.
Mula kagem njaga kabersihan lingkungan mangga kita laksanaaken kerja bakti, sareng-sareng.
Tartamta kemawon kanthi kerja bakti punika kita wiwiti kanthi ambudayakaken tresna
dhateng kebersihan lingkungan punika, sedyaning manah kula, sesampunipun kerja bakti
budaya tresna dhateng kebersihan.
Para tamu sedaya kebersihan menika salah satunggaling pokok kesehatan, menawi lingkungan
kita resik, mila gesang kita kita resik, mila gesang kita badhe jeraos nyampun. badhe jeraos nyampun.
Mekaten, lan nyuwun gunging pangapunten manawi thitaling atur kula, kiranging suba sita
miwah tumpang suhing basa lan sastra panutuping atur.
Wassalamu’al wassalamu’alaikum Wr. aikum Wr. Wb.
2. Pidato Bahasa Jawa Singkat tentang Kebersihan Lingkungan Sekolah
Berikut ini adalah contoh pidato bahasa Jawa singkat tentang kebersihan lingkungan sekolah:Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah
Dhumateng Bapak lan Ibu guru
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani
Hadirin ingkang kulo tresnani
Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti
sehat walafiat.
Hadirin ingkang kulo tresnani,
Perlu kita sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan saesae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita, sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Hadirin ingkang kulo tresnani,
Salah sawijining cara lingkungan mboten maringi bencana kangge kita yakuwi njaga
kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese lingkungan
kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun
menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang
layang lan sejahtera.
Hadirin ingkang kulo tresnani,
Njaga kebersihan lingkungan cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani. Menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Dampak positif, kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi dos nyaman amargi lingkungane resik.
Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun
pangampunten.
Wassalamualaikum warrohmatulloh wabarokatuh.

3. Pidato Bahasa Jawa tentang Kebersihan Lingkungan Sekolah Singkat
Ini adalah contoh pidato bahasa Jawa tentang kebersihan lingkungan sekolah singkat:Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Ibu Guru Ingkang kula kurmati,
Rencang-rencang ingkang kula tresnani, saderengipun kula matur sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha Asih ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kita sami.
Para rawuh ingkang minulya, ing mriki kula ingkang dados warga sekolah, badhe mbabar babagan lingkungan ingkang ijo. Ingkang dipunwastani "ijo" puniko mboten namung salah satunggaling warna, nanging wonten hubunganipun kaliyan seger, nyaman, lan lingkungan ingkang sehat.
Wonten pundhi-pundhi tukul wit-witan, woh-wohan, lan suket, tebih saking polusi. Wit ageng-ageng tinata rapi wonten tengen lan kiwa nipun sekolah.
Mboten wonten godong godong lan sampah pating semrawut wonten nglebet sekolah. Sinten ingkang badhe tanggung jawab njagi lingkungan sekolah dados resik, ijo lan sehat?
Jawaban Ipun inggih punika "Kitaa ... kitaaa ..." warga sekolah. Bilih kita purun disiplin, pramila kita saged mujudaken sekolah kita dados sekolah ijo, lingkunganipun aman, lan nyaman kangge sinau.
Lan dipunwiwiti saking sekolah menika, kebersihan, lingkungan sehat saged dipun mujudaken. Kulo pitados bilih para rawuh sarujuk kaliyan usulan kula ndadosaken sekolah kita, lan resik.
Pramila sumangga kula ngajak rencang-rencang sedaya njagi sekolah kita, supados tetep resik, sehat, rapi, lan endah, nyaman kangge warga sekolah.
Mekaten ingkang saged kula aturaken bilih kathah klenta-klentunipun atur kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

4. Pidato Bahasa Jawa Tentang Kebersihan Lingkungan Desa
Berikut ini adalah contoh pidato bahasa Jawa tentang kebersihan lingkungan desa singkat:Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Salam kabecikan tumrap kita sedaya,
Para rawuh ingkang kinurmat,
Ingkang kapisan, sumangga sesarengan kita konjukaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Kuwaos, amargi namung saking kanugrahan saking Panjenengan nipun kita sedaya saged kempal ing papan punika tanpa wonten kekirangan setunggal punapa.
Salajengipun, kula aturaken matur nuwun dhumateng Bapak Kades ingkang kersa rawuh dhateng adicara punika.
Para rawuh ingkang kinurmat.
Menawi kita wawas sesarengan, kita asring manggihi tumpukan larahan ing pundi-pundi. Menawi larahan menika boten dipunproses kanthi leres tembe wingkinge saged dados sumber perkawis ingkang mutawatiri.
Tuladhanipun dumadose banjir lan sumber dumadose penyakit ingkang mbebayani kados demam berdarah, muntaber, lan sak panunggalanipun.
Sejatosipun wonten maneka cara kagem ngawekani perkawis ingkang disebabaken larahan punika. Salah satunggile inggih menika ngowahi larahan dados kompos.
Para rawuh ingkang kinurmat. Cekap semanten atur kula. Menawi wonten kirang langkungipun, kula nyuwun agunge pangaksami.
Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh.
5. Pidato Bahasa Jawa tentang Kebersihan Lingkungan dengan Gotong Royong
Ini adalah tema gotong royong pidato bahasa Jawa singkat tentang kebersihan:Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Ketua RT
Ingkang kinurmatan hadirin sedoyo Ingkang kula tresnani, rencang-rencang sedaya Saderengipun kula ngaturaken sesorah kagem ngawiwiti kerja bakti, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, Allah SWT, awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya mboten kirang satunggal menapa.
Perlu kita mangerteni menawi lingkungan penting sanged kagem papan panggenan lan nggantungaken urip. Menawi lingkungan resik, masyarakatipun ugi sehat lan saged rukun. Menawi manungsa njagi lingkungan lan manfaatke kasilipun saking bumi, urip dados luwih becik lan rukun.
Salah sawijining cara njagi lingkungan inggih menika mboten mbucal sampah ing trotoar utawi papan kanthi salah. Salajengipun, kita saged milah sampah ingkang taksih saged manfaat utawi sampah ingkang kudu dibucal.
Njaga kebersihan lingkungan salah satu perilaku utawa cara ingkang becik fungsine kangge nyegah penyakit-penyakit.
Njaga kebersihan lingkunganipun saged diwiwiti utawa dilakukan saking ngresiki lingkungan kita tresnani kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya saengga kagiyatan di lingkungan desa dados nyaman amargi lingkungane resik.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami rawuh.
Kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Demikianlah lima contoh pidato bahasa Jawa singkat tentang kebersihan yang bisa dijadikan referensi saat ingin membuat pidato berbahasa Jawa.
Dengan memberikan pidato menggunakan bahasa Jawa di khalayak berbahasa Jawa, pidato yang disampaikan pasti akan lebih mudah dipahami dan dimengerti oleh khalayaknya.
Editor: Yulaika Ramadhani
Masuk tirto.id


































