tirto.id - Renungan harian merupakan aktivitas yang biasa dilakukan oleh umat Katolik. Sesuai namanya, renungan harian bertujuan untuk merenungkan firman dan merefleksikan ajaran Tuhan tiap hari. Merenungkan firman dan berdoa menjadi sarana untuk menjalin komunikasi intens dengan Sang Pencipta.
Membaca dan mendengarkan kitab suci tiap hari akan memperkuat iman serta membantu umat membangun hubungan pribadi yang lebih kuat dengan Tuhan. Selain itu, umat juga akan memperoleh panduan dan inspirasi untuk menghadapi tantangan, membuat keputusan yang benar, dan menjalani hidup sesuai dengan nilai-nilai spiritual.
Di tengah kesibukan dan tekanan hidup, renungan menjadi momen untuk berhenti sejenak, menenangkan pikiran, dan mencari kedamaian dalam firman Tuhan. Hal ini dapat membantu mengurangi stres dan kecemasan.
Dalam tradisi agama Katolik, renungan harian akan berdasarkan pada bacaan Injil yang disusun sesuai dengan kalender liturgi Katolik. Tiap harinya akan ada ayat yang berbeda-beda yang menjadi sumber bacaan dan menjadi dasar permenungan pada hari itu.
Renungan agama Katolik biasa dibacakan dalam bahasa Indonesia. Namun, di beberapa tempat di Indonesia, renungan harian dilakukan dengan menggunakan bahasa lokal, salah satunya bahasa Jawa. Selain membantu umat Katolik yang terbiasa bertutur menggunakan bahasa Jawa, renungan harian Katolik bahasa Jawa juga sebagai sarana melestarikan bahasa dan budaya lokal.
Contoh Renungan Harian Katolik Bahasa Jawa
Berikut ini contoh renungan harian Katolik Bahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi. Bacaan diambil dari Lukas 14 : 1, 7 – 14, berikut bunyi lengkapnya.
Lukas 14:1 - Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus rawuh ing omahe sawijining panggedhene wong Farisi, arep dhahar roti ana ing kono. Kabeh wong kang ana ing kono padha ngulatake Panjenengane kanthi temenan.
Lukas 14:7 - Bareng Gusti Yesus mirsa dhayoh-dhayoh padha milih papan palinggihan ing ngarep dhewe, banjur padha dipangandikani pasemon mangkene:
Lukas 14:8- “Manawa kowe diulemi jagong manten, kowe aja linggih ing ngarep dhewe, awit bokmanawa kang duwe gawe wis ngulemi wong kang luwih dhuwur pangkate tinimbang karo kowe,
Lukas 14:9 - supaya wong kang ngulemi kowe lan wong mau aja padha marani kowe lan calathu marang kowe: Kula aturi mingser, palenggahan punika kagem sadherek punika. Kowe banjur kapeksa ngalih linggih ing buri dhewe kalawan wirang.
Lukas 14:10 - Mulane, manawa kowe diulemi, linggiha ing buri dhewe. Bokmanawa mengko sing duwe omah banjur marani lan calathu marang kowe: Sadherek, mangga kula aturi lenggah ing ngajeng. Temahan kowe katon anggonmu kajen ana ing ngarepane para dhayoh liyane kabeh.
Lukas 14:11 - Sabab sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, lan sing sapa ngasorake awake dhewe bakal diluhurake.
Lukas 14:12 - Gusti Yesus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengane: “Manawa kowe nganakake pista ing wayah awan utawa bengi, kowe aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha males genti ngulemi kowe, dadi kowe wis oleh piwales.
Lukas 14:13 - Nanging, manawa kowe nganakake pista, ngulemana wong-wong kang mlarat, kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta.
Lukas 14:14 - Yen mangkono kowe bakal rahayu, amarga wong iku kabeh ora padha duwe kang dianggo males marang kowe. Dene kowe bakal tampa piwales besuk ing dina patangening para wong mursid.”
Contoh renungan:
Ngrembag bab pambanguan, asring ingkang dipun tindakaken inggih punika mbangun griya, greja, margi, jembatan ingkang katon. Mila wonten greja nalika wonten kegiatan mbangun greja, lajeng dipun bentuk panitia pambangunan, kanthi tujuan panitia punika ingkang ngrigenaken proses pambanguan punika, wiwit ngrancang, pados dana, pados tukang lan kuli, nyawisaken kabetahan kangge mbangun, lan nindakaken pambangunan punika.
Pancen langkung nyata ketawis asilipun sak rampungipun griya utawi greja punika dados. Nanging kita kedah enget bilih pambangunan iman spiritual punika ugi penting. Malah pambangunan iman spiritual punika wekdalipun langkung lami lan mboten nate mandeg.
Waosan kita ing wekdal punika nyariosaken Gusti Yesus ingkang mucal bab manah ingkang andhap asor. Nalika semanten Gusti Yesus rawuh ing griya pangarsaning tiyang Farisi.
Ing ngriku Gusti Yesus ningali katah tiyang sami pados papan palenggahan ing ngajeng piyambak. Awit wonten pemanggih tiyang ingkang lenggah wonten ngajeng punika tiyang ingkang dipun urmati.
Nanging ing ngriki Gusti Yesus ngendika, “… menawa kowe diulemi, linggiha ing buri dhewe. Bokmanawa mengko sing duwe omah banjur marani lan calathu marang kowe: Sadherek, mangga kula aturi lenggah ing ngajeng. Temahan kowe katon anggonmu kajen ana ing ngarepe para dayoh liyane kabeh.” (Ay. 10). Saking ngriki Gusti Yesus mucal bab sinten ingkang ngegungaken dhiri badhe kaasoraken, lan sinten ingkang ngasoraken dhiri badhe kaluhuraken (Ay. 11).
Gesang patunggilan ing pasamuwan punika mbetahaken manah ingkang andhap asor. Tiyang ingkang andhap asor punika gesangipun prasaja. Piyambakipun mboten nggadhah ambisi utawi ngegungaken drajat, pangkat lan kasugihanipun.
Mila tuwuh lan ngrembakanipun pasamuwan punika gumantung kaliyan kawontenanipun watakipun para warga pasamuwan. Dipun betahaken manah ingkang andhap asor supados gesangipun pasamuwan punika saged ayem tentrem.
Mila ing pungkasan sasi pambangunan punika, mangga kita sami mbangun jasmani lan rohani sacara saimbang. Kita sedya mbangun greja sacara fisik ugi mbangun iman kapitadosan warga pasamuwan sesarengan. Kanthi dasar manah ingkang andhap asor, kita wujudaken umat ingkang dados berkah lan migunani kangge sesami. Amin.
Editor: Yulaika Ramadhani
Masuk tirto.id







































