tirto.id - Pembuka pidato bahasa Jawa merupakan bagian penting yang dapat mencerminkan tata krama dan budaya sopan santun masyarakat Jawa. Lalu, seperti apa contoh pembukaan pidato bahasa Jawa singkat?
Pembuka pidato adalah bagian awal dari sebuah pidato yang berfungsi untuk menyapa audiens sekaligus menciptakan kesan atau suasana yang baik. Pembuka pidato umumnya berisi salam pembuka, sapaan kepada hadirin, ungkapan syukur, serta pengantar singkat menuju isi pidato.
Dalam pembuka pidato bahasa Jawa, unsur-unsur ini disampaikan dengan bahasa yang halus dan penuh unggah-ungguh (tata krama). Memahami cara membuka pidato dalam bahasa Jawa yang juga merupakan bentuk pelestarian budaya dan etika berbicara dalam masyarakat Jawa.
Contoh Pembukaan Pidato Bahasa Jawa Singkat di Berbagai Acara
Dalam setiap acara formal maupun non-formal, pidato sering menjadi bagian penting yang tidak bisa dilewatkan. Khusus untuk pembuka pidato bahasa Jawa, kalimatnya harus menggunakan bahasa Jawa halus atau kromo inggil. Berikut contoh bagian awal pidato atau pembukaan bahasa Jawa halus untuk berbagai acara:
Contoh 1 - Pembuka Pidato Bahasa Jawa
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rahmat saha kanugrahanipun, saéngga kita sedaya saged makempal wonten ing acara punika kanthi sehat wal afiat, tanpa alangan satunggaling punapa.
Saking pangajeng-ajeng kula, mugi kita sedaya tansah pinaringan berkah, kawilujengan, saha tuntunan saking Gusti Allah SWT, supados sedaya ingkang kita lampahi saged maringi manfaat lan ridha-Nipun.
Kula ugi ngaturaken panuwun sanget dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa rawuh lan maringi wekdal ing acara punika. Mugi rawuhipun panjenengan sedaya maringi pepadang lan makna tumrap kelangsungan acara punika.
Contoh 2 - Pembukaan Pidato Bahasa Jawa Islami
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.Alhamdulillahilladzi arsala rasulahu bil huda wadinil haqq, liyudzhirahu ’aladdini kullihi, wakafa billahi syahiidaa. Asyhadu alla ilaha illallah. Wa asyhadu anna muhammadarrasulullah. Allahumma shalli ’ala sayyidina muhammadin wa ’ala alihi washahbihi ajma’in.
Alhamdulillah, puji syukur kawula aturaken dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat, hidayah, saha inayah-Nipun, mila kula lan panjenengan sami keparing kempal wonten papan menika kaliyan sugeng, senggang, lan kebak kabagyan.
Shalawat miwah salam mugi tansah kapundhutaken dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad SAW, panutaning umat Islam sedaya, ingkang sampun maringi pitedah lan piwulang agung dhumateng umat manungsa, mugi kita sedaya saget niru akhlakipun lan ngamalaken ajaranipun ing gesang padintenan.
Kula aturi panuwun dhumateng para rawuh, para alim ulama, para sesepuh, bapak ibu, saha para tamu ingkang kinurmatan. Mugi rawuhipun panjenengan sedaya maringi barokah, lan acara punika saged lumampah kanthi lancar, manfaat, lan pinaringan ridho saking Gusti Allah SWT.
Contoh 3 - Pembukaan Pidato Bahasa Jawa di Sekolah
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan,
Dhumateng Bapak lan Ibu Guru ingkang satuhu luhur bebudinipun,
Dhumateng para tamu undangan ingkang kawula mulyaaken,
Saha dhumateng para kanca siswa-siswi ingkang kawula tresnani.
Puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun, saengga ing wekdal punika, kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten ing papan punika kanthi pinaringan karahayon.
Ingkang sepisan, kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang sampun paring wekdal saha panggenan kangge kula matur wonten ing ngajengipun para rawuh sedaya.
Wonten ing kalodhangan punika, kula badhe ngaturaken sawetawis babagan (sebutkan tema pidato) Mugi-mugi apa ingkang badhe kula aturaken punika saged migunani tumrap kita sedaya.
Contoh 4 - Pembuka Pidato Bahasa Jawa Acara Pernikahan
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,Dhumateng Bapak Kepala Desa/Ketua Adat ingkang kinurmatan,
Dhumateng para Bapak, Ibu, saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawula mulyaaken.
Langkung rumiyin, kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Welas saha Maha Asih, ingkang sampun paring rahmat saha berkahipun, saengga ing wekdal ingkang berbahagia punika, kula lan panjenengan sedaya saged rawuh wonten ing acara pernikahan putra/putri kinasih saking (nama keluarga).
Kula minangka wakil saking keluarga agengipun Bapak/Ibu (nama) ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun ingkang tanpa upami dhumateng para rawuh sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal saha nilaraken pakaryanipun, saperlu paring pangestu dhumateng penganten sarimbit ingkang nembe kemawon nindakaken ijab qobul/upacara pernikahan.
Wonten ing dinten ingkang suci menika, keluwargi (nama) rumaos bingah wonten panggalih inggil welas asih Allah Ingkang Maha Kuwaos saha dukungan saking para rawuh sedaya. Pangangkahipun, kanthi rawuhipun panjenengan sedaya, kaping kalih mempelai keparing yasa dalem tangga ingkang sakinah, mawaddah, warahmah, saha tansah pinaringan kaberkahan.
Contoh 5 - Pembuka Pidato Bahasa Jawa Acara Kantor/Perusahaan
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.Sugeng enjang/sonten (dipilih sesuai waktu), rahayu lan wilujeng rawuh.Para tamu ingkang kinurmatan,
Bapak/Ibu Pimpinan Perusahaan ingkang kinajengaken,
Para karyawan lan karyawati ingkang kula tresnani,
Kaping sepisan, sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit ing dinten punika kula lan panjenengan saged makempal sesarengan wonten ing adicara (nama acara), kanthi kawontenan ingkang saras, lancar, saha tansah pinaringan berkah.
Kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu sedaya ingkang sampun kersa rawuh saha ngrameaken adicara punika. Mugi-mugi adicara punika saged paring paedah, semangat, saha sinergi wonten ing lingkungan pakaryan kita.
Contoh 6 - Pembuka Pidato Bahasa Jawa Peringatan Hari Besar Nasional
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.Sugeng enjang/sonten para rawuh ingkang kinurmatan
Dhumateng Bapak/Ibu (sebutkan nama/jabatan tokoh penting yang hadir), ingkang kinurmatan.
Dhumateng para sesepuh, pinisepuh, saha para tamu undangan ingkang satuhu bagya.
Sumangga langkung rumiyin, kula dalah panjenengan sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun, saengga ing dinten ingkang minulya punika, kita saged makempal sesarengan wonten ing (sebutkan lokasi) saperlu mengeti (sebutkan nama acara/hari besar) kanthi kawontenan ingkang saras, bagas, saha lancar.
Kula minangka ketua panitia ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu sedaya ingkang sampun kersa rawuh saha ngrameaken acara ingkang wigati punika.
Mugi-mugi anggen kita mengeti dinten ageng nasional punika saged nambahi raos tresna dhumateng nusa lan bangsa, saha saged nuwuhaken semangat anggenipun ngisi kamardikan kanthi tumindak ingkang sae lan migunani.
Contoh 7 - Pembuka Pidato Bahasa Jawa Acara Perpisahan Sekolah
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.Sugeng enjang, rahayu, saha wilujeng rawuh.
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan
Dhumateng Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi
Dhumateng para tamu undhangan ingkang kawula bekteni,
Saha dhumateng sedaya rencang-rencang siswa kelas (XX), ingkang kinasih.
Sepisanan, kula ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, awit ing dinten punika kita saget kempal manunggal wonten ing acara purna siswa kanthi sehat lan kebak kabagyan.
Kula minangka wakil saking para siswa kelas (XX), ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu guru, ingkang sampun paring piwulang, tuntunan, lan pangayoman dhumateng kula lan para rencang sedaya. Mugi kabecikan panjenengan saged kaparingi ganjaran ingkang pantes saking Gusti Allah SWT.
Contoh 8 - Pembuka Pidato Bahasa Jawa Non-Formal (Acara Komunitas atau Kumpul Keluarga)
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.Sugeng rawuh, sugeng sonten, lan mugi tansah pinaringan sehat wilujeng kagem panjenengan sedaya.
Bapak, Ibu, sedaya rawuh ingkang kulo hormati,
Alhamdulillah, mangga sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, awit sampun maringi sih rahmat, kesehatan, lan kesempatan, saéngga kita saged kepanggih lan kumpul bareng wonten ing acara punika kanthi rasa seneng lan guyub rukun.
Kula aturi matur nuwun sanget dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa nyempatake wekdal rawuh, ndherek nyengkuyung, lan nyemarakake acara menika. Mugi kanthi pepanggihan menika, kekancan kita saya raket, kekeluargaan saya guyub, lan kebersamaan kita tansah kebak kabagyan.
Contoh 9 - Pembuka Pidato Bahasa Jawa Acara Tasyakuran
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.Alhamdulillāhi rabbil ‘ālamīn, wasshalātu wassalāmu ‘alā sayyidinā Muḥammadin, wa ‘alā ālihi wa aṣḥābihi ajma‘īn. Amma ba‘du.
Ingkang kinurmatan:
Bapak/Ibu pinisepuh, sesepuh, para alim ulama,
Bapak/Ibu sanak kadang saha para rawuh ingkang tansah kinurmatan lan kinasih
Langkung rumiyin, sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit ing dinten punika kita saget makempal bebarengan kanthi wilujeng, sehat wal afiat, ing acara tasyakuran (nama acara)
Acara menika minangka wujud rasa syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampun maringi nikmat, pitulungan, lan berkahipun dhumateng kula sakulawarga. Mugi pangestunipun para rawuh, dadosaken berkah lan ridha saking Allah SWT.
Contoh 10 - Pembuka Pidato Bahasa Jawa untuk Rapat Kerja
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,Bapak/Ibu (sebutkan jabatan pimpinan tertinggi) ingkang kinurmatan
Para Bapak/Ibu (sebutkan nama dan jabatan) ingkang satuhu dahat kinabekten
Saha para staf lan karyawan ingkang kula bingahaken
Sakderengipun, sumangga kita panjataken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat sehat, panjang yuswa, lan kesempatan, saengga kula lan panjenengan saged makempal bebarengan wonten ing rapat kerja ingkang kebak makna punika.
Kula ugi ngaturaken panuwun ingkang saestu dhumateng para rawuh, ingkang sampun kersa rawuh lan nyawiji ing kegiatan rapat kerja menika. Mugi rapat punika saged lumampah kanthi lancar, tertib, lan saged maringi asil ingkang migunani tumrap organisasi kita.
Mugi kita tansah pinaringan bimbingan lan ridha saking Gusti Allah SWT, supados sedaya rembugan lan keputusan saged nggadhahi manfaat kang saestu.
Contoh 11 - Pembuka Pidato Bahasa Jawa Acara Pengajian
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.Alhamdulillahi rabbil ’alamin. Wassholatu wassalamu ’ala asyrafil ambiyaai wal mursalin. wa’ala alihi wa ashhabihi waman tabi’ahum bi ihsanin ilaa yaumiddin. Amma ba’du.
Bapak/Ibu Alim Ulama ingkang satuhu dahat kinabekten
Para sesepuh, pinisepuh ingkang tansah winantu ing pakurmatan
Para Bapak/Ibu, saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang minulya
Mugi ing salami punika kita sami pinaringan kesehatan lan keberkahan saking Gusti Allah SWT. Sumangga kula panjenengan ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat, taufiq, saha hidayahipun, saengga kula panjenengan saged makempal wonten ing (nama tempat) punika kanthi wilujeng nir sambikala, saperlu ngrawuhi acara pengajian (nama tema/judul pengajian).
Kula ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para rawuh, ingkang sampun kersa nyisihaken wekdal kanggo rawuh ing acara menika. Mugi kita sedaya saged njupuk manfaat ingkang sae saka pengajian punika, lan tansah nambahaken ilmu, ampuning dosa, lan nambahaken rasa syukur dhumateng Gusti Allah SWT.
Itulah beberapa contoh pembuka pidato bahasa Jawa yang dapat digunakan dalam berbagai acara resmi maupun non-formal. Semoga contoh-contoh tersebut bisa menginspirasi dan memberikan kemudahan dalam menyusun pidato sesuai dengan acara yang akan dilaksanakan.
Penulis: Erika Erilia
Editor: Erika Erilia & Yulaika Ramadhani