Menuju konten utama

5 Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Padat Berbagai Tema

Contoh khutbah Jumat bahasa Jawa singkat padat jelas yang mudah dipahami, penuh hikmah, dan inspiratif untuk meningkatkan keimanan dan takwa umat Islam.

5 Contoh Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Padat Berbagai Tema
Ilustrasi Khutbah Jumat. FOTO/iStockphoto

tirto.id - Khutbah Jumat bahasa Jawa singkat padat lebih mudah dipahami sehingga bisa dijadikan acuan untuk berdakwah. Dengan penyampaian yang singkat, padat, tapi penuh makna, jemaah tidak merasa bosan dan lebih mudah menangkap inti pesan yang disampaikan oleh khatib.

Khutbah merupakan bagian tak terpisahkan dari shalat Jumat. Melalui khutbah, khatib menyampaikan pesan-pesan agama, nasihat, serta pengingat akan pentingnya ketaatan kepada Allah dan Rasul-Nya.

Melalui khutbah, jemaah diharapkan lebih sadar dan bersemangat untuk senantiasa menjaga keimanan, memperbaiki akhlak, dan meningkatkan amal ibadah di dunia.

Dalam praktiknya, khutbah dapat disampaikan dalam bahasa yang dekat dengan masyarakatnya. Di Jawa misalnya, khatib bisa menggunakan bahasa Jawa untuk menyampaikan khutbah agar pesannya lebih mudah dimengerti oleh para jemaah.

Adapun tema yang diangkat dalam khutbah bisa bermacam-macam, mulai dari akidah, ibadah, hingga persoalan sosial yang dihadapi umat. Dengan menyampaikan khutbah yang relevan dan menyentuh kehidupan sehari-hari, jemaah dapat merasakan manfaat langsung dari pesan yang disampaikan.

Bagi Anda yang sedang mencari khutbah Jumat bahasa Jawa singkat padat PDF, di sini akan disajikan contoh teks khutbah berbagai tema yang bisa dijadikan rujukan.

Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Padat Jelas Berbagai Tema

Ilustrasi ceramah di masjid

Ilustrasi Khutbah Jumat. FOTO/iStockphoto

Khutbah Jumat bahasa Jawa singkat padat NU Online kerap dijadikan acuan oleh para khatib untuk menyampaikan pesan agama. Bagi yang ingin berdakwah dalam bahasa Jawa, berikut beberapa contoh teks khutbah Jumat yang singkat:

1. Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Padat: Tingkatkan Iman di Era Modern

Assalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh

Jamaah Jum’ah ingkang minulya, Monggo kita sesarengan tansah nambah syukur lan ningkataken takwa dhumateng Allah SWT. Kanthi nglampahi sedaya dhawuh-dhawuh-Nipun lan nebihi sedaya awisan-awisan-Nipun.

Hadirin ingkang dipun mulyaaken Allah,

Kito gesang wonten ing jaman ingkang sampun majeng sanget, inggih menika era modern. Teknologi lan informasi saget lumebu tanpa wates. Kabar lan macem-macem babagan saged kita tampi saben wekdal.

Nanging, majunipun jaman menika ugi ndadosaken tantangan ageng tumrap iman kita. Godaan dunya, kesenengan sesaat, lan macem-macem paham saget gampil nggodha manah lan pikiran.

Jamaah Jum’ah Rahimakumullah,

Supados iman kita tetep jejeg lan kiyat ngadhepi tantangan modern, wonten pinten-pinten cara ingkang kedah kita lampahi. Kaping sepisan, kuwataken hubungane karo Al-Qur'an lan As-Sunnah, dados sumber pitedah ingkang sejati. Tansah dipun waos, dipun pahami, lan dipun lampahi.

Kaping kalih, sregep anggenipun nindakaken ngibadah wajib lan ngathah-ngathahi ngibadah sunah, kados shalat sunah, poso sunah, lan shadaqah. Ngibadah menika kados isi bensin tumrap ruh kita, supados boten lemes.

Kaping tiga, tansah kempal kaliyan tiyang-tiyang shaleh ingkang saged paring pengeling-eling lan ndadosaken semangat dhumateng kebecikan. Kanthi mekaten, iman kita bakal tansah kajaga, boten gampil kegawa ombakipun jaman. Mugi-mugi kita sedaya dipun paringi kiyat anggenipun njaga iman lan takwa.

Wassalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

2. Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Padat: Menjaga Lisan

Assalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh

Hadirin Jamaah Jum’ah ingkang dipun mulyaaken Allah, Kaping sepisan, monggo kita tansah nglahiraken raos syukur dhumateng Allah SWT, lan ngiyataken takwa kita. Takwa ingkang sejati inggih menika nglampahi dhawuh-dhawuh-Nipun lan nebihi awisan-awisan-Nipun.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,

Lisan menika titipan saking Allah ingkang ageng sanget mupangatipun, nanging ugi ageng bebayanipun. Kanthi lisan, kita saged ngucap syahadat, dzikir, maos Al-Qur'an, dakwah, lan paring pitutur ingkang sae.

Sedaya menika ndadosaken amal jariyah. Nanging, menawi lisan boten dipun jaga, lisan menika ugi saged dados sumberipun karisakan. Kados ghibah (ngerásani), adu-adu (fitnah), ngina, misuh, utawi janji palsu.

Saben tembung ingkang medal saking lisan kita menika kedah dipun timbang, dipun pikir, supados boten ndadosaken dukanipun Allah lan larahing manahipun sesami.

Lisan ingkang boten dijaga menika saget nyèrèt kita dhumateng jurangipun dusa. Mboten namung nglarani tiyang sanès, nanging ugi ngrisak amal ibadah kita. Tiyang ingkang gampil ghibah utawi fitnah, kadosdene tiyang ingkang ngrèsani daging sedherekipun piyambak.

Mila para jamaah ingkang kinurmatan, kulo nyuwun dhumateng panjenengan sedaya supados tansah ngreksa lisan. Awit saking lisan punika saged ndadosaken kabecikan, nanging ugi saged ndadosaken karusakan.

Aja nganti lisan kita nimbali dosa, nanging kedah tansah kapunjeraken tumrap dhawuhipun Gusti Allah lan piwulanging Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mugi Gusti paring kekiyatan dhumateng kita sedaya supados saged njaga lisan, ngucap ingkang sae, sarta adoh saking perkawis ingkang nimbulaken piala.

Wassalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

Ilustrasi Pendakwah

Ilustrasi Khutbah Jumat. FOTO/iStockphoto

3. Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Padat: Kepedulian Sosial

Assalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh

Alhamdulillāh, puji syukur katur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat lan nikmat dhateng kita sedaya. Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, saha dhumateng kulawarga lan para sahabatipun.

Para jamaah ingkang kinurmatan, gesang manungsa punika boten saged piyambakan. Kita sami dipun paringi tanggel jawab kangge ngreksa sesrawungan lan peduli dhumateng tiyang sanes.

Ing ajaran Islam, kepedulian sosial punika dados pratanda iman sing kiyat. Mila kita kedah ngraosaken prihatin lan nulungi sedaya sedherek ingkang mbutuhaken, kados ta fakir miskin, yatim piatu, utawi tangga ingkang kesusahan.

Kepedulian sosial boten namung awujud sedekah arta, nanging ugi saged lumantar tindak laku sae, tembung ingkang nglembutaken ati, saha tulung tinulung saben dinten. Menawi saben muslim saged nglampahi punika, mesthi masyarakat dados rukun, tentrem, lan kebak berkahipun Gusti Allah.

Mula, ayo kita sami ngladosi lan nglampahi ajaran Islam kanthi nyata, dados umat ingkang tansah ngupados kabecikan kangge sesami.

Mugi Gusti Allah paring kekiyatan dhumateng kita sedaya supados tansah peduli lan tulung tinulung dhumateng sesami. Mugi kito dados umat ingkang tansah ngugemi iman, ngudi kabecikan, lan dipun paringi slamet ing donya lan akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.

Wassalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

4. Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Padat: Meneladani Akhlak Rasulullah SAW

Assalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh

Ma’asyiral Muslimin Jamaah Jum’ah ingkang minulya, Monggo kita sareng-sareng ngaturaken syukur dhumateng ngarsa Dalem Allah SWT, alhamdulillah, awit saking sih rahmatipun, kita saged kempal wonten masjid menika kagem nindakaken kewajiban Jumuah.

Salajengipun, sumangga kita tansah ningkataken takwa dhumateng Allah SWT, kanthi nindakaken sedaya perintahipun lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi-mugi kita sedaya pinaringan husnul khatimah.

Para jamaah ingkang kinurmatan, Rasulullah SAW punika panutan sejati tumrap umat Islam. Akhlakipun sae sanget, dados suri tauladan kang sampurna. Kanjeng Nabi tansah andadosaken kejujuran, welas asih, sabar, lan andhap asor minangka pakaryan ing gesang saben dintenipun.

Mboten namung tumrap sederek muslim, nanging Rasulullah ugi tansah welas lan tepa slira dhumateng sedaya umat manungsa. Mula kita minangka umatipun, kedah tansah ngupaya niru lan nglampahi akhlakipun Rasulullah ing urip saben dinten.

Neladani akhlak Rasulullah saged dipunwiwiti saking bab alit, kados ta tansah ngucap tembung sae, nulung tetangga, tepa slira, lan adoh saking pakaryan ingkang nimbulaken piala.

Akhlak ingkang sae punika boten namung maringi manfaat kangge diri piyambak, nanging ugi paring kabecikan tumrap masyarakat lan bangsa. Menawi umat Islam saged nerapaken akhlak Rasulullah kanthi temenan, mesthi gesang kita dados luwih tentrem, rukun, lan pinaringan berkah saking Gusti Allah.

Para jamaah ingkang kinurmatan, mugi Gusti Allah paring kekiyatan dhumateng kita sedaya supados saged niru akhlak Rasulullah SAW kanthi istiqamah. Mugi kita tansah dados umat ingkang dipun tresnani dening Gusti Allah, pinaringan slamet ing donya lan akhirat. Amin ya rabbal ‘alamin.

Wassalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

Ilustrasi Hikayat Puja Puji Rasulullah

Ilustrasi Nama Rasulullah SAW. tirto.id/Sabit

5. Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Padat: Sabar dan Menahan Amarah

Assalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh

Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipun mulyakaken Allah,

Sumangga kula lan panjenengan sedaya tansah netepi takwa dhumateng Allah wonten ing pundi papan. Takwa minangka bekal ingkang paling sae wonten ing alam ndunya dumugi akhirat.

Kula lan panjenengan sedaya kedah ngginakaken wekdal ingkang sekedhik menika kanthi amal shaleh lan amal jariyah. Mugi-mugi, sedaya khutbah menika dados ma’idzatul hasanah lan manfaati kangge kula lan panjenengan sedaya.

Para jamaah ingkang kinurmatan, sabar punika kalebet akhlak mulya ingkang dipun tresnani dening Gusti Allah. Sabar ateges saged ngendhaleni dhiri nalika nemahi ujian, ora grusa-grusu, lan tetep nyandhak iman kanthi teguh.

Gusti Allah sampun maringi janji bilih tiyang ingkang sabar badhe dipun paringi ganjaran tanpa wates. Mila, sabar punika dados kunci tentreming ati saha dalan tumuju ridha Gusti Allah.

Nahan amarah ugi kalebet pratanda iman sing kiyat. Kanjeng Nabi dhawuh bilih tiyang perkasa dudu namung ingkang saged ngalahake liyan, nanging tiyang ingkang saged ngendhaleni amarahipun piyambak.

Amarah ingkang boten dikendhaleni saged ndadosaken rusake sesrawungan, malah nuwuhake dosa. Mila kita kedah sinau nahan amarah, ngucap tembung sae, saha tansah eling dhumateng Gusti Allah nalika emosi nyedhak.

Para jamaah ingkang kinurmatan, mugi Gusti Allah maringi kekiyatan dhumateng kita sedaya supados saged sabar lan tansah ngendhaleni amarah. Mugi kita dados umat ingkang tansah tentrem atine, pinaringan berkah, lan dipun paringi kamulyan ing donya lan akhirat. Aamiin.

Wassalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh

Demikian beberapa contoh teks khutbah Jumat bahasa Jawa singkat padat jelas dengan berbagai tema. Melalui khutbah tersebut, jamaah diharapkan dapat lebih mudah memahami isi pesan dakwah karena disampaikan dengan singkat serta menggunakan bahasa yang akrab dan sederhana.

Sebagai umat Islam, kita pun perlu mengambil hikmah dari setiap pesan yang disampaikan khatib agar semakin menambah keimanan dan memperbaiki akhlak dalam kehidupan sehari-hari.

Butuh referensi lain tentang contoh teks khutbah Jumat dengan berbagai tema? Cek info selengkapnya di tautan berikut ini:

Kumpulan Artikel tentang Khutbah Jumat

Baca juga artikel terkait KHUTBAH JUMAT atau tulisan lainnya dari Erika Erilia

tirto.id - Edusains
Kontributor: Erika Erilia
Penulis: Erika Erilia
Editor: Erika Erilia & Yulaika Ramadhani