Menuju konten utama

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 1 dan Kunci Jawaban

Contoh soal PTS Bahasa Jawa kelas 9 SMP semester 1 berisi latihan soal, yang merupakan salah satu stretegi persiapan menjelang PTS. Berikut selengkapnya.

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 1 dan Kunci Jawaban
5.348 siswa Sekolah Menengah Pertama dan sederajat di Kota Ambon mengikuti ujian sekolah yang dilaksanakan 11- 14 April 2023. ANTARA/ Penina F Mayaut.

tirto.id - Contoh soal PTS Bahasa Jawa dalam artikel ini bisa dijadikan latihan untuk menghadapi PTS semester 1 siswa kelas 9 SMP. Latihan soal merupakan salah satu stretegi persiapan menjelang PTS.

Melalui latihan soal, diharapkan siswa dapat memperkirakan pola soal yang keluar sekaligus berlatih manajemen waktu. Hasil dari latihan soal bisa dijadikan sebagai parameter evaluasi penguasaan materi.

Pelaksanaan PTS berperan untuk menguji penguasan materi yang telah dipelajari siswa selama setengah semester. Beberapa mata pelajaran yang akan diujikan di antaranya: Bahasa Indonesia, Matematika, Seni Budaya, PJOK, Ekonomi, PKN, Prakarya, PAI, dan Bahasa Jawa.

Mata pelajaran Bahasa Jawa termasuk dalam kelompok mata pelajaran muatan lokal (mulok). Secara umum, materi Bahasa Jawa berisi aspek kebahasaan bahasa Jawa dan kebudayaan Jawa.

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 1 dan Kunci Jawaban

Latihan soal dapat menjadi salah satu upaya memantapkan penguasaan materi sebelum pelaksanaan PTS. Siswa bisa mengerjakan latihan soal, baik secara mandiri maupun dengan didampingi guru. Berikut soal PTS Bahasa Jawa kelas 9 semester 1 lengkap dengan kunci jawabannya.

Wacanen kang premati (kanggo pitakon nomor 1 – 7)!

Nuju ari pasewakan Prabu Ramawijaya lenggah siniwaka kaadhep ingkang rayi Raden Laksmana Widagda, Narpati Sugriwa, lan sawetara bala wanara. Kang rinembug murcane Dewi Sinta. Miturut palapurane Jatayu, Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing Negara Ngalengka. Narpati Sugriwa kagungan atur becike nglurug perang ngrebut Dewi Sinta. Raden Laksmana darbe panemu, becike ditakyinake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka.

Prabu Ramawijaya nyarujuki apa kang dadi ature Raden Laskmana. Prabu Rama milih Kapi Anoman kang kinarya dutane. Prabu Rama nuli paring sesupe sotya ludira minangka tandha yen Anoman dutaning sang nata. Yen nyata Dewi Sinta ing Ngalengka, Anoman kadhawuhan matur yen Prabu Rama tansah raharja lan Prabu Rama bakal ngrebut Dewi Sinta saka Prabu Dasamuka.

1. Pethikan crita wayang Ramayana ing dhuwur kajupuk saka crita lakon ....

A. Anoman Obong

B. Anoman Duta

C. Sinta kadhusta

D. Rama lan Sinta

Jawaban: B

2. Kang rinembug ing pasewakan yaiku ....

A. palapurane Resi Jatayu

B. ature Narpati Sugriwa

C. panemune Raden Laksmana

D. ilange Dewi Sinta

Jawaban: D

3. Inti sarine paragraf siji yaiku ....

A. Jatayu atur palapuran manawa kang ndhusta Dewi Sinta yaiku Prabu Dasamuka

B. Prabu Ramawijaya kaadhep dening Raden Laksmana Widagda, Narpti Sugriwa, lan sawetara bala wanara.

C. Prabu Ramawijaya nyarujuki supaya ditakyinake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka.

D. Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing negara Ngalengka.

Jawaban: D

4. Andharan ing ngisor iki kang jumbuh karo isine wacan ing dhuwur yaiku ....

A. Anoman diutus merangi raja yaksa Negara Ngalengka.

B. Anoman diutus nakyinake kaanane Dewi Sinta.

C. Anoman diutus ngrangket wadya bala raseksa.

D. Prabu Rama milih Kapi Anoman minangka senopati.

Jawaban: B

5. Miturut palapurane Jatayu, Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing Negara Ngalengka. Tembung yaksa tegese padha ing ngisor iki, kajaba ....

A. raseksa

B. denawa

C. wanara

D. buta

Jawaban: C

6. Ingkang dados dutaning Sang Prabu Ramawijaya inggih menika ....

A. Anila

B. Anoman

C. Anggoda

D. Subali

Jawaban: B

7. Anoman ngaturake sesupe Sotya Ludira marang Dewi Sinta, sotya iku ....

A. ali-ali

B. kalung

C. gelang

D. inten

Jawaban: D

8. Piwulang luhur kang bisa kapethik munggwing Anoman yaiku ....

A. antenge pribadi

B. setyane marang guru

C. sentosa ing tekad

D. pintere tumindake

Jawaban: C

9. Pratelan ing ngisor iki sing bener yaiku ....

A. Ramawijaya rayine Raden Lesmana

B. Dasamuka kadhustha Dewi Sinta

C. Anoman iku wujude kethek putih.

D. Wibisana iku adhine Ramawijaya.

Jawaban: C

Wacanen kang premati (kanggo pitakon nomor 10 - 12)!

Ing tengahing samodra ana buta arane Wil Kathaksini, pagaweyane njaga praja Ngalengka. Kasektene bisa nyerot apa wae mlebu wadhuke. Wil Kathaksini ngerti ing dirgantara katon kethap-kethip putih memplak. Amarga cubriya kang katon nuli kaserot mlebu wadhuke. Anoman kaserot mlebu ing wadhuke Wil Kathaksini. Ing jero wadhuk Anoman polah ora karuwan, mula banjur diuntahake. Dadi perang rame Anoman mungsuh Wil Kathaksini. Wekasane Wil Kathaksini tanpa daya mungsuh Anoman. Anoman sigra mbacutake lakune

10. Bakuning rembug paragraf ing ndhuwur yaiku....

A. Wil Kathaksini pagaweyane njaga Ngalengka.

B. Perange Wil Kathaksini mungsuh karo Anoman.

C. Wil Kathaksini ngerti Anoman ing dirgantara

D. Wil Kathaksini sekti bisa nyerot ing wadhuk.

Jawaban: B

11. Kasektene bisa nyerot apa wae mlebu wadhuke, wadhuk tegese ....

A. blumbang

B. tandhon

C. weteng

D. sendhang

Jawaban: C

12. Wil Kathaksini ngerti ing .... katon kethap- kethip putih memplak.

A. dirgantara

B. samodra

C. dhandhaka

D. Ngalengka

Jawaban: A

13. Sing ngemu cangkriman wancahan yaiku ....

A. Sega sakepel dirubung tinggi

B. Pitik walik saba meja

C. Wit adhikih woh adhakah

D. Wiwa wite lesbodhonge.

Jawaban: D

14. Sing dudu cangkriman yaiku ....

A. Ana bakul dhawet dikeroki

B. Ana bakul krambil dikepruki

C. Ana bakul pitik ditaleni

D. Ana bakul mbako diambungi

Jawaban: D

Asmaradana

Sun lali lali tan lali,

sun lelipur saya brangta,

gembili gung wohing tawang,

gedebugan wak ing tawang,

jenang gamping reca kayu,

dalenjet nggoleki ndika.

15. Cangkriman ing tembang dhuwur yaiku ....

A. sun lali lali tan lali

B. sun lelipur saya brangta

C. gembili gung wohing tawang

D. gedebugan wak ing tawang

Jawaban: C

16. Jenang gamping reca kayu. Batangane cangkriman iki ....

A. injet, golekan

B. dalenjet nggoleki dina

C. pijet, golekan

D. mijet, nggoleki

Jawaban: A

17. Jangan gori nganti judheg nggonku mikir. Cangkriman iki batangane ....

A. pikir

B. mikir

C. judheg

D. gudheg

Jawaban: D

18. Ngasah arit, nganti landhep. Parikan iki isine ....

A. Dadi siswa kudu wasis

B. Dadi murid kudu wasis

C. Dadi murid kudu pinter

D. Dadi murid kudu sregep

Jawaban: D

19. Wajik klethik gula Jawa

A. luwih seneng, sing prasaja

B. luwih becik, sing prasaja

C. prasaja iku, luwih becik

D. becik banget, sing prasaja

Jawaban: B

20. Dahat mudha ing batine, tegese ....

A. enom banget wis pinter

B. pinter banget ing batine

C. bodho banget ing batine

D. sabar banget ing batine

Jawaban: C

Soal Esai

1. Tegesana tembung-tembung ing ngisor iki nuli gawenen ukara!

a.ngungun

b.dutane

Jawaban:

a. ngungun = gumun

Raden Anoman banget ngungun marang kasetyane Dewi Sinta.

b. dutane = utusane

Raden Anoman minangka dutane Prabu Ramawijaya.

2. Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen ukara nganggo unggah- ungguh krama alus!

a.dipunparingi

b.dipuncaosi

Jawaban:

a. dipunparingi

Kula dipunparingi arta simbah kangge tumbas buku.

b. dipuncaosi

Pakdhe dipuncaosi angsal-angsal ibu saking Tawangmangu.

3. Witing klapa, jawata ing ngarcapada.

Salugune, wong sinau aja sembrana.

Wangsalan ing dhuwur iki golekana : cangkrimane, batangan lan tebusane!

a.cangkriman

b.batangan

c.tebusan

Jawaban:

a. cangkriman: -witing klapa,

-jawata ing ngarcapada

b. batangan: glugu , semar

c. tebusan: salugune, aja sembrana

4. Sebutna paugerane tembang macapat Dhandhanggula!

Jawaban:

a. gatra: 10

b. guru wilangan: 10,10,8,7,9,7,6,8,12,7

c. guru lagu: i, a, e, u, i ,a, u, a, i, a

5. Ngasah arit, nganti landhep. Parikan iki isine ....

Jawaban:

Dadi murid kudu sregep

Baca juga artikel terkait CONTOH SOAL atau tulisan lainnya dari Nurul Azizah

tirto.id - Pendidikan
Kontributor: Nurul Azizah
Penulis: Nurul Azizah
Editor: Yulaika Ramadhani