Menuju konten utama

6 Teks Sesorah Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan Kelas 12

Acara perpisahan sekolah dapat diisi dengan pidato dari perwakilan siswa yang lulus. Berikut kumpulan contoh pidato bahasa Jawa tentang perpisahan kelas 12.

6 Teks Sesorah Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan Kelas 12
Ilustrasi Pidato. FOTO/iStockphoto

tirto.id - Contoh pidato bahasa Jawa tentang perpisahan kelas 12 bisa dijadikan referensi bagi para siswa yang sudah lulus. Pidato ini dapat dibacakan saat acara perpisahan dan ditujukan kepada semua guru, teman, maupun adik kelas.

Perpisahan sekolah selalu menjadi momen yang penuh makna dan emosional. Di saat inilah siswa merayakan berakhirnya masa belajar mereka di sekolah tersebut sekaligus berpisah dengan teman-teman seangkatan.

Acara ini biasanya diadakan setelah ujian akhir atau menjelang pengumuman kelulusan. Tujuannya bukan hanya untuk menandai akhir dari suatu fase pendidikan, tapi juga sebagai bentuk penghargaan atas perjuangan dan kerja keras selama bertahun-tahun.

Acara perpisahan umumnya diisi dengan berbagai kegiatan, termasuk pertunjukan seni, pemberian penghargaan, hingga pidato perpisahan yang biasanya disampaikan oleh perwakilan siswa.

Khusus untuk sekolah SMA di Pulau Jawa, siswa bisa menyampaikan pidato atau sesorah bahasa Jawa perpisahan kelas 12 yang penuh makna. Pidato ini bisa berisi ucapan terima kasih sekaligus permohonan maaf kepada guru karena mereka telah berjasa banyak dalam proses pembelajaran di sekolah.

Kumpulan Teks Sesorah Bahasa Jawa tentang Perpisahan Kelas 12

Ilustrasi Pidato

Ilustrasi Pidato. foto/Istoxkphoto

Pidato bahasa Jawa tentang perpisahan kelas 12 seringkali disampaikan dengan nada haru karena harus meninggalkan lingkungan sekolah yang sudah seperti rumah kedua. Pidato berbahasa Jawa biasanya menggunakan bahasa kromo atau bahasa Jawa halus sebagai bentuk penghormatan kepada para guru.

Berikut contoh teks pidato bahasa Jawa tentang perpisahan kelas 12:

Contoh 1 – Sesorah Perpisahan Kelas 12 Bahasa Jawa

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Kepala Sekolah (sebutkan namanya)

Ingkang dahat kinurmatan Bapak lan Ibu Guru ingkang satuhu luhur budinipun,

Ingkang kula tresnani, Bapak lan Ibu Wali Murid kelas XII,

Saha kanca-kanca kelas XII ingkang bagya mulya.

Puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun, saengga ing dinten ingkang berbahagia punika, kita sedaya saged makempal wonten ing acara perpisahan kelas XII (sebutkan nama sekolah) kanthi sehat walafiat.

Wonten ing wekdal punika, minangka wakil saking kanca-kanca kelas XII, kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah, Bapak lan Ibu Guru, ingkang sampun nggulawentah lan paring ilmu ingkang tanpa upami dhumateng kula lan kanca-kanca sedaya.

Sedaya piwulang, tuntunan, lan katresnan ingkang sampun kaparingaken, badhe dados sangu ingkang migunani kangge nglampahi gesang ingkang langkung tantangan wonten ing ngajeng.

Telas tigang taun anggenipun kula lan kanca-kanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika. Kathah pengalaman, suka lan duka, ingkang sampun kita lampahi sesarengan.

Saking kekancan ingkang raket, guyub rukun, ngantos sinau sesarengan kangge nggayuh cita-cita. Sedaya punika badhe dados kenangan ingkang endah lan boten badhe ical saking penggalih.

Wonten ing dinten perpisahan punika, raos bingah lan sedhih nyawiji dados satunggal. Bingah amargi sampun kasil ngrampungaken kewajiban anggenipun sinau wonten ing bangku sekolah.

Nanging, ugi wonten raos sedhih amargi kedah nilaraken pawiyatan ingkang sampun kados griya piyambak, nilaraken Bapak lan Ibu Guru ingkang sampun kados tiyang sepuh piyambak, lan nilaraken kanca-kanca ingkang sampun kados sedulur piyambak.

Kula lan kanca-kanca nyuwun pangapunten dhumateng Bapak lan Ibu Guru menawi wonten tindak tanduk lan tutur kata ingkang kirang trapsila utawi boten ndadosaken renaning penggalih. Sedaya punika amargi kiranging kawruh lan pengalaman kula minangka siswa.

Kangge adik-adik kelas sedaya, kula lan kanca-kanca ngaturaken semangat supados tansah sregep anggenipun sinau, manut dhumateng Bapak lan Ibu Guru, saha njagi nama sae sekolah punika.

Pungkasaning atur, kula lan kanca-kanca kelas XII nyuwun pamit. Mugi-mugi silaturahmi ingkang sampun kajalin saged tetep lestari.

Matur nuwun sanget dhumateng sedaya pihak ingkang sampun paring pangertosan lan dukungan dhumateng kula lan kanca-kanca sedaya.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Contoh 2 – Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan Kelas 12

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan,

Dhumateng Bapak lan Ibu Guru ingkang satuhu luhur bebudhinipun,

Dhumateng para tamu undhangan ingkang minulya,

Saha dhumateng para kanca-kanca kelas XII ingkang kula tresnani.

Ingkang sepisan, sumangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun, saengga ing dinten punika kita sedaya saged makempal kanthi sehat walafiat ing acara ingkang wigati punika, inggih punika perpisahan kelas XII.

Kaping kalih, kula minangka wakil saking siswa-siswi kelas XII ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah lan Bapak Ibu Guru sedaya.

Awit saking sih katresnan, kawruh, saha bimbingan ingkang sampun Bapak Ibu Guru paringaken dhumateng kula lan kanca-kanca sedaya dangunipun tigang taun sinau ing pawiyatan punika. Ilmu ingkang sampun dipunparingaken punika badhe dados sangu ingkang migunani tumraping gesang kula lan kanca-kanca ingkang badhe dhateng.

Wonten ing dinten punika, raos suka lan cuwa dados satunggal wonten ing manah kula lan kanca-kanca. Raos suka amargi sampun kasil ngrampungaken anggenipun ngangsu kawruh ing pawiyatan punika.

Nanging, wonten ugi raos cuwa amargi kedah nilaraken pawiyatan ingkang sampun kados griya piyambak, nilaraken Bapak Ibu Guru ingkang sampun kados tiyang sepuh piyambak, saha nilaraken kanca-kanca ingkang sampun kados sedherek piyambak.

Kula lan kanca-kanca nyuwun pangapunten dhumateng Bapak Ibu Guru sedaya menawi wonten tindak tanduk saha tutur kata ingkang kirang nuju prana, ingkang damel kuciwaning penggalih Bapak Ibu Guru. Mugi-mugi Bapak Ibu Guru kersa paring pangapunten dhumateng sedaya kalepatan kula lan kanca-kanca.

Dhumateng para kanca-kanca kelas XII, wekdal punika minangka wekdal ingkang wigati kangge kita sedaya. Kita sampun ngrampungaken satunggaling tataran ingkang wigati ing gesang kita.

Nanging, punika sanes pungkasaning sadaya-daya. Ing ngajeng taksih kathah tantangan lan gegayuhan ingkang kedah kita gayuh. Mugi-mugi kekancan ingkang sampun kita rajut dangunipun tigang taun punika saged lestantun salaminipun.

Pungkasaning atur, kula ngaturaken sugeng tindak dhumateng Bapak Ibu Guru sedaya. Mugi-mugi tansah pinaringan kasarasan lan kalancaran anggenipun nindakaken jejibahan. Dhumateng para tamu undhangan, kula ngaturaken agunging panuwun awit rawuhipun ing acara punika.

Mekaten atur saking kula, menawi wonten klenta-klentunipun atur, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Ilustrasi Anak Pidato

Ilustrasi Anak Pidato. foto/IStockphoto

Contoh 3 – Sesorah Bahasa JawaPerpisahan Kelas 12 Singkat

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Ingkang kinurmatan, Bapak Kepala Sekolah,

Ingkang kinurmatan, Bapak lan Ibu Guru ingkang tansah paring panglipur lan piwulang,

Ugi para tamu saha sedaya adik-adik kelas ingkang kinurmatan,

Lan para kanca kelas 12 ingkang kula tresnani.

Sepindhah, sumangga kita aturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, awit saking berkah lan rahmatipun, kita sedaya saged nglaksanani dinten perpisahan menika kanthi sehat lan kebak kabingahan.

Bapak, Ibu Guru ingkang kinurmatan,

Kawula lan kanca-kanca kelas 12 ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya. Panjenengan sampun kersa paring kawruh, pitutur, lan bimbingan ingkang boten saged kawula baleni. Sakabehe punika badhe dados pepadhang ing dalan gesang kawula salajengipun.

Wonten ing wekdal punika, kawula ugi nyuwun agunging pangapunten bilih sajrone tigang taun punika, kathah tingkah laku lan tembung ingkang kirang mranani, boten ngurmati, utawi paring rasa kirang nyaman dhumateng panjenengan sedaya.

Kagem adik-adik kelas, terus semangat ngudi kawruh lan ndedonga supados saged nerusake perjuangan kanthi becik. Dadosa siswa ingkang nggadhahi budi pekerti luhur, lan saged ngurmati guru saha tiyang sepuh.

Lan kagem kanca-kanca kelas 12, mugi kita sedaya saged nggayuh cita-cita, lan boten lali dhumateng almamater tercinta punika. Sanadyan kita pisah panggonan, mugi persaudaraan tansah langgeng.

Pungkasan, matur nuwun sanget dhumateng panjenengan sedaya. Mugi Gusti Allah tansah paring berkah, pangayoman, saha pitedah dhumateng kita sadaya.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh 4 – Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan Kelas 12 Singkat

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Ingkang kinurmatan, Bapak Kepala Sekolah,

Ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru ingkang tansah paring piwulang kanthi tulus,

Lan adik-adik kelas ingkang kawula tresnani.

Saking kawula pribadi lan kanca-kanca kelas 12, nyuwun pangestu saha ngaturaken sembah nuwun dhumateng panjenengan sedaya.

Ing dinten menika, kawula lan kanca-kanca sami ngraosaken campuran rasa, antara bungah amargi sampun saged ngrampungake pendhidhikan ing jenjang menika, lan sedhih amargi kedah pamit saking lingkungan sekolah ingkang sampun dangu dados bagéan gesang kawula.

Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan,

Piwulang lan pitutur panjenengan sedaya mboten namung dados bekal anggone sinau, nanging ugi dados pepadhang gesang. Saking jero manah, kawula nyuwun agunging pangapunten bilih sajrone sinau, wonten lepat lan kirang ajrih kawula dhumateng panjenengan.

Kagem adik-adik kelas, tetep semangat, tetepa jejeg ing laku, lan tansah ngajeni guru saha tiyang sepuh. Punapa dene kagem kanca-kanca sedaya, sanadyan sak puniko dalan kita béda, mugi tansah nyawiji ing pangalembana lan pangajab becik.

Mugi Gusti Allah tansah paring kasuksesan lan kaberkahan dhumateng kita sedaya, saha ndadosaken kita pribadi ingkang migunani kangge bangsa, agama, lan tiyang tuwa.

Matur nuwun sanget. Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh 5 – Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan Kelas 12

Sugeng siang, Bapak/Ibu Guru, para rawuh ingkang kinurmatan, saha para sedherek kelas 12 ingkang kula tresnani

Kaping pisan, sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, amargi kanthi rahmat lan karunia-Nya, kita sedaya saged kempal wonten ing acara perpisahan punika kanthi sehat wal afiat.

Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan, ing mriki kula minangka wakil saking para siswa kelas 12, nyuwun agunging pangapunten bilih wonten kalepatan, tumindak utawi tindak tanduk ingkang mboten sopan nalika kula lan sedherek sami anggènipun nggulawentah wonten ing sekolah punika.

Kula nyuwun pangapunten ugi menawi wonten caturan utawi lampahan ingkang kirang sopan wonten ing manah panjenengan.

Kawontenan ing sekolah punika sampun kathah nyukani pengalaman ingkang berharga tumrap kula lan sedherek sami. Bapak/Ibu Guru sampun paring pitedah, tuntunan, lan kasih sayang ingkang tanpa wates, saengga kita sedaya saged ngrasakaken ilmu pengetahuan lan budi pekerti ingkang mulya.

Kanthi ikhlas, kula lan sedherek sami ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu Guru, amargi tanpa pitedah panjenengan, kula lan sedherek sami mboten saged nggayuh papan ingkang mulya kados sapunika.

Kepada para rawuh, inggih punika wali murid lan tamu ingkang kula hormati, kula ngaturaken panuwun amargi sampun paring dukungan lan doa restu, saengga kula lan sedherek sami saged ngrampungaken pendidikan wonten ing sekolah punika.

Doa lan kasih sayang panjenengan sedaya minangka semangat kangge kula lan sedherek sami kangge nerusaken perjuangan ing masa depan.

Para sedherek kelas 12 ingkang kula tresnani, kita sampun sesarengan nggulawentah pendidikan kanthi penuh suka lan duka. Wonten kalodhangan punika, sumangga kita saged njunjung rasa persaudaraan lan saling dukung, supados kita saged sukses ing saben langkah ingkang kita lampahi.

Pungkasan, kula nyuwun pamit kanthi atur pangapunten bilih wonten kekirangan ing acara punika. Mugi-mugi Gusti Allah paring berkah lan kasuksesan kangge kita sedaya. Amin.

Ilustrasi anak pidato

Ilustrasi anak pidato. (FOTO/iStockphoto)

Contoh 6 – Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan Kelas 12

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Kepala Sekolah,

Ingkang satuhu luhur bebudhinipun Bapak/Ibu Guru saha karyawan sekolah,

Para kanca kelas XII ingkang kula tresnani,

Sarta para adhi-adhi kelas ingkang kula sayangi.

Ingkang sepisan, sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit saking rahmat lan karunia-nipun, kita sedaya saged makempal wonten ing dinten ingkang penuh pigatos punika kanthi kawontenan sehat saha bagas waras.

Dinten punika minangka dinten ingkang sanget nancep ing manah tumrap kula lan kanca-kanca siswa kelas XII. Dinten ingkang dados penget bilih kula lan kanca-kanca kedah ngaturaken pamit dhumateng sekolah ingkang sampun dados griya kaping kalih.

Kados nembe wingi kemawon kula lan kanca-kanca miwiti langkah ingkang sepisanan wonten ing gapura sekolah punika, lan sapunika wekdalipun kula lan kanca-kanca badhe ngambah tataran ingkang enggal.

Kula lan kanca-kanca ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak lan Ibu Guru ingkang sampun kanthi sabar anggenipun nuntun, ndhidhik, saha paring kathah piwulang ingkang aji, boten namung babagan ilmu kemawon, nanging ugi babagan gesang.

Kula lan kanca-kanca ugi nyuwun agunging pangapunten tumrap sedaya kalepatan saha kekhilafan anggen kula lan kanca-kanca sesarengan wonten ing pawiyatan punika.

Dhumateng para adhi-adhi kelas, mugi tansah semangat anggenipun sinau lan makarya. Ginakaken wekdal wonten ing sekolah punika kanthi saestu, awit wekdal badhe lumampah kanthi rikat, lan panjenengan sedaya ugi badhe dumugi ing tataran kados kula lan kanca-kanca ing dinten punika.

Lan dhumateng para kanca seperjuangan, perpisahan punika sanes pungkasaning sedaya, nanging wiwitaning lelampahan enggal ingkang sampun ngentosi. Sumangga kita bekta semangat, kenangan, saha piwulang saking sekolah punika kangge ngambah masa depan ingkang langkung padhang.

Pungkasaning atur, mugi-mugi kita sedaya tansah pinaringan kemudahan lan kasuksesan anggenipun nggayuh gegayuhan. Matur nuwun awit sedaya kenangan ingkang endah. Ngantos kepanggih malih wonten ing pucuking kasuksesan!

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Itulah beberapa contoh pidato bahasa Jawa tentang perpisahan kelas 12 yang dapat menjadi acuan. Pidato ini sejatinya bukan hanya sarana untuk berpamitan, tapi juga ungkapan terima kasih kepada pihak sekolah yang telah berjasa memberikan pendidikan. Semoga contoh-contoh ini dapat memberikan inspirasi dan memudahkan para siswa dalam menyusun pidato untuk acara perpisahan.

Baca juga artikel terkait PIDATO PERPISAHAN SEKOLAH atau tulisan lainnya dari Erika Erilia

tirto.id - Edusains
Kontributor: Erika Erilia
Penulis: Erika Erilia
Editor: Erika Erilia & Yulaika Ramadhani