Menuju konten utama

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 dan Kunci Jawaban

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 yang berisi materi tentang artikel dan wayang. Berikut contoh soal terkait bahasan tersebut beserta kunci jawaban.

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 dan Kunci Jawaban
Dalang Ki Kasmin Guno Prayitno memainkan wayang kulit Surakarta saat pentas di Museum Wayang, Jakarta, Minggu (24/9/2023). ANTARA FOTO/Asprilla Dwi Adha/YU

tirto.id - Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 di antaranya berisi materi tentang artikel dan wayang. Berikut ini contoh soal terkait bahasan tersebut yang akan membantu anak atau peserta didik mempersiapkan diri menghadapi Penilaian Tengah Semester (PTS).

Berdasarkan Kalender Pendidikan Tahun Ajaran 2023/2024, para siswa-siswa jenjang SMP/MTs/Sederajat akan dan tengah menjalani PTS Semester 1.

Oleh sebab itu, guru, orang tua, maupun peserta didik dituntut untuk saling bersinergi menyambut penilaian tersebut demi penyelenggaraan pendidikan yang lebih baik. Guru menyiapkan soal-soal, sedangkan orang tua menemani maupun memperhatikan anak untuk belajar.

Selain membaca materi di buku pelajaran, anak dapat diarahkan untuk mengerjakan soal-soal terkait mata pelajaran yang hendak diujikan.

Soal Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 dan Kunci Jawaban

Bahasa Jawa adalah salah satu mata pelajaran yang akan diujikan dalam PTS terutama di wilayah Jawa Tengah, Yogyakarta, dan Jawa Timur.

Berikut ini contoh soal Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 dan kunci jawabannya:

1. Tulisan kang isine panemu, ide utawa fakta kang tarkadhang nglelipur, ndhidhik utawa nyaruwa sawijine babagan diarani ...

A. Teks wayang

B. Teks artikel

C. Cerkak (cerita cekak)

D. Teks profil

Jawaban: B. Teks artikel

2. Sing ora kalebu ciri-ciri saka artikel yaiku...

A. Tulisane cekak, padhet, cetha, lan pembahasane jangkep lan tuntas

B. Sumbere saka fakta kang ana

C. Basane mentes, ora dawa ngambra-ambra

D. Isa kang disampekake cundhuk klawan fakta kang diolehi saka nara sumber

Jawaban: C. Basane mentes, ora dawa ngambra-ambra

3. Strutur saka teks artikel kasusun saka, kajab...

A. Pambuka

B. Isi

C. Dudutan

D. Panutup

Jawaban: D. Panutup

4. Tulisan kang didhapuk kanggo nerangke utawa njlentrehake sawijine babagan marang pamaos. Iku ing aranan artikel...

A. Eskplanatif

B. Preskriptif

C. Dheskriptif

D. Eksploratif

Jawaban: A. Eskplanatif

5. Artikel preskriptif yaiku...

A. Tulisan kang didhapuk kanggo nggambarake sawijine prekara kang pinuju dumadi ing madyaning bebrayan

B. Artikel kang ngemot sawijine babagan kang sipate arep utawa durung dumadi, miturut analisa di penulis

C. Artikel kang aweh tuntunan marang pamaos kanggo nindakake sawijine babagan saengga ora ngalami kekeliruan

D. Tulisan kang isine ndungkapape fakta-fakta miturut pamawase si penulis

Jawaban: C. Artikel kang aweh tuntunan marang pamaos kanggo nindakake sawijine babagan saengga ora ngalami kekeliruan

6. Lumrahe Makalah Panaliten iku didungkapake sajrone artikel...

A. Preskriptif

B. Predhiktif

C. Eksplanatif

D. Eksploratif

Jawaban: D. Eksploratif

7. Sing kalebu tuladhane artikel deskriptif yaiku ...

A. Mbobotisayembara perang lebur kena aji Narantaka

B. Terapi banyu putih

C. Sanksi kepala dhaerah

D. Sesambungan karo tanah leluhur ora bisa pedhot

Jawaban: C. Sanksi kepala dhaerah

8. Artikel “Dolanan Tradisional Nyenengake Luwih Murah lan Guyub” didungkapake sajrone artikel...

A. Eksploratif

B. Eksplanatif

C. Dheskriptif

D. Predhiktif

Jawaban: B. Eksplanatif

9. Artikel kang ngemot sawijine babagan kang sipate arep utawa durung dumadi. Iki ingaranan artikel...

A. Predhiktif

B. Dheskriptif

C. Preskriptif

D. Eksplanatif

Jawaban: A. Predhiktif

10. Artikel “Godhong Murbei Tamba Asam Urat lan Kencing Manis” didungkapake sajrone artikel...

A. Eksploratif

B. Preskriptif

C. Predhiktif

D. Eksplanatif

Jawaban: B. Preskriptif

11. “Predhiksi asil tetandhingan bulu tangkis nasional” iku didungkapake sajrone artikel...

A. Eksploratif

B. Dheskriptif

C. Predhiktif

D. Preskriptif

Jawaban: C. Predhiktif

12. Seni pagelaran (tontonan) asli Indonesia kang banget ngrembaka ing pulo Jawa lan Bali yaiku...

A. Kethoprak

B. Ludruk

C. Teater

D. Wayang

Jawaban: D. Wayang

13. Pawongan sing nglakokake pagelaran wayang diarani...

A. Sutradara

B. Dhalang

C. Sindhen

D. Produser

Jawaban: B. Dhalang

14. Cerita wayang kang mujudake kabecikan lan kaelekan kang nggambarake kawengisan Kolonialis Walanda njajah Indonesia, ingaranan wayang...

A. Wayang purwa

B. Wayang gedhog

C. Wayang suluh

D. Wayang topeng

Jawaban: C. Wayang suluh

15. Tegese wayang wong yaiku...

A. Nggambarake kisah bab kitab Mahabarata kanthi inti cerita perang “Barata Yuda”

B. Nggambarake kisah kerajaan lan kang dadi paragane diperanake dening pawongan

C. Paraga wayang iki kabeh migunakake topeng ing pasuryan utawa wadanane

D. Wayang kang dumadi saka adegan-adegan kang dilukis ing kain alus

Jawaban: B. Nggambarake kisah kerajaan lan kang dadi paragane diperanake dening pawongan

16. Dewi kunti nduweni putra sing diarani...

A. Pandhawa

B. Kurawa

C. Punakawan

D. Kresna

Jawaban: A. Pandhawa

17. Dasanamane Raden Puntadewa yaiku...

A. Bratasena

B. Senggana

C. Yudhistira

D. Janaka

Jawaban: C. Yudhistira

18. Sing kalebu unsur instrinsik teks pewayangan, kajaba...

A. Gaya basa

B. Situasi sosial

C. Sudut pandang

D. Pamaragan

Jawaban: B. Situasi sosial

19. Ing cerita pawayangan paraga nduweni pamaragan sing nduweni teges...

A. Mujudake indhividu kang nduweni peran sajrone crita

B. Pokok pikiran utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita

C. Rerangken prastawa kang didhapuk adhedhasar hukum kausalitas

D. Solah bawa utawa sipate saka paraga ing lelakone

Jawaban: D. Solah bawa utawa sipate saka paraga ing lelakone

20. Sing kalebu paraga tritagonis sajrone crita Ramayana yaiku...

A. Raden Rama

B. Rahwana

C. Anoman

D. Kresna

Jawaban: C. Anoman

21. Raden Gathutkaca iku putra saka raden...

A. Werkudara

B. Permadi

C. Yudhistira

D. Duryudana

Jawaban: A. Werkudara

22. Cara khas sawijine pengarang sajrone ndungkapake ide utawa gagasan liwat crita arane...

A. Tema

B. Paraga

C. Gaya basa

D. Sudut pandhang

Jawaban: C. Gaya basa

23. Pokok pikiran utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita kang arep disampekake pengarang liwat rerangkene crita arane...

A. Paraga

B. Pamaragan

C. Tema

D. Plot/alur

Jawaban: C. Tema

24. Wayang suluh sinebut uga kathi julukan...

A. Wayang drama

B. Wayang ludruk

C. Wayang kethoprak

D. Wayang sandiwara

Jawaban: D. Wayang sandiwara

25. Ing crita pewayangan Mahabaratha, pandhawa lan kurawa nduweni guru sing jenenge...

A. Bisma

B. Kresna

C. Drona

D. Pandu

Jawaban:

C. Drona

Baca juga artikel terkait CONTOH SOAL atau tulisan lainnya dari Syamsul Dwi Maarif

tirto.id - Pendidikan
Penulis: Syamsul Dwi Maarif
Editor: Yulaika Ramadhani