tirto.id - Ada banyak contoh pidato halal bihalal bahasa Jawa yang menarik. Pidato ini dapat disampaikan di acara silaturahmi keluarga, sekolah, kantor, dan sebagainya berkaitan momentum Idul FItri.
Halal bihalal merupakan tradisi saling maaf-memaafkan yang dilakukan di bulan Syawal. Tak hanya itu, halal bihalal juga bertujuan membangun kebersamaan, solidaritas, hingga menjaga keharmonisan dalam kehidupan bermasyarakat.
Salah satu rangkaian acara dalam halal bihalal lebaran adalah penyampaian kata sambutan dari pihak-pihak tertentu. Sambutan Halal Bihalal bisa disampaikan dalam bahasa daerah masing-masing seperti bahasa Jawa dan Sunda.
3 Contoh Pidato Halal Bihalal Bahasa Jawa untuk Lebaran
Dalam acara halal bihalal yang diadakan sebuah instansi, sekolah, atau perusahaan, salah satu rangkaian acaranya adalah penyampaian kata sambutan dari ketua panitia dan sebagainya.
Sambutan bisa diartikan sebagai pidato singkat yang berfungsi sebagai pengantar sebelum acara dimulai. Sebagai referensi, berikut contoh teks halal bihalal bahasa Jawa untuk sambutan.
Contoh 1 Pidato Halal Bihalal Bahasa Jawa untuk Lebaran
Berikut ini contoh sambutan halal bihalal bahasa Jawa di sekolah:Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Bapak Kepala Sekolah (nama sekolah) ingkang kinurmatan
Bapak lan ibu guru ingkang kula kurmati
Sarta para kanca ingkang tansah bagya
Langkung rumiyin, monggo ngujukaken raos syukur dumateng Allah SWT. Kanti rahmat lan barokahipun Allah, kita sedaya saget makempal manunggal wonten ing acara halal bihalal (nama sekolah).
Shalawat soho salam mugi-mugi kaunjuk dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang kita tenggo syafaatipun benjang wonten ing dinten akhir.
Kula minangka ketua panitia ngaturaken sugeng riyadi. Kula ugi nyuwun pangapunten sedaya kalepatan. Mugi-mugi Gusti Allah SWT paring pangapunten lan tansah ngluberaken kabagyan, katentreman, kesarasan, lan kawilujengan dhateng kula lan panjenengan sedaya.
Kula ugi ngaturaken matur nuwun ingkang kathah inggil rawuh panjenengan sedaya wonten acara halal bihalal menika.
Hadirin ingkang dirahmati Allah SWT
Acara halal bihalal inggih menika sarana nglebur dosa. Kula lan panjenengan dados tyang mboten luput saking kelepatan. Amargi menika, kula lan panjenengan saenipun sami-sami ngapuntenaken wonten dinten ingkang bingah menika.
Ing enjing dinten menika, acara halal bihalal badhe dipunisi kaliyan tausiyah dening ustaz (nama). Mugi-mugi pesen-pesen ingkang badhe panjenenganipun aturaken saget manfaat kagem kula lan panjenengan.
Cekap semanten sambutan saking kula. Kula nyuwun pangapunten menawi wonten kelepatan utawi ukanten ingkang kirang kersa. Matur nuwun kawigatosanipun.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh 2 Pidato Halal Bihalal Bahasa Jawa untuk Lebaran
Berikut ini contoh pidato sambutan tuan rumah halal bihalal bahasa Jawa:Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Alhamdulillahirobbil’alamin, wassalatu wassalamu ‘ala asrofil ambiya’i wal mursalin, wa’ala alihi wa shohbihi ajma’in, amma ba’du.
Kaping sepindah, monggoh sami-sami ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat lan hidayah ipun, saengga wonten ing dinten ingkang mbahagia punika kita sedaya taksih diparingi kesempatan kangge ngrasakaken nikmat sehat, iman, lan Islam.
Kula minangka sesulih atur saking tuan rumah ngaturaken matur nuwun sanget dhumateng sedaya kerabat lan kanca-kanca ingkang sampun rawuh dhateng teng griya punika. Mugi-mugi keikhlasan lan niat sae kita sedaya kangge silaturahmi saged dipun catet minangka amal sae lan diparingi ganjaran ingkang setimpal saking Allah SWT.
Wonten ing kesempatan punika, kula uga ngajak sedaya sedherek supados saged ngaturaken pangapunten kanthi lapang dada. Mugi-mugi Allah SWT ngapunten dosa lan kalepatan kita sedaya.
Sedherek-sedherek ingkang kula tresnani, silaturahmi gadhah nilai ingkang penting. Pramila, acara niki supados wadah kangge kita sedaya saling nguataken tali persaudaraan. Boten namung kanthi saling ngapunten, nanging uga saling mberi dukungan, saling bertukar pendapat, lan ugi saling ndonga-dinungo.
Agung pangajeng-ajeng kula bilih kabahagiaan ing dinten punika saged lumber dumadi ing dinten-dinten salajengipun, lan tali silaturahmi ingkang kita jaga dumugi sapunika boten naté putus salaminipun.
Mekaten sambutan saking kula. Mugi-mugi ibadah kita sedaya salami wulan Ramadhan dipun tampi dening Allah SWT, lan kita sedaya saged dipun pertemukaken malih kaliyan Ramadhan ing taun-taun salajengipun. Aamiin Allahumma aamiin.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Contoh 3 Pidato Halal Bihalal Bahasa Jawa untuk Lebaran
Berikut ini contoh sambutan acara silaturahmi keluarga bahasa Jawa:Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Sugeng rawuh, sugeng ndherek, lan sugeng riyadi.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, para sedherek sedaya ingkang kula hormati.
Puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun ngumpulaken kita sedaya wonten ing kebersamaan punika. Wonten ing momen Halal Bihalal punika, ayo kita sambut kanthi ati ingkang lapang lan pinuh kasih sayang.
Momen punika ngajak kita kangge ngertosi pentinge ngapunten lan nguataken tali silaturahmi. Ayo kita sambut rawuhipun sanak saudara kanthi senyuman, lan kanthi tangan ingkang terbuka kita ngapunten lan nguataken hubungan ingkang sampun terjalin.
Mugi-mugi silaturahmi ingkang kita bangun dinten punika tansah bersemi lan maringi berkah dhumateng kita sedaya. Ayo kita sami ndonga supados Allah SWT tansah maringi rahmat-Nya dhumateng kita lan keluarga kita.
Matur nuwun sanget dhumateng kehadiran lan doa restu saking sedaya anggota keluarga besar. Mugi-mugi kita sedaya tansah diparingi berkah wonten ing sedaya bab. Amin.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Penulis: Erika Erilia
Editor: Yulaika Ramadhani
Penyelaras: Syamsul Dwi Maarif