Menuju konten utama
Idul Fitri 1 Syawal 1444 H

5 Contoh Teks Sesorah Bahasa Jawa untuk Syawalan

Contoh teks sesorah bahasa Jawa singkat tepat dipakai untuk mengisi kata sambutan acara syawalan. Berikut tersedia contoh sesorah syawalan bahasa Jawa.

5 Contoh Teks Sesorah Bahasa Jawa untuk Syawalan
Ilustrasi keluarga muslim berjabat tangan dan saling memaafkan saat perayaan Idul Fitri. Pada masyarakat Jawa terdapat kegiatan syawalan sebagai acara silaturahi. Dalam pelaksanaanya sering diisi sesorah syawalan bahasa Jawa. tirto.id/elements.envato.com/

tirto.id - Contoh teks sesorah bahasa Jawa bisa dipakai saat ada kegiatan syawalan. Materinya menyesuaikan tema yang hendak diangkat. Bagaimana contoh teks sesorah bahasa Jawa dalam penulisannya?

Sesorah adalah kata dalam bahasa Jawa yang memiliki padanan makna "pidato'. Keseluruhan isi sesorah dibawakan dengan bahasa Jawa. Penggunaan pilihan katanya bisa menggunakan krama inggil atau ngoko andhap dengan memperhatian audiens yang hadir.

Syawalan adalah pertemuan setelah hari raya Idulfitri yang diadakan keluarga besar hingga instansi. Syawalan merupakan tradisi yang umumnya memiliki aktivitas saling bermaaf-maafan, lalu diikuti dengan makan bersama.

Struktur Teks Sesorah Bahasa Jawa

Sesorah syawalan bahasa Jawa memiliki struktur serupa seperti sesorang pada umumnya. Contoh teks sesorah bahasa Jawa beserta strukturnya dapat dibuat dengan panduan urutan berikut ini:

  1. Uluk salam atau salam pembuka
  2. Purwaka basa, yaitu pembuka pidato yang terdiri dari atur pakurmatan, atur puji kepada Tuhan, dan atur panuwun.
  3. Surasa basa, yaitu isi pidato seperti pengarep-arep, pangajak-ajak, dan nyuwun pangapunten
  4. Dudutan, yaitu ringkasan isi dari pidato atau sesorah yang sudah disampaikan
  5. Wasana basa, yaitu ucapan terima kasih dan permintaan maaf kepada audiens
  6. Salam penutup

Contoh Teks Sesorah Bahasa Jawa untuk Syawalan

Contoh teks sesorah bahasa Jawa singkat dapat dipakai untuk memberikan sambutan saat acara Syawalan. Sesorah yang tidak terlalu panjang menghindari rasa bosan pada audiens. Berikut beberapa contoh teks sesorah bahasa Jawa:

Contoh Teks Sesorah Bahasa Jawa Singkat untuk Syawalan 1

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bapak-ibu ingkang kinurmatan...

Sepindah, monggo kita aturaken rasa syukur dhumateng Allah subhanahu wa ta'ala. Kita sedaya sampun diparingi kenikmatan iman, Islam, lan kawarasan saenggo dinten menika saget makempal wonten acara Syawalan.

Salam lan selawat mugi-mugi tansah pinaringan dhumateng Nabi Muhammad shallallahu alaihi wa sallam lan sedaya umat Islam ing dunya ngantos dinten kiamat.

Bapak-ibu ingkang kinurmatan...

Syawalan menika adat utawi tradisi kita sami ing tlatah jawi. Syawalan jangkepi laku ibadah poso ing Ramadhan kala wingi.

Ing mangsa iki, monggo kita sami nyawisake ati kagem nyuwun lan maringi pangapura. Amargi, saben manungsa mesti nate damel kalepatan. Kalepatan menika kadang kala mboten dikersani lan sampun damel anyel ing ati.

Monggo ing dinten menika, kita sami ngapura lan ngikhlasaken. Supados paseduluran kita lestari lan urip kita tansah diparingi berkah.

Mugi-mugi, saking Syawalan menika, kita saged nyenyambung silaturahmi ingkang sae. Lajeng, kita saged nguwatake paseduluran lan nyengkuyung katentreman ing kampung kita. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Teks Sesorah Bahasa Jawa Singkat untuk Syawalan 2

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bapak/Ibu ingkang kawula hormati...

Sedaya puji monggo kita aturaken dhumateng Gudti Allah. Alhamdullah wonten dinten menika, kita sami seget makempal ing acara Syawalan. Mugi kula lan kaliyan penjengan sami, diparingi kewarasan ingkang sae.

Selawat lan salam mugi-mugi tansah pinaringan dhumateng Rasululllah shallallahu alaihi wa sallan kaliyan keluarga, lan umat Islam ngantos dugi dinten pungkasan mangke. Mugi-mugi kita saget pinaringan syafaat saking kanjeng nabi. Amin.

Bapak/Ibu ingkang kawula hormati...

Syawalan mujudaken wiwitan anyar kagem kula lan panjenjengan sami. Wekdal menika kang trep kagem ndandani sesambungan, njagi kerukunan, lan njurung budaya saling ngapura.

Monggo, kita sedaya sami ngapura lan ngikhlasaken. Mugi-mugi Allah paring kita semangat njagi silaturahmi lan kerukukanan dhumateng kita sami.

Mugi-mugi Syawalan menika maringi berkah tumrap kita sedaya. Sak lajengipun, wekdal kula wulakna dhumateng panitia. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Teks Sesorah Bahasa Jawa Singkat untuk Syawalan 3

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kinurmatan para sedulur sedoyo, bapak, ibu, lan sederek...

Sepindah, mangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi nikmat iman, Islam, kesehatan, lan kesempatan. Saéngga, kita sedaya sami saged makempal wontrn acara Syawalan kanthi ati suka cita.

Syawalan menika tradhisi ingkang kawiwitan saking jaman para leluhur kita. Wektu Syawalan, kita makempal, silaturahmi, lajeng nywun pangapunten sesarengan.

Kita sampun nglakoni pasa Ramadhan. Pasa menika ora mung nahan luwe lan ngelak, nanging uga nglatih sabar, narima, lan ngiyatake iman. Sawise suwulan latihan, mlebete wulan Syawal dados wekda ingkang pas kanggé reresik ati, nyuwun pangapura, lan menehi pangapura.

Syawalan mboten namung adat biasa, nanging nggambarake ajining urip bebarengan. Silaturahmi menika saget nglestarekake hubungan sae antarane kulawarga, pepadha, lan masyarakat.

Wonten kasempatan menika, kula pribadi ugi nyuwun pangapunten ing sedaya lepat, sengaja utawi boten. Mugi-mugi wonten ing dinten menika, kita saged nuladha sifat legawa, rukun, la memetri katresnan.

Ingkang pungkasan, mugi kita sedaya diparingi berkah, sehat, lan kabegjan. Matur nuwun, lan mugi-mugi Allah tansah maringi ridha lan berkah dhumateng kita sedaya. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Contoh Teks Sesorah Syawalan Bahasa Jawa 4

Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabbarakatuh

Ingkang kawulo hormati, Bapak/Ibu lan hadirin sedoyo

Sadereng mlebet dhumateng adicara inti, sumangga kita sesarengan sami ngucapaken puji lan raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT.

Kaping kalihipun mugi-mugi sedaya sholawat saha salam taksih katur dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.

Para rawuh ingkang tansah dipuntresnani Gusti Allah, ing dinten punika, ing kalodhangan ingkang bingah salebeting manah, tepangaken punika kula badhe ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan ingkang rawuh wonten adicara halalbihalal menika.

Salajengipun kula badhe ngucapaken sugeng riyadi, mugi-mugi ing dinten ingkang suci punika sedaya kalepatan kula dalah panjenengan sedaya tansah dipunapura dening Gusti Allah.

Kita sedaya saged mangertosi bilih halalbihalal punika saged dados sarana kagem ngempalaken balung-balung sempal, saengga kita mboten ngantos kepaten obor ingkang njalari kita kecalan sanak kadang.

Para rawuh ugi para sedherek ingkang kula tresnani, adicara syawalan menika kita bakal ngapura-ingapura dumateng liyan. Supados sedaya dosa lan kalepatan kita saged dipunapunten dening Allah SWT. Amin yaa robbal alamin.

Para rawuh ingkang tansah kinurmatan sarta dipun tresnani dening Gusti Allah, wonten paribasan ingkang ngandharaken bilih memitran punika menika saged nambah panjangipun yuswa.

Mugya kanthi adicara punika sageda nyambung tali memitran ugi paseduluran ing nate renggang dados rumaket malih.

Kanthi sambungipun tali memitran ugi paseduluran mugi saged dados sarana tumrap kita nggayuh sedaya kabecikan sarta tebih saking sedaya godha sarta coba.

Pungkasanipun atur, kula minangka ketua panitia ngajab supados adicara ing dinten punika saged lumampah kanthi lancar wiwit purwa dumugi paripurna.

Mugia adicara dinten punika saged migunani sarta paring kabecikan tumrap kita sedaya. Salajengipun kanthi adicara punika kita saged nglebur sedaya kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja ing dinten ingkang minulya punika.

Saderengipun kula pungkasi, menawi wonten tata lampah ugi tata wicara kula ingkang kirang mranani dhumateng manahipun panjeneng, estu kula nyuwun samudraning pangaksami.

Akhirukalam wabillahi taufik walhidayah,

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Teks Sesorah Syawalan Bahasa Jawa 5

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kawulo hormati, Bapak/Ibu lan hadirin sedoyo...

Langkung rumiyin mangga kita sesarengan muji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, amargi kanthi rahmat lan hidayahipun kita sedaya saged makempal wonten ing adicara halal bihalal kanthi sehat wal afiat.

Shalawat saha salam taksih katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sampun paring syafaat dumateng kita sedaya, saengga kita saged makempal wonten ing adicara syawalan ingkang bingah punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan, wonten ing kalodhangan ingkang bingah punika kula ngaturaken agunging panuwun awit saking rawuh panjenengan sedaya wonten ing adicara halal bihalal menika.

Kita sedaya saged mangertosi halal bihalal menika penting sanget kangge mujudaken kebersamaan, gotong royong, saling memaafkan.

Acara halal bihalal menika dipun isi kanthi saling ngapura supados sedaya dosa lan kalepatan kita saged dipun ngapunten dening Allah SWT, amin ya rabbal alamin.

Mugi-mugi acara dinten punika saged migunani kita sedaya. Mugi-mugi kanthi adicara menika kita sedaya saged saling ngapunten dumateng kalepatan ingkang alit utawi ageng, ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja.

Menawi wonten lepat kula nyuwun pangapunten. Wabillahi taufik walhidayah.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Baca juga artikel terkait EDUKASI DAN AGAMA atau tulisan lainnya dari Iswara N Raditya

tirto.id - Edusains
Penulis: Iswara N Raditya
Editor: Addi M Idhom
Penyelaras: Ilham Choirul Anwar & Ilham Choirul Anwar