Menuju konten utama

25 Contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 dan Jawaban

Contoh soal UTS Bahasa Jawa kelas 6 semester 2 dan kunci jawabannya bisa digunakan peserta didik sebagai bahan latihan menghadapi PTS. Ini selengkapnya.

25 Contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 dan Jawaban
Sejumlah siswa mengikuti kegiatan belajar mengajar di SD Negeri 1 Ternate, Kota Ternate, Maluku Utara, Senin (6/11/2023). ANTARA FOTO/Andri Saputra/rwa.

tirto.id - Kumpulan contoh soal Bahasa Jawa kelas 6 semester 2 dan kunci jawabannya bisa digunakan peserta didik sebagai bahan latihan menghadapi PTS (Penilaian Tengah Semester) atau UTS (Ujian Tengah Semester).

Mengutip SMA Muhammadiyah 5 Yogyakarta, PTS mengevaluasi pemahaman siswa yang telah mempelajari materi selama setengah semester. Adapun tes ini dilakukan untuk berbagai mata pelajaran, misalnya Bahasa Jawa.

Bentuk ujiannya biasanya tertulis, namun tidak menutup kemungkinan ada tes lisan dan praktek. Secara khusus beberapa contoh soal PTS Bahasa Jawa kelas 6 disajikan dalam artikel ini, lengkap dengan jawabannya.

Materi Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2

Pelajaran Bahasa Jawa untuk kelas 6 semester 2 mencakup beberapa materi tertentu. Di antaranya terdapat Pidhato, Pewayangan, Tembang, Tembung, Geguritan, Apresiasi Budaya, Nulis Undangan, dan sebagainya.

Sejumlah bahasan tersebut sebagiannya disajikan khusus untuk pembelajaran semester genap. Kemudian, terdapat pula beberapa bahasan pengetahuan yang diuji lewat UTS ataupun PTS.

Berikut ini daftar materi bahasa Jawa kelas 6 semester 2.

  • Pidhato
  • Pewayangan
  • Tembang
  • Tembung
  • Geguritan
  • Apresiasi Budaya
  • Nulis Undangan
  • Ukara Baku dan Penjelas

Contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 dan Jawabannya

Berikut ini sejumlah contoh soal PTS Bahasa Jawa kelas 6 semester 2 dan kunci jawabannya.

Pilihan Ganda

1.Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, bilih wonten kekiranganipun kula nyuwun pangapunten.

Ukara kasebut ing dhuwur dipapananke ana ing ....

a. pambuka

b. panutup

c. salam

d. isi

Jawaban: b

2. Ing ngisor iki perangane naskah pidhato, kajaba …

a. adangiyah

b. pembuka

c. panutup

d. isi

Jawaban: a

3. Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Ukara ing dhuwur klebu perange pidhato ….

a. salam pembuka

b. surasa

c. panutup

d. pembuka

Jawaban: a

4. Pinanggih kanthi widada nir ing sambekala. Widada tegese ….

a. becik

b. seneng

c. urip

d. slamet

Jawaban: d

5. Muji syukur marang Gusti Allah iku ing sesorah dipapanake ana ….

a. panutup

b. pambuka

c. isi

d. salam

Jawaban: b

6. Kang nduweni teges padha karo pacelathon, yaiku ....

a. piwulang

b. musyawarah

c. sinau

d. dialog

Jawaban: d

7. Tembung endah nduweni teges padha karo....

a. elok

b. ala

c. adoh

d. reged

Jawaban: a

8. rombongan yaiku ....

a. mlaku dhewe-dhewe

b. dhewekan utawa ijen

c. ora nggabung dadi siji

d. kumpulane wong dadi siji

Jawaban: d

9. “mundhut” basa ngokone yaiku ….

a. nyuwun

b. njaluk

c. tuku

d. tumbas

Jawaban: d

10. Pacelathon ing ngisor iki kanggo nggarap nomer 10.

Pak Guru: “Bocah-bocah sapa sing durung nggarap PR?”

Badi: “Kula Pak, kula kesupen menawi wonten PR.”

Pak Guru: “...”

Ukara kang trep kanggo ngganepi pacelathon ing dhuwur ....

a. Kok kowe sregep tenan

b. Kok kowe wis nggarap PR

c. Kok kowe bisa lali

d. Kok kowe ora lali

Jawaban: C

11. Pacelathon ing ngisor iki kanggo nggarap nomer 11-12.

Anton: “Don, sesuk apa sida uangan basa Jawa?”

Doni: “Sida Ton, apa kowe ora ngerti?”

Anton: “Ora, jalaran aku ora mlebu sekolah amarga lara’’

Doni: “Ye ngono mengko sore ndhewe sinau bareng wae ya Ton, neng omahku.’’

Pacelathon antarane Anton karo Doni ngrembug babagan ....

a. kegiatan sekolah

b. ora mlebu sekolah

c. ulangan basa Jawa

d. pelajaran ing sekolah

Jawaban: c

12. Pacelathon ing ndhuwur migunakake ragam basa ....

a. krama lugu

b. krama alus

c. krama inggil

d. ngoko lugu

Jawaban: d

13. Kula panjenengan sedaya saged “kempal” wonten adicara pepisahan kelas enem.

Tembung “kempal” duweni teges ....

a. Kumpul

b. bubar

c. bali

d. gempal

Jawaban: a

Pidhato ing ngisor iki kanggo nggarap nomer 14-18.

Assalamu’alaikum wr.wb.

Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kula urmati,kanca-kanca ingkang kula tresnani. Puji sokur kula aturaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring bagas kewarasan dhumateng panjenengan dalah kula. Ing ngriki kula minangka wakilipun kanca-kanca kelas enem ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak saha Ibu Guru ingkang kersa ngrawuhi pasamuan ingkang kula sakanca wontenaken.

Pasamuan punika minangka raos sokur lan pepisahan kelas enem,ingkang saweg nampi pengumunan lulusan. Puji sokur sedaya saged lulus boten wonten ingkang kecicir. Pramila ing wedal punika kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun paring tuntutan tuwin panggulawentah wiwit kula sakanca kelas setunggal nagntos dumugi tamat punika. Mugi – mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah paring kawilujengan saha kanugrahan dhumateng panjenengan sedaya. Salajengipun kula sakanca boten kesupen nyuwun pangaksami bilih wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kirang prayogi. Wasana cekap semanten atur kula, bilih wonten kekirangan kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Kapethik saking: Buku Wasis Basa

14. Sesorah iku ditindakake dening ….

a. bapak kepala sekola

b. perwakilan murid kelas

c. perwakilan murid kelas VI

d. wakil kepa sekolah

Jawaban: c

15. Perangane pidhato kang ngemot andharan isi utawa bab kang wigati ing tanggap wacana diarani ....

a. pambuka

b. surasa

c. panutup

d. salam pambuka

Jawaban: d

16. Sesorah ing ndhuwur iku ditindakake ing ….

a. lapangan

b. daleme ibu guru

c. puskesmas

d. sekolahan

Jawaban: d

17. Rembugan ana sangarepe wong akeh kanthi ngandarake sawijining gagasan diarani ....

a. atur pambuka

b. micara

c. nyemak

d. tanggap wacana

Jawaban: a

18. Apa irah-irahan sajroning sesorah ing dhuwur?

a. Lomba pidhato

b. Pidhato Pengetan Kartini

c. Pidhato Perpisahan Kelas VI

d. Pidhato ulang taun

Jawaban: c

19. Pidhato ing ngarepe wong akeh uga diarani…

a. tanggap wacana

b. tembungan

c. geguritan

d. krama

Jawaban: a

20. Tegese tembung panggulawentah yaiku…

a. ndidik

b. geguritan

c. tembung

d. krama

Jawaban: a

Esai

1. Bapak mulih numpak sepur…

Jawaban: Bapak kundur nitih sepur

2. Gawea tuladha panutuping sesorah!

Jawaban:

  • Cekap semanten atur kawula, menawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten.
  • Mekaten atur kula, menawi wonten lepatipun atur kula nyuwun pangapunten.
  • Mekaten ingkang saged kula aturaken, mbokbilih wonten kekirangan utawi kirang subasita, kula nyuwun pangapunten. (Kawicaksanan Guru)

3. Sebutna tujuane pidhato utawa sesorah!

Jawaban:

  • menehi informasi/pemanggih
  • menehi penglipur
  • kanggo pangajak-ajak

4. Nalika pacelathon anak marang Bapak nggunakake basa…

Jawaban: krama

5. Kepeye sikap sing kudu digatekake nalika pidhato utawa sesorah!

Jawaban:

  • mandeng sakabehe
  • ngadeg kanthi sopan
  • wajah kudu mesem
  • olah tubuh sakperlune
  • swara cetha

Baca juga artikel terkait CONTOH SOAL atau tulisan lainnya dari Yuda Prinada

tirto.id - Pendidikan
Kontributor: Yuda Prinada
Penulis: Yuda Prinada
Editor: Yulaika Ramadhani